Showing posts with label Bahan Pendadaran. Show all posts
Showing posts with label Bahan Pendadaran. Show all posts

Wednesday, February 5, 2020

TATA CARA PECAWISAN SAKRAMEN BUJONO


Waosan : Lukas 22:14-20

Pasamuwan ingkang kinasih
Ing Jepang, wonten satunggaling tradisi upacara minum teh sesarengan. Tradisi punika nggadahi maknaning gesang ingkang lebet lan minangka piwulang tata krami ingkang sae. Upacara minum teh punika traadisi ingkang sampun kelampahan turun tumurun wiwit jaman Edo. Upacara minum teh (sado, chado, lan margi teh) minangka ritual tradisional ing Jepang nalika nampi tamu. Umumipun, upacara minum teh punika ngginakaken teh bubuk matcha ingkang kadamel saking teh ingkang sampun kagiling alus. Sakderengipun upacara punika kawiwitan, tamu saged nengga ing ruang tamu ngantos ingkang gadhah griya ngrampungaken pecawisanipun. Saksampunipun punika para tamu kasuwun mlampah ing roji minangka lambang ngresiki diri saking regetan. Tamunipun kasuwun mijiki tangan lan tutugipun. Salajengipun, ingkang gadhah griya nampi tamunipun ing ruang utami ingkang kedah mlebet saking konten utami ingkang ukuranipun andhap, milanipun nalika ajeng mlebet, tamu punika kedah mbungkuk.
Saksampunipun tamunipun lenggah, ingkang gadhah griya nglajengaken prosesi ngresiki lan nyawisaken piranti wiwit mendhet mangkok, sendok teh lan piranti sanesipun. Biasanipun piranti ingkang kaagem antawisipun Okama (piranti manasaken toya), Mizu sashi (wadah toya resik kangge damel ocha), Koboshi (papanipun wadah kangge nyuci bekas piranti teh), , Onatsume (gelas kangge ocha), Ocha syaku (ocha kangge sado), Cha sen (piranti kangge ngaduk teh), Hisyaku (centong toya), Senshu (kipas), Kaishi (wadah okashi/panganan ingkang sesarengan katedha nalika ngunjuk teh), Kashi kiri (pisau motong kue), Ojiku (kaligrafi), Ikebana (rangkaian bunga).
Saben prosesi upacara ngunjuk teh punika ngemu teges ingkang lebet. Prosesi ingkang gadhah griya ngurmati tamu punika tegesipun paring urmat ingurmatan dhateng sanesipun. Lumantar upacara punika saben tiyang jepang maringi teges bilih upacara minum teh punika suci (sakral). Lan paring gambaran bilih ingkang baken punika mboten nalikanipun teh diminum ananging kadospundhi proses ndamelipun. Salebeting nyawisaken, damel teh lajeng nyegahaken kanthi raos ingkang urmat lan tata krami punika ngengetaken diri dhateng jagat, ngengetaken dhateng lampahing gesang, lan kemutan saking pundhi kita wiwitanipun lan badhe dhateng pundhi kita mangkenipun.
Semanten ugi dungkap Gusti Yesus sinalib, “bareng wis tumka ing wayahe, Gusti Yesus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para rasule”(ayat 14). Panjenenganipun netepaken upacara ingkang sakral tumrap para muridipun lan tumrap grejanipun. Saksampunipun sedaya katata piranti lan uba rampenipun miturut tradisi paskah Yahudi, Panjenenganipun paring pangandika, piwulang lan netepaken upacaranipun tiyang Yahudi sambet Paskah punika kanthi makna ingkang enggal.
Kawiwitan saking pangandika “aku ora bakal mangan iku maneh……” lajeng panjenenganipun lajeng mundhut tuwung, saos sokur nuli ngandika: “Iki tampanana lan edumen kang warata”. Semanten ugi Gusti Yesus ngandika malih: “wiwit saiki iki Aku ora bakal ngombe pametuning wit anggur…..” lajeng saksampunipun punika lajeng maringaken dhateng para sekabat lan netepaken roti lan anggur kangge pangenget-enget bab pangurbananipun Gusti Yesus ing kajeng salib. Awit pangenget-enget mila upacara ngunjuk anggur lan ndhahar roti tanpa ragi punika kedah tansah katindakaken dening para murid dalah kita sedaya.
Gusti Yesus kembul sesarengan ing pambujanan, netepaken maknaning Paskah ingkang anyar punika satunggaling rerangkening Paskah ingkang suci tumrap kita. Awit suci punika mila kasebat sakramen. Istilah ingkang kapendhet saking basa latin sacramentum ingkang ateges “satunggaling tumindak ingkang suci”.
Mila nalika wekdal punika kita sami katimbalan nindakaken upacara sakramen bujono lan kita sedaya badhe nampi. Sumangga kita sami nyawisaken kanthi cara-cara ingkang njalari kebabaring kasucening diri punapadene kasucening upacara ingkang badhe katindakaken ing salebeting pangibadah. Gusti mberkahi kita sedaya. Amin.

Sunday, July 28, 2019

Kirmizi (Gluga) lan Pangapunten

Firman  : Yesaya 1:18

Tembung Kirmizi sumebar ing saperangan ayat-ayat kitab Suci. Satunggaling ayat sesambetan kaliyan kirmizi saged kapanggihaken wonten ing Kitab Yesaya 1:18 “Ayo, kita padha prakaran! – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – sanadyan dosanira abang kaya gluga, bakal dadi putih kaya salju; sanadyan rupane abang kaya jarit sumba bakal pdha dadi putih kaya wulu wedhus gembel.”
Dening LAI tembung kirmizi dipungantos kanthi tembung gluga, sejatosipun menawi dipun artosaken sacara harapiah punika aslinipun benten. Tembung kirmizi ing bahasa ibrani punika shani. Tembung shani kasambetaken kaliyan satunggaling uler (coccus ilicis). Biasanipun nalika uler punika ngendhog, endhogipun dipunpapanaken ing kulit uwit lan uleripun njagi endhogipun ing sandhingipun. Nalika endhog punika netes lajeng anakipun uler punika nedha badhanipun embogipun (uler), tundhonipun badan ingkang katedha kalawau medal getihipun ingkang werni abrit ingkang nemplek ing kulit uwit kalawau. Kulit ingkang kenging getihipun uler ingkang werni abrit kalawau lajeng kaginakaken kangge maringi werni kain. Dene menawi gluga (Bausastra) punika sesambetan kaliyan satunggaling tetuwuhan sing kena dienggo cet abang.  Senajan sacara lairiah asalipun benten ananging sami ngedalaken werni abrit (abang sumringah). LAI ngginakaken tembung gluga punika supados kita saged nggambaraken gegambaran ingkang dipunwakili saking tembung kirmizi.
Lajeng kenging punapa Gusti Allah nyambetaken kirmizi (gluga) punika kaliyan dosa? Amargi dosa punika tumindak ingkang badhe tansah tuwuh ing gesanging manungsa, wanteg lan angel dipunicali ing gesanging manungsa. Kadosdene menawi kain sampun kawenter dening kulit kirmizi (gluga), angel dipun wangsulaken dados pethak malih. Gegambaran punika ngengetaken dhateng kita, kanthi jujur kedah kita akeni bilih kadangkala senajan sampun dados umatipun Gusti, taksih nglairaken tetembungan lan nedahaken tumindak ingkang njalari lairing dosa. Tumindak dosa angel ical saking gesanging manungsa.
Namung kanthi pangandika ingkang kaparingaken dhateng bangsa Israel nalika semanten, kita sami kangetaken malih 2 perkawis bilih:
1.       Gusti Allah kuwaos lan pirsa sedaya tumindaking manungsa. Panjenenganipun kuwaos mulihaken kawontenanipun manungsa dosa dados suci malih. Panguwaosing dosa punika ageng ing gesanging manungsa. Senajan sampun nampi Gusti Allah, senajan saben wekdal ngibadah, senajan makempal lan nindakaken ayahaning peladosan, dosa saged maujud ing tumindak-tumindak ingkang kabungkus karohanen, kadosdene ingkang kelampahan ing jaman Yesaya punika. Mila Panjenenganipun ngandika   Ayo, kita padha prakaran!.....” Tembung punika ngengetaken supados umat Israel kelebet kita sakpunika sampun ngantos dhumawah ing dosa ing salebeting nindakaken ayahan peladosan punapa dene gesang ing karohanen. Mboten namung tumindak ala kemawon, ananging ugi ing tumindak sae ingkang alandhesan kangge kauntungan lan karemenan diri pribadi mboten murni kagem kamulyanipun Gusti. Panjenenganipun kuwaos mulihaken kawontenan ingkang mekaten.
2.       Gusti Allah Welas Asih. Pangandika ing ayat punika ugi ngengetaken welas asihipun Gusti ing bab pangapunten. Senajan asring manungsa angel gesang ing kasucening Allah, ananging panjenenganipun punika Allah ingkang welas asih ingkang badhe tansah ngengetaken lan maringi kanugrahanipun ing gesanging manungsa.

Kalih perkawis punika pancen elok lan agung tumrap gesang kita, awit saestu kawujudaken ing gesangipun Israel nalika semanten lan dhateng kita lumantar pangurbananipun Gusti Yesus ing wekdal samangke. Temtunipun perkawis ingkang elok lan agung punika mboten namung kita mangertosi ananging ugi kedah kita wujudaken ing gesang padintenan. Punapa ingkang kedah kita wujudaken ing gesang padintenan?
Ing Kitab Yesaya 1:16-17 paring pangandika : “padha wisuha, resikana awakira, edohna panggawenira kang ala saka ing ngarsane paningalingSun. Marenana anggonira gawe piala, padha sinaua gawe becik ngudia marang kaadilan, ngendhalenana wong kang ambek siya; mbelanana hake para bocah lola, ngembanana prakarane para randha!. “
Gusti kuwaos lan welas asih dhateng kita, Welas asihipun sampun kebabar lumantar pangurbananipun Gusti Yesus. Lumantar punika kita sampun kasucekaken, ananging kita ugi mboten pareng wangsul malih nindakaken perkawis-perkawis ingkang nyulayani kersanipun Gusti mila kita ugi mbudidaya supados kita gesang manut kersanipun Gusti. Amin.

Sunday, May 26, 2019

AJA MELANG-MELANG


YOKANAN 14:1-6

Melang-melang utawi sumelang (kuwatir) satunggaling raos ingkang kadangkala jumedul ing pangangen-angening manungsa. Raos melang-melang biasanipun jumedul amargi kita ngangen-angen perkawis ingkang dereng cetha lan ingkang badhe kelampahan nanging sampun nampi kabaripun sakpunika. Umpaminipun sumelang menawi mboten lulus ujian, sumelang menawi sakitipun mboten saged saras malih, sumelang menawi Indonesia bubrah, lsp.
Punapa jalaranipun tuwuh raos sumelang? Asring kita mirengaken tembung amargi “gawan bayi”, wiwit alit sampun nedahaken raos sumelang;wonten ingkang amargi tansah mboten nyakin dhateng dirinipun piyambak, wonten ingkang amargi kirang persiapan (pecawisan), wonten ingkang amargi asring “kebentus-kebentus” perkawis lajeng tuwuh pitakenan, “lha nek ngene terus sesuk banjur kepriye….”; lsp.
Kanthi mekaten kita kedah ngrumaosi lan ngakeni bilih raos sumelang utawi melang-melang punika peranganing gesang kita, ingkang baken kadospundhi caranipun supados raos melang-melang mboten jalari kita kepambeng lan lajeng mboten pitados dhateng pangrimat lan prasetyanipun Gusti.
Gusti Yesus paring pangandika (ayat 1) “Atimu aja melang-melang; padha kumandela ing Allah, iya kumandela ing Aku uga” kanthi pangandika mekaten, kita saged mangertos punapa ingkang dipungalih lan werdining pangandikanipun Gusti Yesus dhateng para murid nalika semanten. Para murid sami tuwuh raos sumelang amargi Gusti Yesus badhe nilar para murid, malah Gusti Yesus mboten kanthi gamblang ngandikakaken wonten ing pundhi papanipun panjenenganipun nilar para murid (ayat 36-38). Gusti Yesus ugi pirsa punapa ingkang badhe dipun adhepi dening para murid nalika nindakaken pakaryanipun Gusti dhateng jagad. Mila Panjenenganipun ngandika “Atimu aja melang-melang…..”  Gusti Yesus dhawuh supados sampun ngantos sumelang ananging ingkang perlu katindakaken namung setunggal inggih punika ”kumandela ing Allah, iya kumandela ing Aku uga”
Kinten-kinten punapa kanthi kumandhel dhateng Gusti Allah lan dhateng Gusti Yesus punika sampun cekap? Tumrap tiyang ingkang saestu pitados lan mitadosaken gesangipun dhateng Gusti Yesus minangka Juruwilujengipun, kedahipun sampun cekap, kenging punapa mekaten?
Amargi Gusti Yesus sampun ngandikakaken ing ayat salajengipun, inggih punika, ingkang sepisan, Gusti Allah ingkang sinebat Rama dening Gusti Yesus punika Rama ingkang kagungan papan ingkang dados papan pungkasaning gesang saben tiyang pitados. Papan ingkang Sang Rama piyambak mranata ing gesang kalanggengan (kados ingkang kaserat ing Kitab Wahyu 4:3, 9). Saestu namung  Gusti Allah ingkang sinebat Rama ingkang kagungan panguwaos ing jagad punika lan gesang kalanggengan.
 Ingkang kaping kalih, kados ingkang sinerat ing ayat 6 “….Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan  kauripan. Ora ono wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, Manawa ora metu ing Aku” Wangsulan punika wiwitanipun kapangandikakaken dhateng Thomas, ingkang nyuwun pirsa dhateng Gusti Yesus marginipun tumuju ing Sang Rama. Menawi wonten ingkang taken dhateng kita : “menawi badhe teng kitha Sragen….marginipun pundhi nggih?” Mesthi kita badhe mangsuli: panjenengan lewat joglo rumiyin lajeng saged nganan medal gemolong utawi lurus medhal mojosongo…..”
Ananging Gusti Yesus mboten mekaten, Panjenenganipun mboten maringi pitedah miturut pitedahipun manungsa, ananging panjenenganipun ngandikaken; ngetut-a Aku, Aku ngerti dalane, amarga ya Aku iki dalane; menawa kowe tetep percaya lan ora mlaku neng dalanmu dhewe nanging mlaku ing pitedahKu mesthi tekan daleme Sang Rama. Kanthi tembung sanes, sedaya ingkang sampun katedahaken lumantar tuladhanipun, piwulangipun lan pakaryan kawilujengan ingkang katindakaken ngantos seda sinalib punika marginipun tiyang pitados tumuju Sang Rama. Kita sami kasuwun sami nuladha lan nindakaken dhawuhipun Gusti minangka margi dhateng daleme Sang Rama.
Mila saben umat kagunganipun Gusti Yesus kedah saged nedahaken pitadosipun kanthi tegen mboten gampil kablidug ing panggodhaning jagad supados mboten gampil melang-melang, semanten ugi kedah saged nulad lan nindakaken sedaya pakaryanipun Gusti supados gesang ing kayekten lan nampi makthunaning gesang.
Sesambetan kaliyan timbalanipun Gusti marek ing mejaning pambujanan, kita sami mboten namung bab nedha sesarengan lan mengeti pangurbananipun Gusti, ananging ugi ngiyataken manah kita saha gesang miturut marginipun Gusti Yesus. Nuladha sedaya ingkang sampun katindakaken dening Panjenenganipun dhateng kita.
Awit saking punika sumangga, nalika wekdal cecawis punapa dene saksampunipun nampi Sakramen Bujono, kita sami nedahaken gesang ingkang manteb ing pitados lan miturut kersanipun Gusti. Temah kita tansah ngraosaken manah ingkang ayem (mboten melang-melang) lan ing tembenipun gesang sesarengan kaliyan Sang Rama ing Suwarga. Amin.

Friday, March 29, 2019

BAHAN PENDADARAN


Firman : RUM 13 : 10-14

Pasamuwan ingkang kinasih
Kita sampun lumebet malih ing wulan Adven-Natal. Ing mangsa punika kita sami kaengetaken malih punika kita sami kaajak cecawis. Cecawis ing salebeting gesang mapag rawuhipun Gusti lan sesarengan badhe mengeti pengetan wiyosipun Gusti Yesus. Kaleresan nalika kita sami cecawis, sacara mirunggan kita ugi badhe nampi Sakramen Bujono ingkang pungkasan ing tahun punika.
Sesambetan kaliyan perkawis cecawis punapa ingkang perlu kita cawisaken ?
Pangandikanipun Gusti ingkang kita pirengaken wekdal punika minangka peranganipun serat kintunan Rasul Paulus dhumateng pasamuwan ing Rum. Minangka pasamuwa ingkang wiwitan, Rasul Paulus tansah ngengetaken gesanging pasamuwan ingkang leres ing ngarsanipun Gusti. Mligi ing bab 13 ayat 10-14 punika ngengetaken tumrap gesanging katresnan umat kagunganipun Gusti. Senajan kiwa tengen, lingkungan lan kawontenan gesang ingkang werni-werni lan benten kaliyan tata iman Kristen, ananging timbalanipun Gusti bab katresnan kedah tansah katedahaken.   
Wujuding katresnan ingkang kados punapa ingkang kakersakaken ing serat punika ?

Pasamuwan ingkang kinasih
Wujuding katresnan ingkang kinersakaken dening Rasul Paulus inggih punika njagi gesang ingkang leres, kadosdene mboten remen damel piala, mboten nindakaken malih gesang ing pratingkahing pepeteng, mboten nguja hawa nepsu, mboten nguja memangan, mboten endem-endeman, mboten laku jina, mboten remen tukar padu lan mboten kumeren. 
Pangandika punika kaengetaken dhateng pasamuwan awit :
  1. Ngengeti  bilih ing lampahing gesang saben wekdal mboten uwal saking perkawis-perkawis  ingkang cengkah kaliyan kersanipun Gusti. Punapa malih kitha Rum ingkang “Majemuk”, kathah para tiyang neneka ingkang mbeta kabudayan, tradisi lan  lampah ingkang maneka werni. Asring kabudayan, tradisi lan lampah punika mboten trep kaliyan piwulangipun Gusti.
  2. Ing anggotaning pasamuwanipun Gusti, taksih kelampahan tumindak-tumindak ingkang nyulayani kersanipun. Senajan sampun nampi Gusti Yesus minangka juru wilujeng lan nampi sih rahmatipun ananging gesang lami asring taksih katindakaken.
  3. Pasamuwan gesang mapag rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih. Wonten ing salebeting mapag rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih kedah tansah siaga ing iman, njagi gesanging iman ingkang leres lan ngedalaken wohing kapitadosan ngantos rawuhipun Gusti Yesus.

Pramila kanthi perkawis-perkawis ing ngajeng, menawi kita gatosaken saking pangandika punika, Rasul Paulus dhawuh :
  1. Katresnan punika kedah maujud ing salebeting gesang ingkang ngemu kaleresanipun Gusti. Liripun kadospundhi ? Liripun nalika mrangguli bab-bab ingkang nyulayani kersanipun Gusti pasamuwan kedah wanton ngengetaken, menawi wonten ingkang mbetahaken pitulungan kedah dipun gatosaken kanthi tulus, lsp.
  2. Katresnan punika maujud ing lampahing gesang ingkang leres, inggih punika lumampah ing lampahing gesang ingkang mbangun diri pribadi lan mbangun tiyang sanes kanthi nebihi patrap ingkang remen nguja kemaremaning daging.
  3. Katresnan punika maujud kanthi nulad pakaryanipun Gusti Yesus Kristus (minangka gegamaning pepadhang).


Pitakenanipun tumrap kita sedaya, punapa kita sampun saestu nglairaken katresnan ingkang mekaten? Langkung-langkung ing salebeting kita gesang ing satengahing masyarakat.  Sumangga ing salebeting kita sami badhe nampi tandha katresnanipun Gusti ingkang pungkasan ing tahun punika, sesarengan kita naliti gesang kita piyambak-piyambak alandhesan katresnan. Kanthi pangajab mugi-mugi kita kasagedaken nindakaken katresnan ingkang saestu mbangun lan maedahi dhateng sedaya tiyang. Wus meh raina, wus lingsir wengi. Amin.

BAHAN PENDADARAN


Lukas 22:14-23 (ayat 19)

Para Kinasih
Arabella Katherine “Kate” Hankey, satunggaling penulis lagu lan missionaris. Piyambakipun lair tanggal 12 Januari 1834 ing kitha Clapham, Middlesex, Inggris  lan pejah tanggal 9 Mei 1911 ing London, Inggris. Brayatipun punika mirunggan bapakipun, remen nulis lagu lan dados missionaris temah kawontenan punika ingkang njalari Kate nindakaken tanggel jawab lan karemenan ingkang sami. Bapakipun nggadahi jabatan minangka Banker ing Inggris, jaman semanten, brayatipun Kate kalebet brayat ingkang sugih.  Ananging ing sela-selaning wekdal utawi ugi nalika nyambutdamel, bapakipun remen nyerat lagu lan nindakaken pawartosing Injil. Mboten namung bapakipun, ibukipun lan sedaya brayatipun sami martosaken Injil ugi. Kawontenan lan tuladha ingkang katedahaken brayatipun punika ingkang njalari Kate ugi lajeng nggadahi karemenan lan tanggel jawab ingkang sami.
Nalika umur 18 tahun, Kate pindah dhateng London lan mulang Alkitab dhateng para pawestri ingkang nyambutdamel ing pabrik. Kate nggadahi semangat makantar-kantar martosaken pangandkanipun Gusti dhateng tiyang-tiyang punika. Namung nalika Kate ngancik umur 30 tahun, piyambakipun nandhang sakit ingkang awrat lan dening dokter kasuwun istirahat 20 wulan laminipun. Dinten-dinten nalika nandhang sakit, Kate namung wonten ing patileman, namung senajan mekaten, Kate mboten lajeng semplah. Piyambakipun tetep martosaken Injil, kanthi cara nyerat puisi lan damel lagu.
Satunggaling puisi ingkang kaserat ngemu suraos, piyambakipun kangen martosaken kabar kabingahan utawi kangen nyariosaken Gusti Yesus lan pakaryaning kamulyan lan katresnanipun Gusti. Puisi Kate Hanke, kaserat 2 perangan inggih punika "The Story Wanted" lan "The Story Told". Saking puisi punika lajeng kalairaken lagu kanthi jejer "I Love To Tell the Story"  sedaya dipundamel piyambak dadosa lirik lan not-ipun.
Lagu punika sampun kajarwakaken ing kathah basa kelebet Indonesia, dening Yamuger (Yayasan Musik gereja) ing taon 1981. Kita saged manggihaken lagu punika ing Kidung Jemaat 427 kanthi Jejer ‘KU SUKA MENUTURKAN”

Para kinasih
Gusti Yesus ing ndalu dungkap sinalib, ing salebeting ngawontenaken kembul bujana pungkasan, ugi ngandika dhateng para muridipun “22:19 Tumuli mundhut roti, saos sokur, banjur nyuwil-nyuwil roti mau kaparingake marang para sekabat kalawan ngandika: “Iki badanku kang kaparingake marga saka kowe. Iki tindakna minangka pangeling-eling marang Aku.”
Mila lumantar pangandikanipun Gusti Yesus ingkang mekaten, kembul bujana tansah katindakaken dening para murid lan pasamuwan wiwitan minangka pepenget lan cara nyariosaken pakaryanipun Gusti ingkang Agung. Ngantos ing jamanipun para rasul lan pasamuwan wiwitan lampahing kembul bujana punika mboten satungaling perkawis “remeh-temeh” lan biyasa kemawon, ananging perkawis ingkang kedah kita papanaken ing punjering gesang minangka pasamuwanipun Gusti.

Sampun ngantos kelampahan kadosdene jamanipun pasamuwan wiwitan ing kitha Korinta. Ingkang sami kembul bujana ananging kanthi sawiyah-wiyah lan tanpa raos kepingin nyariosaken pakaryaning Allah ing gesang pribadi, pasamuwan punapadene dhateng jagad. Rasul Paulus ngantos ngandika: “Apa kowe ora duwe omah dhewe kang kena kok enggo mangan lan ngombe? Apa kowe padha arep ngremehake pasamuwane Gusti Allah, sarta mirangake wong kang padha ora deduwen? Apa ta kang arep daktuturake marang kowe? …………….”(I Kor 11:22).

Para kinasih
Kanthi makaten, kembul bujana mengeti pangurbananipun Gusti punika mboten namung bab nampi tetedhan roti lan unjukan anggur ananging bab ngengeti pakaryanipun Gusti lan nyariosaken malih ing gesang  padintenan. “Awit saben-saben kowe padha mangan roti iki sarta ngombe ing tuwung iki, iku ateges kowe padha martakake sedane Gusti nganti tumeka ing rawuhe.” (I Kor 11:26).
Mila sumangga kita sami nyawisaken manah sakderengipun nampi sakramen bujana mboten namung supados kita pantes nampi roti lan anggur ingkang ngibarataken sarira lan rahipun Gusti. Ananging supados kita ugi kasagedaken martosaken seda, wungu lan rawuhipun ingkang kaping kalih ing gesang padintenan. Amin.

Saturday, February 10, 2018

Bahan Pendadaran

NJAGI KASUCENING GESANG

Firman : Kitab Yosua 3:5

Apadene Sang Senapati Yusak ngandika marang para umat: “Padha sesucia, amarga sesuk Pangeran Yehuwah bakal nindakake kaelokan ana ing tengahmu.”
Para kinasih
Njagi kasucening gesang punika perkawis ingkang awrat. Wiwit manungsa dumawah ing dosa ngantos sepriki kathah tiyang ingkang mbudidaya supados gesangipun tansah suci ananging nyatanipun malah nindakaken lampah ingkang asring cengkah kaliyan kersanipun Gusti. Punapa malih sakpunika ingkang kathah perkawis-perkawis ingkang njalari tuwuhing lampah dosa. Tayangan ing media   dadosa TV, internet, barang-barang elektronik ingkang sangsaya canggih mboten kaginakaken kanthi sakmesthinipun, lsp. Semanten ugi ing babagan gesang saben dinten, menawi wonten tiyang ingkang mboten purun neka-neka lan gesangipun lempeng-lempeng mawon malah asring dipun poyoki lan ditebihi.
Jagad ingkang dados papan kula lan panjenengan gesang tansah nawekaken perkawis-perkawis ingkang gampil njalari tiyang kesupen ing bab kayekten, paugeraning gesang lan tataning gesang ingkang sangsaya mboten cetha njalari tiyang punika gampil nerak tataning gesang masyarakat, mburu rajabrana kanthi cara-cara mboten leres utawi kanthi tembung bahasa Indonesia “Menghalalkan segala cara”, lsp. Kamangka para kinasih pepadhang lan pepeteng punika mboten badhe saged nunggil sesarengan. Kadosdene nalika kula lan panjenengan nyuwun berkahipun Gusti ananging tanpa lampah ing kasucen mboten badhe leres.
Nalika Bangsa Israel kapimpin dening Senopati Yusak kita saged ningali pangandika ingkang mirunggan dhateng bangsa punika : “Apadene Sang Senapati Yusak ngandika marang para umat: “Padha sesucia, amarga sesuk Pangeran Yehuwah bakal nindakake kaelokan ana ing tengahmu.” (Yusak 3:5). Badhe ngersakaken panguwaosipun Gusti ingkang ngedap-edapi? Kuncinipun kedah kanthi njagi gesang ing kasucen. Menawi kita purun njagi gesang ing kasucen, benjing punapa panguwaosing Gusti ingkang ngedap-edapi kebabar? Pangandikanipun Gusti ing ayat ingkang sami ing inggil ngandikakaken “Benjing”. Tembung benjing ateges badhe enggal kaparingaken dening Gusti Allah ing gesang kita. Kula lan panjenengan badhe kaparingan wekdal ningali panguwaosipun Gusti ingkang ngedhap-edhapi ing gesang kita. Syaratipun namung setunggal kedah njagi kasucening gesang.
Senopati Yusak mboten ngandika: “mbudidayaa mbokmanawa kowe bisa suci”, ananging panjenenganipun kanthi estu dhawuh : Padha sesucia (Uripa ing kasucen!) Utawi kanthi tembung sanes “Mratobata”. Kanthi punika nedahaken bilih gesang ing kasucen mboten namung mandheg ing pepeling utawi pepenget ananging kedah katindakaken kanthi estu ing sauruting gesang. Kedah maujud ing salebeting gesang padintenan.
Rasul Petrus ugi nate ngengetaken dhateng pasamuwan wiwitan, lumantar seratipun ing I Petrus 1:14-16 pangandikanipun : “Uripmu dikaya bocah kang mbangun turut, aja nuruti hawa-napsu kang ngwasani kowé nalika kowé isih padha bodho. Nanging kowé padha dadia suci ing sajroning uripmu, kayadéné Panjenengané kang suci, kang wis nimbali kowé, sabab ana tulisan mangkéné: Sira padha dadia suci, jalaran Ingsun iki suci.”
Kadospundhi caranipun supados tansah kasagedaken gesang ing kasucen?
1)      Ing Kitab pangandharing Toret 28:9 “Pangeran Yehuwah bakal netepake kowe dadi umate kang suci, kaya kang wus kaprasetyakake kalawan supaos marang kowe, anggere kowe netepi pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta ngambah ing dalan pitedahe.” Tegesipun ing lampahing gesang sabenwekdal saksaged-saged kita tansah gesang miturut kersanipun Gusti lan netepi paugeranipun Gusti langkung-langkung saged nglairaken pangandikanipun Gusti ing tumindaking gesang.
2)      Serat rasul Paulus ing kitab Galatia 5:24 “Lan sapa kang dadi kagungané Kristus Yésus, iku wis nyalib daging dalah sakèhing hawa napsu lan pepénginané”. Liripun kita sampun katebus dening Gusti Allah awit pangurbananipun Sang kristus Yesus kita kedah gesang ngawonaken kadagingan ing sauruting lampah lan panggesangan.
Semanten ugi nalika kita badhe sesarengan nampi tandha katresnanipun Gusti Allah lumantar Sakramen Bujana, kula lan panjenenan kedah saged njagi kasucening gesang punika kanthi ngugemi pangandikanipun Gusti ing lampahing gesang lan wanton manggul salibing Sang Kristus ing senajan awrat nalika kita kedah manggul salibing Sang Kristus.

Amin

Bahan Pendadaran

PANGENING MENDANIPUN GUSTI
Waosan                : I Petrus 5:1-11
Nats                       : I Petrus 5:7

Antawisipun masalah lan raos kuwatos angel dipunsingkiri ing gesanging manungsa. Kamangka “Kekalihipun” raket sanget sambung rapetipun. Malah antawis setunggal lan setunggalipun daya dinaya lan mujudaken ukara “sebab akibat”
Sanadyan, tiyang ingkang nggadahi masalah saged ugi boten nuwuhaken raos kuwatos, nanging saksintena ingkang nggadahi raos kuwatos, mesthi nuwuhaken masalah ing gesangipun. Pramila pangen ingkang nggatosaken para mendanipun mboten lepat saking raos kuwatos jalaran tumindakipun menda-mendanipun ingkang nalisir saking paugeran.
Wonten ing I Petrus 5:7 tembung “Pasrahna…..” mboten naming awujud janji nanging malah dados dhawuh. Raos kuwatos mboten kita gegeki nanging kedah kita rucat lan kanthi pasrah sumarah dhumateng Gusti.
Menawi raos kuwatos tetep wonten ing gesang kita, ateges taksih nggegeki nalar lan budi kita piyambak dereng masrahaken gesang kita ing panuntuning Roh Suci. Kita kedah emut bilih Gusti Allah mboten nate nilar kita, saengga kita mboten mangkotaken manah bab dosa duraka kita, lan namung menggalih bab paukuman ingkang badhe katampi ing gesangipun. Kados-kados Gusti namung kendel lan mboten makarya.
Kamangka janjinipun Gusti punika ing bab sedaya perkawis badhe dhatengaken berkah lan kasaenan tumrap gesang kita. Sanadyan masalah kita awrat, sauger kita pitados dhumateng Gusti raos kuwatos mboten badhe ndayani ing gesang kita. Pangenipun Gusti punika sae lan nuwuhaken katentreman (Ibrani 13:6).
Pramila saben-saben kita nanggapi suruhanipun Gusti ing pamarek kita wonten Pambujanan suci, kita kaengetaken supados tansah masrahaken gesang kita ing panuntun lan Pakaryanipun Roh Suci awit panuntunipun wujud Pangengen Kadosdene menda ingkang kairid dhanteng pangonan ingkang rumputipun ijem lan kathah toyanipun menawi kraos benter dipunplegungaken ing sakngandhaping wit ingkang ngrembuyung kathah ronipun. Angin semidit boten kendel-kendel kebak ing kabingahan lan katentreman.

Kita mare king ngarsanipun Gusti kanthi kebak ing pangajeng-ajeng ingkang mboten ngloho. Roti lan anggur ingkang kita tampi lan kita tedha saha kita unjuk mujudaken peladosan anggen kita nanggapi suruhanipun Gusti bab pambujanan suci pinangka wujuding Pangengenipun Gusti dhumateng para warganing pasamuwan lumantar Pradataning Pasamuwan ing GKJ Sabda Winedhar. Mugi Gusti mberkahi. Amin

Saturday, February 3, 2018

BAHAN PENDADARAN

PAEDAHING NDHEREK BUJONO
Firman : Filipi 2:5-8


John (Yohanes) Calvin satunggaling teolog ingkang kawentar jamanipun Mangsa Reformasi, nate ngandika bilih salah satunggaling paedah ingkang kita tampi lumantar dherek bujono suci inggih punika supados kita saged manggen lan gesang langkung lebet malih ing Sang Kristus lan kosokwangsulipun supados Panjenenganipun ugi kersa dhedhampar lan gesang langkung lebet malih ing gesang kita. 
Mila menawi kita sami katimbalan cecawis salebetipun badhe nampi Sakramen Bujono Suci ing ngriku ingkang perlu kita cawisaken inggih punika (mirunggan lumantar serat efesus 2:5-8):
1.      Sinau ayat ingkang kaping 5 ngantos 7 “ing sajrone anggonmu bebarengan padha kadunungana pangangen-angen lan pangrasa kang uga tinemu ana ing Sang Kristus, kang senadyan ngagem sipating Allah ewadene anggone sejajar karo Gusti Allah iku ora kanganggep bab kang kudu dikekahi………………” tegesipun purun sinau lan nggladi pangangen-angen lan pangrasa kita setunggal lan setunggalipun supados sami kaliyan pangangen-angen lan pangraosipun Sang Kristus ingkang sampun kersa nilar kamulyanipun lan gesang minangka manungsa limrah ingkang sami kaliyan kita malah kepara malah ngasoraken diri kanthi pangurbananipun. Kalenggahan minangka putraning Allah, kamulyan ingkang kaparingaken dening Allah katilar, lan mboten kaanggep minangka bab ingkang kedah dipunkekahi. Perkawis punika temtu mboten perkawis ingkang gampil kangge kita. Asring kita “nggegegi pikajeng kita piyambak, nganggap punapa ingkang sampun kagayuh sedaya amargi pambudidaya piyambak, owel punika kedah nampi tiyang sanes lan paring pangapunten dhateng tiyang sanes. Nanging menawi kita sampun nampi panjenenganipun (Gusti Yesus) kita purun mboten purun, remen mboten remen kedah nulad ingkang sampun katindakaken dening Panjenenganipun. Mekaten ugi kita kedah nindakaken punapa ingkang nate katindakaken dening Panjenenganipun.
2.      Sinau ayat ingkang kaping 8 “Apamaneh ing sajrone wujud manungsa iku Panjenengane wus ngasorake sarirane lan sumuyud nganti seda ana ing kayu salib”. Lumantar ayat punika ugi kita sami kaatag purun sinau sami tansah purun ngasoraken diri lan mbangun turut, mikul salib kados panjenenganipun. Punapa malih Gusti Yesus nate ngandika bab punika (Lukas 9:23) “…………saben wong kang kepingin ngetutburi Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe, saben dina manggul salibe lan ngetutake Aku.”
Ngasoraken diri punika ugi perkawis ingkang mboten gampil ing gesang kita. Ananging sikap lan tumindak ingkang mekaten tumrap pandherekipun Gusti ugi kedah katindakaken. Pancen miturut jagad nglairaken sikap ngasoraken diri punika sikap ingkang “ngisin-isini, mboten perlu, ora pantes, lsp” ananging miturut pangandikanipun Gusti (WB 6:1-5) sikap ngasoraken diri punika sikap ingkang njalari kita sami kamardikakaken saking tumindak ingkang ngrugekaken diri pribadi lan dhateng tiyang sanes. Miturut kitab suci sikap punika mboten sikap ingkang ringkih ananging sikap ingkang ngluhuraken Asmanipun Gusti (Yak 4:6 lan 1 Pet 5:5)
Kanthi sinau kalih perkawis ing ngajeng punika, kita badhe estu ngraosaken paedhahing ndherek bujono suci sesarengan kaliyan sanesipun. Paedahing nampi bujono suci kedah kinanthenan gesang miturut kersanipun, tansah nuladha panjenenganipun ing salebeting nilar kamulyanipun lan ngasoraken diri. Semanten ugi purun ngayati kanthi lebet punapa ingkang sampun katindakaken dening Gusti Yesus ing gesang kula panjenengan lumantar pangurbaninipun.

Mulane Saben wong ndadara awake dhewe, lan sawise mangkono lahi mangan roti lan ngombe ing tuwung iku (I Kor 11:28). Amin

BAHAN PENDADARAN

ANTAWISIPUN YUDAS, PETRUS LAN KITA 
Matius 26:75 lan Matius 27:3-5




Wekdalipun sampun ngancik ing wayah ndalu, ananging tiyang-tiyang Yahudi mirunggan para pangarsaning tiyang Yahudi sami taksih jumaga lan taksih rembagan. Ketingalipun ngrancang perkawis ingkang ageng. Dumadakan para prajurit ngglandang tiyang ingkang sampun karangket, badhe kasowanaken dhateng pangarsaning tiyang Yahudi. Panci leres, ingkang karangket punika Gusti Yesus ingkang sampun sawetawis dening para pangarsaning tiyang Yahudi badhe dipunsedani. Menawi kaetang, Gusti Yesus miturut sekawan kitab Injil dipun adili dening para pangarsaning tiyang Yahudi ngantos rambah kaping 6: Ingkang sepisan ing ngajenging Hanas (marasepuhipun Kayafas), kaping kalih ing ngajenging Kayafas ingkang kalenggahanipun minangka Imam Agung, kaping tiga ing ngajenging Sanhedrin (Mahkamah Agami), ingkang kaping sekawan ing ngajenging Pilatus (Gubernur Yerusalem), lajeng ingkang kaping gangsal ing ngajenging Herodes (Gubernur Galilea) lan pungkasan ing ngajenging Pilatus malih ngantos Gusti nampi paukuman pejah. Ing kawontenan nalika Gusti Yesus dipunadili, wonten kalih sekabatipun ingkang sami nggetuni tumindakipun, inggih punika Yudas lan Petrus.

Ing Kitab Injil Matius bab 26:75 “Petrus nuli kelingan pangandikane Gusti Yesus marang dheweke: “sakdurunge jago kluruk, kowe wis nyelaki Aku ping telu.” Banjur metu menyang ing jaba, nangis kelara-lara” lan Injil Matius 27:3-5 “Nalika Yudas, kang ngulungake Gusti Yesus, sumurup, yen Panjenengane bakal kasedanan, banjur kaduwung………nuli lunga saka kono lan mati nggantung.” Kalih-kalihipun sami nggetuni tumindakipun ingkang setunggal nyade Gusti Yesus lan ingkang setunggalipun nyelaki Gusti Yesus. Kamangka kekalihipun punika murid ingkang pinitados dening Panjenenganipun nglangkungi sakabat sanesipun.Namung bentenipun, menawi Petrus medal saking plataran lajeng nangis kelara-lara nggetuni tumindakipun, Yudas kesah saking papan punika lajeng ngendhat (pejah nggantung).

Kita sedaya nate nggetuni lampahing tumindak ingkang mboten leres. Kadangkala raos getun ingkang sekelangkung ageng njalari manah ngraosaken kapetek lan mboten saged nglampahi gesang sacara limrah. Saking awrating tumindak ingkang sampun katindakaken,  roas getun ingkang tuwuh dereng kantenan nuntun ing pamratobat. Ananging saged kemawon, kados ingkang lajeng katindakaken dening Yudas inggih punika pejah nggantung. Namung kadospundhi ingkang kedah katindakaken dening tiyang pitados menawi nglampahi tumindak ingkang awon lajeng tuwuh raos getun? Punapa kalajengaken kesah (nglungani masalah), namung mandheg ing raos getun, utawi namung nangis kelara-lara, utawi malah ngendhat (mati nggantung)? Kathah tiyang, kadangkala mbokbilih kita ugi nedahaken raos getun kanthi cara-cara ingkang kelentu. Kamangka sejatosipun saged nggetuni dosa lan kalepatan punika wekdal ingkang kaparingaken dening Gusti Allah supados manungsa saged tinarbuka nampi sih rahmatipun Gusti wonten ing gesangipun.
Conto ingkang gampil menawi kita ningali liturgi ibadah GKJ mesthi bibar pangakening dosa salajengipun nampi sihrahmatipun Gusti. Pasamuwan sami kaajak nggetuni lan nelangsani dosanipun kanthi leres ing ngarsanipun Gusti supados Panjenenganipun kersa paring sih rahmat dhumateng kita sedaya.

Wekdal punika kita sami katimbalan nyawisaken manah lan kapitadosan badhe nampi Sakramen Bujono. Malah ing wekdal punika kita sesarengan kaliyan pasamuwan sanes badhe mengeti Sakramen Bujono sakdonya. Sumangga, menawi wonten tumindak lepat njalari tiyang sanes ajrih lan kuwatos, tumindak ingkang cengkah kaliyan kersanipun Gusti kita sami ngakeni dosa lan kalepatan. Purun nggetuni dosa lan tinarbuka dhateng Gusti supados sih rahmat ingkang sampun kacawisaken dening Panjenenganipun tinampi ing salebeting kita sami kembul bojono.

BAHAN PENDADARAN

GESANG KAWENGKU PEPADHANG
Firman : I Yokanan 1 : 5-7

Pepadhang saking tembung padhang ingkang nggadahi teges 1) ora peteng; 2) resik, tampa was-sumelang; 3) terang, cetha (saking Bausastra). Miturut basa Yunani tegesipun padhang inggih punika “maringi padhang utawi ngedalaken padhang”. Salajengipun miturut paseksi Kitab Suci, tembung pepadhang punika nggadahi teges Gambaraning Allah piyambak (1Yok 1:5); utawi ugi gambaran saking kasaenan, kayekten lan kaadilan.  
Milanipun ing ayat ingkang kaping gangsal Rasul Yokanan ngandika : “Gusti Allah iku pepadhang lan Panjenengane ora kadunungan pepeteng babar pisan.” Rasul Yokanan ing ayat punika badhe nandhesaken bilih Allah ingkang kasembah punika Allah ingkang nuntun ing pepadhang. Pangandika punika ugi ngengetaken dhateng pasamuwan bilih gesang dados pandherekipun Gusti punika gesang ingkang badhe tansah kawengku lan katuntun ing pepadhang. Semanten ugi saksampunipun kawengku lan katuntun ing pepadhang sedaya ingkang katindakaken kedah dhatengaken pepadhang. Kanthi mekaten kados ingkang kapangandikaken ing ayat salajengipun pasamuwan mboten kepareng gesang mlih ing pepeteng, ananging mbudidaya gesang manut margining pepadang.
Namung perkawisipun, ing kasunyataning gesang asring mboten mekaten, kita taksih remen gesang ingkang tebih kaliyan pepadhang sejati. Mburu karemenan kadonyan lan namung nengenaken pikajeng piyambak. Pitakenanipun;  Punapa kita sampun estu nampi pepadhang ing gesang menawi kadangkala taksih nindakaken patraping pepeteng?

Pasamuwan ingkang kinasih
Sumangga kita raosaken malih : gesang ing pepeteng asring tuwuh raos kuwatos, sumelang, tanpa pengajeng-ajeng, kebak panggresula, sewenang-wenang, lan tumindak-tumindak sanes ingkang pituwasipun damel rugining diri pribadi lan asanes. Dereng menawi nandhang karibedan lan nyanggi momotaning gesang, karaosaken awrat sanget.
Kosokwangsulipun menawi kita raosaken gesang ingkang kawengku ing pepadhang sejati punika karaosaken anget, nuntun ing kaleresan lan kebak ing pangajeng-ajeng.
Mila menawi pangandikanipun Gusti wanci punika paring pangandika “Balik Manawa laku kita ana ing pepadhang kayadene Panjenengane iya ana ing pepadhang…..” Saben tiyang ingkang ngaken bilih piyambakipun punika pandherekipun Gusti kedah tansah purun gesang ing pepadhang. Menawi Gusti Allah punika pepadhang kadospundhi kita ingkang ngaken dados pandherekipun gesang ing pepeteng? Kanthi mekaten, supados kita tansah gesang ing pepadhang kita kedah purun tetunggilan kaliyan Pepadhang gesang kita badhe dipunkuwaosi dening pepadhang lan katuntun dening pepadhang.
Pramila ing salebeting kita cecawis badhe nampi tandha katresnanipun Gusti, mbudidayaa gesang ing pepadhang. Awit menawi kita gesang tetunggilan kaliyan Panjenenganipun, rahipun Sang Kristus badhe ngresiki kita saking sekthahing dosa lan panerak kita Amin.

Friday, February 2, 2018

BAHAN PENDADARAN

NDADARA BADANMU

“Mulane saben wong ndadara awake dhewe, lan sawise mangkono lagi mangan roti lan ngombe  ing tuwung iku” (1 Kor 11:28).

Pasamuwan ingkang kinasih
Bujono Suci punika minangka sarana manembah dhateng Gusti ingkang maujud  ing salebeting sami kembul bujono sacara prasaja. Salebeting kembul bujono punika para murid sami sami mbage roti lan toya anggur ngenget-enget Gustinipun ingkang seda sinalib sarta ngriyaya sesambetan ingkang kabangun saking prajanjian enggal sesarengan kaliyan Gusti Allah. (J.I. Packer, Concise Theology: A Guide to Historic Christian Beliefs). Wiwit para murid lan pasamuwan wiwitan, tumindaking kembul bujono punika tansah katindakaken kanthi manah ingkang wening lan bingah awit para murid lan pandherekipun sami ngraosaken berkah patunggilanipun Gusti kaliyan umatipun.
Saben-saben nalikanipun pasamuwan sami ngawontenaken bujono, sami kedah kacawisaken kanthi estu supados mboten dados sandungan ing dirinipun lan pasamuwan sedayanipun minangka brayating Allah. Perkawis punika minangka pepenget ingkang baken awit Rasul Paulus piyambak ingkang ngengetaken ing ayat 27 “Dadi sing sapa kanthi sawiyah-wiyah anggone mangan roti sarta gombe ing tuwunge Gusti, iku dosa marang sarira lan rahe Gusti.” Pepengetipun Rasul Paulus nalika semanten kalairaken awit ing satengahing pasamuwan wonten sawetawis perkawis ingkang njalari kuceming asmanipun Gusti, kadosdene:
Ingkang sepisan, kaserat ing ayat 18 “…….samangsa kowe padha masamuwan, ing antaramu ana pasulayan,…..”
Ingkang kaping kalih,  kaserat ing ayat 20-21 “Manawa kowe padha masamuwan iku ora nedya mangan bujanane Gusti. Sabab nalikane padha kembul mangan iku, saben wong ndhisiki njupuk pangane dhewe, satemah kang siji kaluwen, sijine mendhem”.
Mila lumantar perkawis punika, salajengipun Rasul Paulus ngengetaken kanthi sanget, supados sakderengipun kembul bujono mengeti pangurbananipun Gusti Yesus, saben tiyang kedah ndadar dirinipun piyambak “Mulane saben wong ndadara awake dhewe, lan sawise mangkono lagi mangan roti lan ngombe  ing tuwung iku”  Punapa kersanipun Rasul Paulus, supados pasamuwan sami ndadar dirinipun piyambak?
Pasamuwan ingkang kinasih
Bujono suci punika minangka lambang (gambar) babaring prasetyan lan pakaryanipun Gusti Allah ingkang utami ing gesanging pasamuwan. Bujono suci punika mboten namung perkawis ibadah lan ritualipun ibadah lan ugi mboten namung sesambetan kaliyan pranataning ibadah. Ananging bujono suci punika ugi sesambetan kaliyan gesanging pasamuwan sacara nyata. John Calvin nate ngandika bilih satunggaling pigunanipun nampi bujono suci inggih punika supados “kita sami nunggil lan gesang langkung malih ing Sang Kristus lan supados Panjenenganipun ugi gesang lan nunggil ing gesang kita.”
Pramila, saben tiyang ingkang badhe nampi bujono suci kedah ndadar ingkang ateges neter (nguji) diri pribadi, “Punapa kula pantes nampi pakaryanipun Gusti ingkang agung ing gesang kula?; punapa kula sampun kanthi estu nggetuni dosa lan lampahing dosa ingkang kalamangsanipun kula lampahi ing gesang?”, “punapa kula sampun njagi lan nglairaken gesang ingkang cundhuk kaliyan kersanipun Gusti?” lan sakpiturutipun.
Awit saking punika sumangga sesarengan sakderengipun kita sami badhe kembul bujono, kita cawisaken manah lan pangangen-angen kita kanthi estu. Sumangga kita sami ndadar diri kita piyambak-piyambak, punapa kita sampun gesang manut kersanipun Gusti lan sampun cundhuk kaliyan kersanipun Gusti?