Firman : Lukas
21:5-18
Wekdal punika sesarengan kita badhe mawas diri kanthi nggatosaken pangandikanipun Gusti ingkang kula pendhetaken saking Injil Lukas
21:7-18 (Kawaos) dene ayat nats kula pendhetaken saking ayat 10 lan 11
(kawaos).
Para sedulur, dinten-dinten punika kita sami nampi
pawartos saking TV, Media Sosial, internet lan sanes-sanesipun sesambetan kaliyan Virus
Corona. Mboten namung sepisan, ananging saben dinten lan kanthi jumlah ingkang
matikhel-tikhel cacahipun.
Virus punika kapanggihaken wiwit ing kitha
Wuhan-China pungkasan wulan desember 2019 lan sakpunika sampun sumebar ing
saperangan ageng negari-negari ing donya punika kalaebet ing Indonesia. Malah kabar
bab COVID-19 ngantos sepriki kacathet ing worldometer.com ingkang pejah sampun ngancik cacah 13,071 ewu langkung tiyang ing dinten Minggu tgl 20 maret 2020 jam 17.50 WIB.
Severe acute respiratory syndrome coronavirus 2
(SARS-CoV-2) punika virus ingkang nyerang sistem pernapasan. Penyakit amargi
infeksi virus punika dening WHO sinebat COVID-19. Virus Corona punika njalari gangguan
ing sistem pernapasan, pneumonia (radang paru-paru) akut, ngantos pejah. Virus punika
saged nyerang sinten kemawon, wiwit bayi, lare, tiyang dewasa, para ibu ingkang
ngandheg ngantos adiyuswa.
Saben kita saged katularan dening Covid-19 kanthi
maneka werni cara inggih punika:
- Tanpa sengaja kalebetan saking idunipun (ludah) tiyang sakit covid-19 ingkang nembe wahing utawi nalika watuk.
- Nyekel lambe utawi irung tanpa wijik langkung rumiyin saksampunipun nyekel barang ingkang sampun kecipratan idunipun tiyang ingkang sakit COVID-19
- Aben ajeng langsung lan celak kaliyan tiyang ingkang kenging COVID-19 umpaminipun salaman, ngambung pipi kiwa tengen, ngrangkul, lsp.
Awit perkawis punika, sawetawis negari kadosdene
Filipina, China, Italia ngantos Denmark nutup negarinipun utawi ingkang sinebat
Lock Down. Dene ing Indonesia, Presiden Joko widodo ngandikakaken dereng badhe
ngawontenaken Lock Down, ananging nembe ngirangi kegiatan masyarakatipun mirungganipun
ingkang kithanipun sampun wonten ingkang kenging penyakit Covid-19. Sedaya sami
kaliburaken.
Amargi kawontenan ingkang mekaten punika, malah
amargi kathahipun pawartos ingkang sesambetan perkawis Covid punika kathah
tiyang ingkang sami ajrih, kuwatos, panik malah parno utawi paranoid ajrih
kelangkung-langkung, mbokbilih kelebet kita ugi.
Para sedulur
Lajeng kadospundhi kita ngadhepi virus Covid-19
ingkang sampun sumeber ing jagad punika?
Ingkang sepisan, temtu kedah manut
instruksi Lembaga Kesehatan dadosa WHO punapadene pamerintah ingkang sampun
maringi cara-cara kadospundhi kita ngadhepi punika supados kita mboten gampil
ketularan Virus Copid-19.
Ingkang kaping kalih, sambet ingkang
kacariyosaken ing kitab Suci awit bab wabah penyakit sampun kaweca dening Gusti
Yesus, badhe wonten ganti gumanti ing gesanging tiyang ing jaman akhir. Kados
ingkang kaserat ing ayat 10-11 “Panjenengane
banjur ngandika marang wong-wong mau: “Bakal ana bangsa kang nglawan padha
bangsa, Karajan nglawan padha Karajan, lan bakal ana lindhu kang nggegirisi
sarta ing kana kene bakal ana pageblug pes lan pailan, apadene bakal kalakon
uga ana bab-bab kang ngagetake tuwin ilapat-ilapat kang nggegirisi saka ing
langit.” Lukas 21:11 (BIS) “di
mana-mana akan terjadi gempa bumi yang hebat, bahaya kelaparan dan wabah
penyakit.” Tegesipun perkawis wontenipun pageblug pes sampun kawartosaken
dening Gusti Yesus dhumateng para murid nalika semanten kelebet kula lan
panjenengan. Kita sampun nampi wartos lan kita sampun nampi kawontenan punika. Kanthi mekaten, menawi kita sampun nampi
wartosipun mboten perlu gumunan lan kagetan kadosdene tiyang ingkang babar blas
dereng mangertos.
Namung amargi kita sakpunika gesang ing jaman
ingkang majeng lan canggih; punapa malih kita mboten asring maos
pangandikanipun Gusti amargi ingkang kita cepeng namung HP lan njingglengi
Medsos mila kadangkala kita lajeng kesupen pawartosipun Gusti Yesus. Temah
panampi kita mboten wonten bedanipun kaliyan sanesipun. Ingkang ajrih, kuwatos,
paranoid ajrih ingkang kalangkung-langkung.
Lajeng kadospundhi supados kita mboten sami
kadosdene tiyang sanesipun? Kula mendhet ayat ingkang pungkasan ing bab punika,
inggih punika ing ayat 19
- “Manawa kowe padha tetep mantep, kowe bakal padha nampani uripmu”
- terjemahan sederhana Bhs Ind. “Dengan tetap bertahan dalam kesusahan itu, maka kalian akan memperoleh hidup yang selama-lamanya.”
- Versi Mudah Dibaca “Kamu akan menyelamatkan dirimu sendiri dengan tetap kuat di dalam imanmu melalui semua hal itu”
Tembung
tetep mantep ing bausastra
nggadahi teges 1) kukuh lan setya marang pasuwitan (panemu, lsp), 2) Wis tetep
temenan, kc. Antep. Tembung punika ngengetaken dhateng kita bilih satunggaling
cara ngadhepi virus covid-19 lan nampi pawartos ingkang kelangkung kathah
inggih punika tetep mantep ing pitados lan keyakinan diri. Mantep ing pitados
lan keyakinan diri punika satunggaling sikap ingkang positif ing gesang.
Miturut penelitian ing Universitas Queensland dhateng saperangan tiyang dewasa
ingkang umuripun 65-90 tahun. Manggihaken bilih Sikap positif nuwuhaken system kekebalan
tubuh ingkang njalari gesang langkung panjang. Penelitian ingkang katindakaken
watawis kalih tahun manggihaken bilih tiyang ingkang remen menggalih perkawis-perkawis
ingkang sae lan maedahi (positif) langkung kiyat imunitas (system kekebalan
tubuh) badanipun. Caranipun tiyang ingkang kateliti kasuwun nyawang sawetawis
foto ingkang sae lan ingkang ala. Lajeng kasuwun ngenget-enget foto sepisanan
ingkang dipunremeni. Nalika ngenget-enget punika, fungsi kekebalan tubuh punika dipun ukur
kaliyan piranti kangge ngukur tes darah.
"Peserta yang lebih banyak melihat gambar atau
foto positif ketimbang negatif memiliki antibodi dalam darah yang menunjukkan
sistem kekebalan tubuh mereka lebih kuat dibanding rekan-rekan mereka yang
negatif," mekaten ingkang kaaturaken dening peneliti utama, Dr Elise
Kalokerinos.
Kanthi mekaten, saben kita kedah budidaya mbangun
diri ing sikap ingkang positif. Mantep ing pitados lan gesang badhe maedahi ing
samudayanipun. Kados ingkang ingkang kapangandikaken dening Gusti Yesus “Manawa
kowe padha tetep mantep, kowe bakal padha nampani uripmu”. Mugi kita tansah
kasagedaken nglairaken manteping pitados lan keyakinan diri temah tansah
kakiyataken ing sawernining perkawis ingkang kita adhepi. Gusti mberkahi. Amin.
No comments:
Post a Comment