Tuesday, March 17, 2020

WABAH CORONA LAN PANAMPI KITA

Firman : Lukas 21:5-18
      Wekdal punika sesarengan kita badhe mawas diri kanthi nggatosaken pangandikanipun Gusti ingkang kula pendhetaken saking Injil Lukas 21:7-18 (Kawaos) dene ayat nats kula pendhetaken saking ayat 10 lan 11 (kawaos).
Para sedulur, dinten-dinten punika kita sami nampi pawartos saking TV, Media Sosial, internet lan sanes-sanesipun sesambetan kaliyan Virus Corona. Mboten namung sepisan, ananging saben dinten lan kanthi jumlah ingkang matikhel-tikhel cacahipun. 

Virus punika kapanggihaken wiwit ing kitha Wuhan-China pungkasan wulan desember 2019 lan sakpunika sampun sumebar ing saperangan ageng negari-negari ing donya punika kalaebet ing Indonesia. Malah kabar bab COVID-19 ngantos sepriki kacathet ing worldometer.com ingkang pejah sampun ngancik cacah 13,071 ewu langkung tiyang ing dinten Minggu tgl 20 maret 2020 jam 17.50 WIB.
Severe acute respiratory syndrome coronavirus 2 (SARS-CoV-2) punika virus ingkang nyerang sistem pernapasan. Penyakit amargi infeksi virus punika dening WHO sinebat COVID-19. Virus Corona punika njalari gangguan ing sistem pernapasan, pneumonia (radang paru-paru) akut, ngantos pejah. Virus punika saged nyerang sinten kemawon, wiwit bayi, lare, tiyang dewasa, para ibu ingkang ngandheg ngantos adiyuswa.

Saben kita saged katularan dening Covid-19 kanthi maneka werni cara inggih punika:
  • Tanpa sengaja kalebetan saking idunipun (ludah) tiyang sakit covid-19 ingkang nembe wahing utawi nalika watuk.
  • Nyekel lambe utawi irung tanpa wijik langkung rumiyin saksampunipun nyekel barang ingkang sampun kecipratan idunipun tiyang ingkang sakit COVID-19
  • Aben ajeng langsung lan celak kaliyan tiyang ingkang kenging COVID-19 umpaminipun salaman, ngambung pipi kiwa tengen, ngrangkul, lsp.

Awit perkawis punika, sawetawis negari kadosdene Filipina, China, Italia ngantos Denmark nutup negarinipun utawi ingkang sinebat Lock Down. Dene ing Indonesia, Presiden Joko widodo ngandikakaken dereng badhe ngawontenaken Lock Down, ananging nembe ngirangi kegiatan masyarakatipun mirungganipun ingkang kithanipun sampun wonten ingkang kenging penyakit Covid-19. Sedaya sami kaliburaken.
Amargi kawontenan ingkang mekaten punika, malah amargi kathahipun pawartos ingkang sesambetan perkawis Covid punika kathah tiyang ingkang sami ajrih, kuwatos, panik malah parno utawi paranoid ajrih kelangkung-langkung, mbokbilih kelebet kita ugi.
Para sedulur
Lajeng kadospundhi kita ngadhepi virus Covid-19 ingkang sampun sumeber ing jagad punika?

Ingkang sepisan, temtu kedah manut instruksi Lembaga Kesehatan dadosa WHO punapadene pamerintah ingkang sampun maringi cara-cara kadospundhi kita ngadhepi punika supados kita mboten gampil ketularan Virus Copid-19.

Ingkang kaping kalih, sambet ingkang kacariyosaken ing kitab Suci awit bab wabah penyakit sampun kaweca dening Gusti Yesus, badhe wonten ganti gumanti ing gesanging tiyang ing jaman akhir. Kados ingkang kaserat ing ayat 10-11 “Panjenengane banjur ngandika marang wong-wong mau: “Bakal ana bangsa kang nglawan padha bangsa, Karajan nglawan padha Karajan, lan bakal ana lindhu kang nggegirisi sarta ing kana kene bakal ana pageblug pes lan pailan, apadene bakal kalakon uga ana bab-bab kang ngagetake tuwin ilapat-ilapat kang nggegirisi saka ing langit.” Lukas 21:11 (BIS)  “di mana-mana akan terjadi gempa bumi yang hebat, bahaya kelaparan dan wabah penyakit.” Tegesipun perkawis wontenipun pageblug pes sampun kawartosaken dening Gusti Yesus dhumateng para murid nalika semanten kelebet kula lan panjenengan. Kita sampun nampi wartos lan kita sampun nampi kawontenan punika. Kanthi mekaten, menawi kita sampun nampi wartosipun mboten perlu gumunan lan kagetan kadosdene tiyang ingkang babar blas dereng mangertos.
Namung amargi kita sakpunika gesang ing jaman ingkang majeng lan canggih; punapa malih kita mboten asring maos pangandikanipun Gusti amargi ingkang kita cepeng namung HP lan njingglengi Medsos mila kadangkala kita lajeng kesupen pawartosipun Gusti Yesus. Temah panampi kita mboten wonten bedanipun kaliyan sanesipun. Ingkang ajrih, kuwatos, paranoid ajrih ingkang kalangkung-langkung.

Lajeng kadospundhi supados kita mboten sami kadosdene tiyang sanesipun? Kula mendhet ayat ingkang pungkasan ing bab punika, inggih punika ing ayat 19
  • “Manawa kowe padha tetep mantep, kowe bakal padha nampani uripmu”
  • terjemahan sederhana Bhs Ind. “Dengan tetap bertahan dalam kesusahan itu, maka kalian akan memperoleh hidup yang selama-lamanya.”
  • Versi Mudah Dibaca “Kamu akan menyelamatkan dirimu sendiri dengan tetap kuat di dalam imanmu melalui semua hal itu”

Tembung tetep mantep ing bausastra nggadahi teges 1) kukuh lan setya marang pasuwitan (panemu, lsp), 2) Wis tetep temenan, kc. Antep. Tembung punika ngengetaken dhateng kita bilih satunggaling cara ngadhepi virus covid-19 lan nampi pawartos ingkang kelangkung kathah inggih punika tetep mantep ing pitados lan keyakinan diri. Mantep ing pitados lan keyakinan diri punika satunggaling sikap ingkang positif ing gesang. Miturut penelitian ing Universitas Queensland dhateng saperangan tiyang dewasa ingkang umuripun 65-90 tahun. Manggihaken bilih Sikap positif nuwuhaken system kekebalan tubuh ingkang njalari gesang langkung panjang. Penelitian ingkang katindakaken watawis kalih tahun manggihaken bilih tiyang ingkang remen menggalih perkawis-perkawis ingkang sae lan maedahi (positif) langkung kiyat imunitas (system kekebalan tubuh) badanipun. Caranipun tiyang ingkang kateliti kasuwun nyawang sawetawis foto ingkang sae lan ingkang ala. Lajeng kasuwun ngenget-enget foto sepisanan ingkang dipunremeni. Nalika ngenget-enget punika,  fungsi kekebalan tubuh punika dipun ukur kaliyan piranti kangge ngukur tes darah.
"Peserta yang lebih banyak melihat gambar atau foto positif ketimbang negatif memiliki antibodi dalam darah yang menunjukkan sistem kekebalan tubuh mereka lebih kuat dibanding rekan-rekan mereka yang negatif," mekaten ingkang kaaturaken dening peneliti utama, Dr Elise Kalokerinos.
Kanthi mekaten, saben kita kedah budidaya mbangun diri ing sikap ingkang positif. Mantep ing pitados lan gesang badhe maedahi ing samudayanipun. Kados ingkang ingkang kapangandikaken dening Gusti Yesus “Manawa kowe padha tetep mantep, kowe bakal padha nampani uripmu”. Mugi kita tansah kasagedaken nglairaken manteping pitados lan keyakinan diri temah tansah kakiyataken ing sawernining perkawis ingkang kita adhepi. Gusti mberkahi. Amin.