Sunday, May 26, 2019

AJA MELANG-MELANG


YOKANAN 14:1-6

Melang-melang utawi sumelang (kuwatir) satunggaling raos ingkang kadangkala jumedul ing pangangen-angening manungsa. Raos melang-melang biasanipun jumedul amargi kita ngangen-angen perkawis ingkang dereng cetha lan ingkang badhe kelampahan nanging sampun nampi kabaripun sakpunika. Umpaminipun sumelang menawi mboten lulus ujian, sumelang menawi sakitipun mboten saged saras malih, sumelang menawi Indonesia bubrah, lsp.
Punapa jalaranipun tuwuh raos sumelang? Asring kita mirengaken tembung amargi “gawan bayi”, wiwit alit sampun nedahaken raos sumelang;wonten ingkang amargi tansah mboten nyakin dhateng dirinipun piyambak, wonten ingkang amargi kirang persiapan (pecawisan), wonten ingkang amargi asring “kebentus-kebentus” perkawis lajeng tuwuh pitakenan, “lha nek ngene terus sesuk banjur kepriye….”; lsp.
Kanthi mekaten kita kedah ngrumaosi lan ngakeni bilih raos sumelang utawi melang-melang punika peranganing gesang kita, ingkang baken kadospundhi caranipun supados raos melang-melang mboten jalari kita kepambeng lan lajeng mboten pitados dhateng pangrimat lan prasetyanipun Gusti.
Gusti Yesus paring pangandika (ayat 1) “Atimu aja melang-melang; padha kumandela ing Allah, iya kumandela ing Aku uga” kanthi pangandika mekaten, kita saged mangertos punapa ingkang dipungalih lan werdining pangandikanipun Gusti Yesus dhateng para murid nalika semanten. Para murid sami tuwuh raos sumelang amargi Gusti Yesus badhe nilar para murid, malah Gusti Yesus mboten kanthi gamblang ngandikakaken wonten ing pundhi papanipun panjenenganipun nilar para murid (ayat 36-38). Gusti Yesus ugi pirsa punapa ingkang badhe dipun adhepi dening para murid nalika nindakaken pakaryanipun Gusti dhateng jagad. Mila Panjenenganipun ngandika “Atimu aja melang-melang…..”  Gusti Yesus dhawuh supados sampun ngantos sumelang ananging ingkang perlu katindakaken namung setunggal inggih punika ”kumandela ing Allah, iya kumandela ing Aku uga”
Kinten-kinten punapa kanthi kumandhel dhateng Gusti Allah lan dhateng Gusti Yesus punika sampun cekap? Tumrap tiyang ingkang saestu pitados lan mitadosaken gesangipun dhateng Gusti Yesus minangka Juruwilujengipun, kedahipun sampun cekap, kenging punapa mekaten?
Amargi Gusti Yesus sampun ngandikakaken ing ayat salajengipun, inggih punika, ingkang sepisan, Gusti Allah ingkang sinebat Rama dening Gusti Yesus punika Rama ingkang kagungan papan ingkang dados papan pungkasaning gesang saben tiyang pitados. Papan ingkang Sang Rama piyambak mranata ing gesang kalanggengan (kados ingkang kaserat ing Kitab Wahyu 4:3, 9). Saestu namung  Gusti Allah ingkang sinebat Rama ingkang kagungan panguwaos ing jagad punika lan gesang kalanggengan.
 Ingkang kaping kalih, kados ingkang sinerat ing ayat 6 “….Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan  kauripan. Ora ono wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, Manawa ora metu ing Aku” Wangsulan punika wiwitanipun kapangandikakaken dhateng Thomas, ingkang nyuwun pirsa dhateng Gusti Yesus marginipun tumuju ing Sang Rama. Menawi wonten ingkang taken dhateng kita : “menawi badhe teng kitha Sragen….marginipun pundhi nggih?” Mesthi kita badhe mangsuli: panjenengan lewat joglo rumiyin lajeng saged nganan medal gemolong utawi lurus medhal mojosongo…..”
Ananging Gusti Yesus mboten mekaten, Panjenenganipun mboten maringi pitedah miturut pitedahipun manungsa, ananging panjenenganipun ngandikaken; ngetut-a Aku, Aku ngerti dalane, amarga ya Aku iki dalane; menawa kowe tetep percaya lan ora mlaku neng dalanmu dhewe nanging mlaku ing pitedahKu mesthi tekan daleme Sang Rama. Kanthi tembung sanes, sedaya ingkang sampun katedahaken lumantar tuladhanipun, piwulangipun lan pakaryan kawilujengan ingkang katindakaken ngantos seda sinalib punika marginipun tiyang pitados tumuju Sang Rama. Kita sami kasuwun sami nuladha lan nindakaken dhawuhipun Gusti minangka margi dhateng daleme Sang Rama.
Mila saben umat kagunganipun Gusti Yesus kedah saged nedahaken pitadosipun kanthi tegen mboten gampil kablidug ing panggodhaning jagad supados mboten gampil melang-melang, semanten ugi kedah saged nulad lan nindakaken sedaya pakaryanipun Gusti supados gesang ing kayekten lan nampi makthunaning gesang.
Sesambetan kaliyan timbalanipun Gusti marek ing mejaning pambujanan, kita sami mboten namung bab nedha sesarengan lan mengeti pangurbananipun Gusti, ananging ugi ngiyataken manah kita saha gesang miturut marginipun Gusti Yesus. Nuladha sedaya ingkang sampun katindakaken dening Panjenenganipun dhateng kita.
Awit saking punika sumangga, nalika wekdal cecawis punapa dene saksampunipun nampi Sakramen Bujono, kita sami nedahaken gesang ingkang manteb ing pitados lan miturut kersanipun Gusti. Temah kita tansah ngraosaken manah ingkang ayem (mboten melang-melang) lan ing tembenipun gesang sesarengan kaliyan Sang Rama ing Suwarga. Amin.