Friday, February 2, 2018

BAHAN PENDADARAN

NDADARA BADANMU

“Mulane saben wong ndadara awake dhewe, lan sawise mangkono lagi mangan roti lan ngombe  ing tuwung iku” (1 Kor 11:28).

Pasamuwan ingkang kinasih
Bujono Suci punika minangka sarana manembah dhateng Gusti ingkang maujud  ing salebeting sami kembul bujono sacara prasaja. Salebeting kembul bujono punika para murid sami sami mbage roti lan toya anggur ngenget-enget Gustinipun ingkang seda sinalib sarta ngriyaya sesambetan ingkang kabangun saking prajanjian enggal sesarengan kaliyan Gusti Allah. (J.I. Packer, Concise Theology: A Guide to Historic Christian Beliefs). Wiwit para murid lan pasamuwan wiwitan, tumindaking kembul bujono punika tansah katindakaken kanthi manah ingkang wening lan bingah awit para murid lan pandherekipun sami ngraosaken berkah patunggilanipun Gusti kaliyan umatipun.
Saben-saben nalikanipun pasamuwan sami ngawontenaken bujono, sami kedah kacawisaken kanthi estu supados mboten dados sandungan ing dirinipun lan pasamuwan sedayanipun minangka brayating Allah. Perkawis punika minangka pepenget ingkang baken awit Rasul Paulus piyambak ingkang ngengetaken ing ayat 27 “Dadi sing sapa kanthi sawiyah-wiyah anggone mangan roti sarta gombe ing tuwunge Gusti, iku dosa marang sarira lan rahe Gusti.” Pepengetipun Rasul Paulus nalika semanten kalairaken awit ing satengahing pasamuwan wonten sawetawis perkawis ingkang njalari kuceming asmanipun Gusti, kadosdene:
Ingkang sepisan, kaserat ing ayat 18 “…….samangsa kowe padha masamuwan, ing antaramu ana pasulayan,…..”
Ingkang kaping kalih,  kaserat ing ayat 20-21 “Manawa kowe padha masamuwan iku ora nedya mangan bujanane Gusti. Sabab nalikane padha kembul mangan iku, saben wong ndhisiki njupuk pangane dhewe, satemah kang siji kaluwen, sijine mendhem”.
Mila lumantar perkawis punika, salajengipun Rasul Paulus ngengetaken kanthi sanget, supados sakderengipun kembul bujono mengeti pangurbananipun Gusti Yesus, saben tiyang kedah ndadar dirinipun piyambak “Mulane saben wong ndadara awake dhewe, lan sawise mangkono lagi mangan roti lan ngombe  ing tuwung iku”  Punapa kersanipun Rasul Paulus, supados pasamuwan sami ndadar dirinipun piyambak?
Pasamuwan ingkang kinasih
Bujono suci punika minangka lambang (gambar) babaring prasetyan lan pakaryanipun Gusti Allah ingkang utami ing gesanging pasamuwan. Bujono suci punika mboten namung perkawis ibadah lan ritualipun ibadah lan ugi mboten namung sesambetan kaliyan pranataning ibadah. Ananging bujono suci punika ugi sesambetan kaliyan gesanging pasamuwan sacara nyata. John Calvin nate ngandika bilih satunggaling pigunanipun nampi bujono suci inggih punika supados “kita sami nunggil lan gesang langkung malih ing Sang Kristus lan supados Panjenenganipun ugi gesang lan nunggil ing gesang kita.”
Pramila, saben tiyang ingkang badhe nampi bujono suci kedah ndadar ingkang ateges neter (nguji) diri pribadi, “Punapa kula pantes nampi pakaryanipun Gusti ingkang agung ing gesang kula?; punapa kula sampun kanthi estu nggetuni dosa lan lampahing dosa ingkang kalamangsanipun kula lampahi ing gesang?”, “punapa kula sampun njagi lan nglairaken gesang ingkang cundhuk kaliyan kersanipun Gusti?” lan sakpiturutipun.
Awit saking punika sumangga sesarengan sakderengipun kita sami badhe kembul bujono, kita cawisaken manah lan pangangen-angen kita kanthi estu. Sumangga kita sami ndadar diri kita piyambak-piyambak, punapa kita sampun gesang manut kersanipun Gusti lan sampun cundhuk kaliyan kersanipun Gusti?

No comments:

Post a Comment