Saturday, June 10, 2023

PERTELAAN SAKRAMEN BAPTIS (Anak)


PEMBUKAAN

Pengantar

Jemaat yang terkasih, sebagaimana telah diwartakan kepada jemaat dan tidak ada keberatan yang sah, dalam ibadah ini akan dilayankan Sakramen Baptis

Sakramen Baptis adalah alat pemeliharaan iman sekaligus tanda penyelamatan Allah, sakraman baptis menunjukkan:

1. pembasuhan manusia dari dosa oleh darah Kristus

2. Pengampunan dosa

3. Pembenaran atas manusia oleh Allah, dan

4. Kelahiran baru

Anak-anak keluarga kristen wajib dibaptis sebab mereka juga mempunyai tempat di dalam perjanjian keselamatan bersama-sama dengan orang tuanya. Atas didikan orang tua, pada saat dewasa nanti, anak-anak wajib menyatakan pengakuan percaya (sidi)

Doa

(Doa persiapan Pelaksanaan Sakramen Baptis)

PELAKSANAAN

Pananting

Saudara-saudara yang akan membaptiskan anak silahkan berdiri, yaitu..........

Agar jelas bahwa saudara percaya anak saudara juga dikaruniai keselamatan dan saudara bersedia mendidik anak (anak) tersebut agar ketika dewasa menyatakan percayanya, maka saudara silakan menjawab pertanyaan berikut:

  1. Apakah saudara menyakini bahwa anugerah keselamatan Allah di dalam Tuhan Yesus Kristus juga diberikan kepada anak (anak) saudara?
  2. Apakah saudara bersedia mendidik anak (anak) saudara agar imannya bertumbuh, sehingga ketika dewasa ia (mereka) menyatakan pengakuan percaya?
  3. Apakah saudara bersedia menerima penggembalaan berdasarkan Alkitab, jika saudara melalaikan tugas dalam mendidik anak (anak) saudara?
Bagaimana Jawab Saudara?

(dijawab: "Ya dengan sepenuh hati")

Pelayanan Baptis

.........(disebut namanya)

Kamu saya baptis dalam nama Bapa, Anak dan Roh kudus

Berkat

Tuhan Allah yang memanggil saudara dan anak saudara ke dalam hidup baru, memberkati saudara dan anak saudara untuk bertumbuh dalam iman, hingga mencapai kebahagiaan keselamatan sempurna. Amin

Doa Syukur

(Doa syukur atas anugerah sakramen, dan bagi anak yang telah menerima anugerah sakramen, dan doa bagi orang tua dan jemaat)

PENUTUP

Penyerahan Surat Tanda Baptis

Penyerahan Kepada Jemaat

(orang tua yang membaptiskan anak dan anak yang telah dibaptis menghadap jemaat)

Jemaat yang terkasih, inilah anak (-anak) yang telah menerima sakramen baptis, terimalah ia (mereka) di dalam Tuhan sebagai warga gereja. Dukunglah anak (anak) ini agar dapat bertumbuh imannya sehingga pada saatnya nanti menjadi warga gereja yang dewasa.

(orang tua yang membaptiskan anak dan anak yang telah dibaptis disilakan duduk)



PAMBUKA

Pasamuwan ingkang kinasih, kados ingkang sampun kawartosaken dhateng pasamuwan lan mboten wonten panyaruwe ingkang sah, wonten ing ibadah punika badhe kaladosaken Sakramen Baptis.

Sakramen Baptis punika minangka sarana pangrimating kapitadosan saha tanda pakaryan kawilujengan saking Gusti Allah, dene Saramen Baptis ngemu suraos:

  1. Tanda pangresikaning manungsa saking dosa awit rahipun Sang Kristus
  2. Tanda Pangapuntening dosa
  3. Tanda manungsa kaleresaken dening Gusti Allah 
  4. Tanda gesang enggal
Anak-anakipun tiyang pitados wajib dipun baptis, awit anak-anak menika ugi kaparingan papan ing prasetyaning kawilujengan sesarengan kaliyan tiyang sepuhipun. Awit panggulawenthahipun tiyang sepuh, nalika para lare diwasa mangkenipun, anak-anak wajib ngakenana kapitadosanipun (Sidi)

Donga
(Donga pecawisan lumampahing peladosan Sakramen Baptis)

TUMINDAKING PELADOSAN

Pananting

Sedherek-sedherek ingkang badhe baptisaken lare kaaturan jumeneng, inggih punika sedherek......

Supados tetela bilih panjenengan (sami) pitados menawi putra (-putra) panjenengan nampeni sih rahmat kawilujengan lan panjenengan sagah nggulawenthah putra (putra) panjenengan supados samangsa sampun diwasa nelakakan pangakening pitadosipun, panjenengan kaaturan mangsuli pitakenan -pitakenan punika:
  1. Punapa panjenengan pitados bilih pakaryan kawilujenganipun Gusti Allah lumantar Gusti Yesus Kristus ugi kaparingaken dhateng putra (-putra) panjenengan?
  2. Punapa panjenengan  sagah nggulawenthah putra (-putra) panjenengan supados kapitadosanipun tuwuh ngrembaka, temah saksampunipun diwasa (sami) purun nelakakan pitadosipun?
  3. Punapa panjenengan sagah nampeni sawernining pamerdi adhedhasar kitab suci, samangsa panjenengan nglirwakaken panggulawenthah dhateng putra (-putra) panjenengan?
Kadospundhi wangsulan panjenengan sedherek.....?
(kawangsulan: "Inggih kanthi gumolonging manah")

PELADOSAN BAPTIS
......(kasebat naminipun)

Kowe dak baptis ing asmane Sang Rama. Sang Putra lan Sang Roh Suci

Berkah

Gusti Allah ingkang sampun nimbali panjenengan tuwin putra (-putra) panjenengan ing salebeting gesang enggal, keparenga mberkahi panjenengan tuwin putra (-putra) panjenengan tuwuh ing iman kapitadosanipun ngantos nggayuh kawilujengan ingkang sampurna. Amin

Pandonga Sokur
(Donga sokur awit berkahing sakramen, donga kangge lare ingkang sampun nampi sakramen, donga kangge tiyang sepuh lan pasamuwan)

PENUTUP

Masrahaken Surat Tanda Baptis

Masrahaken Dhateng Pasamuwan  
(Tiyang sepuh ingkang mbaptisaken larenipun lan lare ingkang sampun nampi tanda baptis majeng ing ngajenging pasamuwan)

Pasamuwan ingkang kinasih, punika lare (-lare) ingkang sampun nampeni sakramen Baptis. Kula aturi nampeni wonten ing Gusti minangka warganing pasamuwan. Kabiyantua lare (-lare) punika supados tuwuh lan ngrembaka ing imanipun temah ing wancinipun dados warganing pasamuwan ingkang diwasa.

(Tiyang sepuh ingkang baptisaken lare lan lare ingkang sampun baptis kaaturan lenggah)