Sunday, November 10, 2024

PRATELAN SAKRAMEN BUJANA

BEBUKA

Pasamuwan ingkan kinasih

Kados ingkang sampun kawartosaken dhateng pasamuwan, wonten ing ibadah menika badhe kaladosaken sakramen bujana.

Sakramen Bujono menika sarana kangge ngrimati kapitadosan ingkang kelampahanipun kadhasaraken wonten ing dhawuhipun Gusti Yesus Kristus. Ndungkap Gusti Yesus kasalib, Panjenenganipun mundhut roti, sasampunipun saos sokur, lajeng nyuwil-nyuwil roti wau saha maringaken roti punika dhateng para sekabat tuwin ngandika: "Padha tampanana, panganen, iki badanKu". Saksampunipun punika, Panjenenganipun mundhut tuwung, saos sokur, lajeng maringaken tuwung wae dhateng para sakabatipun, pangandikanipun: "Padha ngombea kabeh saka ing tuwung iki, sebab iki getihKu, getihing prajanjian kang kawutahake kanggo wong akeh, murih apuraning dosa."

Sakramen Bujana ngemutaken tiyang-tiyang pitados dhateng:

  1. penyaliban, seda dalah wungunipun Sang Kristus
  2. kalenggahanipun tiyang pitados minangka warganing brayatipun Allah, tuwin
  3. kasampurnaning kawilujengan ingkang kaprasetyakaken dening Allah
Mengah ingkang dipun parengaken dherek wonten ing Sakramen Bujana inggih menika saben tiyang ingkang kabaptis, kalebet anak-anak ingkang kacawisaken kalawan titi dening pasamuwan kangge nambut rahmatipun Allah ingkang katandukaken kangge sawernining brayat, awit anak-anak ugi nggadahi papan wonten ing prajanjianing kawilujengan

Pandonga
(Pandonga ngrasuk sakramen Bujana)

TUMINDAKIPUN

Pananting
Pasamuwan ingkang kinasih, saderengipun nampeni Sakramen Bujana punika, sumangga kita sepisan malih ndadar dhiri pribadi kanthi miterang kados mekaten:
  1. Menapa kita ngakeni bilih kita dumunung ing kawontenan ingkang mboten wilujeng, ananging awit saking rahmating Gusti Allah kita kawilujengaken lumantar pangurbananipun Gusti Yesus Kristus?
  2. Menapa kita sagah kalayan temen-temen nglampahi gesang enggal ing salebeding pangrehipun Roh Suci?
  3. Menapa kita sagah nglampahi gesang kanthi sawetahing panuwun sokur ing salebeding patunggilan minanga brayatipun Gusti Allah?
Wekdal Ening
(Pasamuwan kacaosan wekdal kangge ndadar dhiri pribadi, saged kalajengaken ngrepekaken kidung pecawisan)

Peladosan Roti Bujana
(Pandhita nyuwil-nyuwil roti)

Roti ingkang kacuwil-cuwil menika pratandha patunggilan kita kalayan sariranipun Sang Kristus. Tampenana tuwin dhaharen kanthi ngenget-enget lan pitados bilih sariranipun Sang Kristus sampun kinurbanaken minangka tebusan ingkang sampurna kangge pangapuntening dosa.
(Sesarengan nedha roti)

Peladosan Anggur Bujana
(saged kawiwitan kanthi ngidung Pandhita ngesokaken anggur)

Anggur ing tuwung menika pratandha patunggilan patunggilan kita kalayan rahipun Sang Kristus. Tampenana tuwin unjuken kanthi ngenget-enget lan pitados bilih rahipun Sang Kristus sampun kawutahaken minangka tebusan ingkang sampurna kangge pangapuntening dosa.
(sesarengan ngunjuk anggur)

PANUTUP

Pandonga Sokur
Sumangga kita caos sokur kaliyan ngluhuraken Gusti kanthi ngucapaken ing salebeting manah kita mekaten:

Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah, Heh isining batinku kabeh memujia marang asmane kang suci! Dhuh nyawaku saosa puji marang Pangeran Yehuwah, lan aja lali marang sakehing kasaenane.! Panjenengane kang ngapura sakehe kaluputanmu, lan maluyakake sakehe lelaramu. Kang ngentas uripmu saka ing kubur, lan makuthani kowe kalawan kadarman lan kawelasan, kang maregi kekarepanmu kalawan apa kang becik, temah kowe kaenomake maneh kaya manuk garudha.

Pangeran Yehuwah iku ambek welasan lan ambek asih, gedhe sabare lan luber sih-susetyane;ora tansah ndedukani, anggone duka ora ing salawase. kang katandukake marang kita ora timbang karo dosa kita, anggone paring piwales marang kita ora ing sabobote kaluputan kita, nanging sapira dhuwure langit ngungkuli bumi, iya samono gedhene sih-kadarmane tumrap para kang ngabekti marang Panjenengane; sapira dohe wetan saka ing kulon, iya samono anggone nebihake panerak kita saka ing kita. Kayadene bapa anggone duwe piwelas marang anak-anake, iya kaya mangkono Yehuwah anggone paring piwelas marang para wong kang ngabekti marang Panjenengane.

Mula saka iku aku tansah nyaritakake kamulyaning Pangeran ing samengko tumeka ing salawas-lawase! Amin