Sunday, February 4, 2018

Eling lan Waspada

Markus 13:24-37
Waosan wekdal punika minangka peranganing piwulangipun Gusti Yesus sesambetan kaliyan Kotbah bab wekasaning jaman. Nyarengi rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih saksampunipun kasangsaran kelampahan, lajeng kagantos tanda-tanda rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih. “srengenge baka dadi peteng lan rembulan ora bakal sumunar sarta lintang-lintang bakal padha tiba saka ing langit, apadene pikukuhe langit bakal padha gonjing.”  Kosmos (tatananing jagad raya ingkang selaras) badhe wor suh.
Miturut buku-buku Apokaliptik Yahudi (asalipun saking tembung Yunani ingkang tegesipun “menyingkapkan” utawi binuka lan sesambetan kaliyan sakderengipun ingkang winadi ananging sakpunika sampun binuka) gonjang-ganjinging jagad badhe kelampahan malih ing pungkasaning jaman ngiringi rawuhiun Gusti Yesus ingkang kaping kalih. Bentenipun kaliyan jejer lelampahan ing akhir jaman saking kitab sanesipun, perikop punika mboten ngrembag bab pangadilan, paukuman ingkang nggegirisi ananging badhe nglipur lan ngiyataken. Senajan sedaya kasangsaran ingkang kelampahan badhe dipunalami dening umat kagunganipun Gusti ananging sedaya minanga sarana methukaken rawuhipun Putraning Allah ingkang ngasta prasetyan kawilujengan. Nalika putraning Allah rawuh, para pepilihanipun badhe kakempalakan dening para mlaekat saking pojok-pojoking bumi utawi keblat papat. Para tiyang pitados ingkang tansah nggondeli kapitadosan ngantos pungkasan badhe tampi kanugrahan kawilujengan dening putraning Allah.
Sesambetan kaliyan perkawis punika, para muridpun kaparingan pasemon malih bab wit anjir (tembung serapan saking anjeer bahasa Gujarati India; bahasa inggrisipun fig; bahasa Alkitab Indonesia punika pohon Ara; bahasa arabipun wit TIN), minangka tanda rawuhipun Gusti.  Sedaya tanda-tanda punika minangka srana para murid sami mangertosi dinten rawuhipun Gusti sangsaya celak. Langkung-langkung tumrap tiyang-tiyang Yahudi ingkang nampi piwulangipun Gusti nalika semanten kadosdene ingkang katerangaken ing ayat 30. Miturut para ahli kitab, ingkang kasebat jinis iki sambetan kaliyan tiyang-tiyang Yahudi ingkang ngalami kawontenan kadosdene pungkasaning jaman nalika Padaleman Sucinipun rubuh kabesmi. Semanten ugi temtunipun tumrap para pitados punika peranganing tanada ingkang kaparingaken dhateng kita ing pungkasaning jaman.
Sedaya ingkang badhe kelampahan mboten wonten ingkang pirsa kejawi namung Gusti Allah ingkang kagungan panguwaos dhateng jagad. Ingkang baken lan ingkang perlu dipungatosaken dening para muridipun wonten ing 3 ayat pungkasan saking perikop punika : “Sing pada ngati-ati lan tansah padha meleka!”
Rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih mboten wonten ingkang sami pirsa, mila Gusti Yesus dhawuh supados para pandherekipun kadawuhan sami ngatos-atos lan jumaga. Kadosdene pasemon bab abdi ingkang kapasrahan griya supados kajagi. Nalika ingkang kagungan griya kesah ingkang wekdalipun mboten saged katemtokaken, piyambakipun paring tugas dhateng para abdinipun trep kaliyan jinis tugasipun. Contonipun Griya-griya ageng ing Israel nalika semanten, asring tebih kaliyan margi lan katutup dening tembok ing ngupengi griya punika. Ing ngajeng regol wonten griya alit kangge abdi ingkang kapsrahan tugas njagi. Saisinipun griya dados tanggel jawabipun abdni punika. Abdi ingkang nggadahi tugas jagi punika ing saksisih nglampahi tugas jagi inggih jagi kawilujengan lan njamin kawontenan aman ing sakiwa tengenipun. Ing saksisihipun piyambakipun ugi jagi dirinipun piyambak sampun ngantos tilem, menawi tilem ing salebeting jagi ateges nerak dhawuhipun bendaranipun semanten ugi menawi wonten ingkang badhe colong jupuk, tiyang punika saged mangertos kanthi kawaspadan.
Dhawuhipun Gusti Yesus supados ngatos-atos lan tansah padha meleka! Ngatag dumateng kita sedaya supados tansah siaga bab punapa kemawon ingkang badhe kelampahan langkung-langkung dhatengipun pungkasaning jaman. Siaga ing iman, siapa ing gesanging ibadah saben wekdal supados mboten gampil kaseret ing pambliduging jaman, siapa ing lampahing budi saben wekdal supados mboten gampil kapincut dhateng perkawis-perkawis ingkang badhe nebihaken kita kaliyan ingkang kagungan gesang.
Wonten falsafah jawi ingkang ukaranipun “Eling lan Waspada” Falsafah punika mulang supados manungsa tansah enget lan waspada nalika nglampahi gesang. Falsafah punika kawentar saksampunipun kaserat dening Ranggawarsita, ing serat Kalatida:
Amenangi jaman edan
Ewuhaya ing pambudi
Melu edan ora tahan
Yen tan melu anglakoni
Bya keduman melik,
Kaliren wekasanipun,
Ndilalah kersa Allah,
Begja-begjaning kang lali,
Luwih begjo kang eling lan waspada

POKOK PIREMBAGAN :
  1. Iman ingkang jumaga lan iman ingkang “melek” punika iman ingkang kadospundhi?
  2. Kadospundhi kita budidaya supados tansah pinanggih ing gesang iman ingkang jumaga lan iman ingkang “melek”?
  3. Punapa ingkang asring dados pepalang kita mboten saged nedahaken iman ingkang jumaga lan iman ingkang “melek” ?

Awakmu Kudu Sampurna

2 Korinta 13:11-13




“Wasana, para sedhulurku, padha bungaha, udinen supaya awakmu sampurna…..”
Udinen supaya awakmu sampurna! Punapa Rasul Paulus nalika nyerat punika kaliyan gojekan, awit punapa wonten tiyang ingkang sampurna? Amargi namung Gusti Yesus ingkang sampurna. Lajeng punapa ingkang kakersakaken dening rasul Paulus sesambetan kaliyan ukara punika?
Ing kitab suci wonten kalih teges sesambetan kaliyan tembung sampurna;  Ingkang sepisan, kapanggihaken ing Injil Matius 5:48 “Mulane kowe padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna” Tembung sampurna ingkang aslinipun saking tembung teleios nggadahi teges dados diwasa, dumugi ingkang punkajengaken, jangkep, wetah, mateng. Sambetan kaliyan artos punika,  Rasul Paulus nedahakaken bilih Gusti Allah njangkepi pasamuwanipun supados tansah tumuwuh lan tundhonipun “……..bisa nggayuh manunggaling pracaya lan kawruh kang bener tumrap Putraning Allah, kadiwasan kang sampurna lan tataran kang cundhuk karo kasampurnaning Sang Kristus”. Dados ingkang kakersakaken dening Gusti Allah tumrap pasamuwanipun punika kadiwasan rohani ngantos dumugi ing kasampurnanipun Allah. Dadosa ing bab pangertosanipun, sikap, pangangen-angen lan tumindak ing gesang saben wekdal.
Ingkang kaping kalih, tembung “………udinen supaya awakmu sampurna…” tembung sampurna ingkang kaginakaken ing ayat 11 inggih punika tembung katartizo ingkang tegesipun “kapulihaken kadosdene kawontenan wiwitan” Kawontenan wiwitan ingkang punkajengaken inggih punika kawontenaning manungsa ingkang dereng dhumawah ing dosa, gesang ingkang kawengku ing kamulyanipun Allah. Kanthi mekaten tembung sampurna ingkang kakersakaken inggih punika  kawontenan ingkang kapulihaken malih lan nggayuh kadiwasan ingkang wetah. Menawi punika kelampahan, mboten mokal menawi kita saged gesang tanpa cacat lan tanpa lepat, awit manungsa karohanen kita saben wekdal tansah kapulihaken lan tansah kadiwasakaken. Milanipun Rasul Paulus paring pambereg dhateng pasamuwan kanthi tembung “…udinen…” tegesipun ngupaya kanthi tumemen. Awit sinten ing tumemen mesthi badhe nampi makuthaning gesang langgeng, trep kaliyan falsafah jawa ingkang mekaten “Sopo Sing Temen Bakal Tinemu”
Tembung pambereg ing panutup serat punika sejatosipun peranganipun dhawuh saking Paulus dhumateng pasamuwan ing Korinta, dhawuh supados pasamuwan tansah gesang miturut kersanipun Allah. Gesang ingkang tansah mituhu lan kebak pambangunturut alandhesan iman ingkang leres ing ngarsanipun Gusti.
Menawi kita gatosaken saking ayat-ayat sakderengipun, kita saged ningali raos kuciwanipun Rasul Paulus dhumateng pasamuwan ing Korinta. Mila Rasul Paulus nyerat serat 2 Korinta punika kanthi tujuan : ingkang sepisan, mbereg pasamuwan korinta ingkang tetep setya dhumateng piyambakipun minangka bapa rohaninipun pasamuwan. Ingkang kaping kalih, Rasul Paulus nantang lan mbikak wadi-nipun para rasul palsu ingkang mboten nampi piyambakipun sacara pribadi kanthi tujuan supados kawibawanipun, kalenggahanipun minangka Rasul lan isining Injil ingkang kawartosaken mboten dipunpitadosi dening pasamuwan. Ingkang kaping tiganipun, Rasul Paulus nyerat punika supados pasamuwan mangertos bab kalenggahan lan wewenang rasuli ingkang kaparingaken dening Gusti ing satengahing pasamuwan. Mboten piyambakipun ingkang kepingin nglenggahi kalenggahan rasul ananging sedaya kalawau amargi kersanipun Gusti. Mila Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan supados sampun ngantos tetep gesang ing pangertosan lan iman ingkang lepat ing ngarsanipun Gusti. Kanthi njlentrehaken perkawis punika pangajab pasamuwan saged manggihaken sinten rasul-rasul palsu ing antawisipun pasamuwan lan milah punapa ingkang maedahi tumrap gesanging imanipun.
Senajan kawontenanipun pasamuwan kapanggihaken perkawis-perkawis ingkang nyulayani kersanipun Gusti lan saged kemawon njalari pedhoting sesambetan Rasul Paulus kaliyan pasamuwan. Ananging mungkasi seratipun punika, panjenenganipun tetep paring semangat lan pambereg. Mbokbilih pangucap lan pameleh ing ayat sakderengipun njalari sedihipun pasamuwan, ananging ing pungkasanipun panjenenganipun nyuwun supados pasamuwan tansah bingah. Langkung-langkung sambet kaliyan bab kasampurnan, Rasul Paulus tetep mbereg, supados pasamuwan kedah tansah golek dalan padhang trep kaliyan kersanipun Gusti Yesus Kristus.

POKOK PIREMBAGAN :
  1. Kadospundhi caranipun ngudi kasampurnaning gesang wonten ing Sang Kristus Yesus?
  2. Punapa kemawon ingkang dados pepalang nalika kita kabereg ngudi kasampurnanng gesang?
  3. Punapa ingkang kedah tansah kabudidaya saben wekdal supados kita kasagedaken nampi kasampurnaning gesang wonten ing Gusti Yesus?

Sang Roh Ingkang Nunggilaken

1 Korinta 12:3b-13


Wonten pasulayan ing satengahing pasamuwan Korinta. Tanda wontenipun pasulayan punika, sampun sinerat ing wiwitaning seratipun Rasul Paulus dhateng pasamuwan ing Korinta (I Kor 1:10-11).  Tuwuhing pasulayan amargi setunggal lan setunggalipun sami ngegung-egungaken pimpining pasamuwan piyambak-piyambak (kelompokipun Paulus, kelompokipun Apolos, lsp) lan ngegung-egungaken peparingipun Gusti ingkang benten-benten. Ingkang setunggal rumaos kaparingan peparing ingkang langkung ngedab-edabi katimbang sanesipun ingkang rumaos kaparingan peparing biasa kemawon.
Punapa malih masyarakat Korinta kawontenanipun ingkang kebak ing wor suh jalari gesangipun pasamuwan mboten murni ing cak-cakanipun. Kitha Korinta (asal saking tembung Yunani “korinthiazomai tegesipun tumindaking laku bedang) punika kitha pelabuhan ingkang ageng ugi dados punjering nyembah brahala Venus lan Afrodit.   Miturut para ahli, praktek nyembah brahala punika dados landhesan tuwuhing basa roh ing satengahing pasamuwan Korinta (bdk. 1 Kor 12:2). Saking prakteking ibadah ingkang mekaten lajeng nuwuhaken roas meri dhateng setunggal lan setunggalipun njalari tuwuhing pasulayan. Awit ingkang setunggal rumaos langkung sae katimbang sanesipun sambetanipun kaliyan peparingipun Gusti punika.
Rasul Paulus lajeng njlentrehaken bab peparingipun Gusti ingkang benten-benten punika ing ayat 4-6 : “Peparing iku warna-warna, nanging Sang Roh iku mung siji. Lan wujuding leladi iku rupa-rupa, nanging Gusti iku mung siji, Apadene kang katindakake iku maneka warna, nanging Gusti Allah mung siji kang nindakake samubarang an ing wong kabeh.”  Ing ayat 4 Paulus ngginakaken tembung dasar inggih punika charisma (LAI:TB“karunia”), ayat 5 diakonia (LAI:TB “leladi”), lan ayat 6 energēma (LAI:TB “tumindak ingkang ngedap-edapi). Ingkang radi benten, ing ayat 7, Rasul Paulus ngginakaken tembung phanerōsis (LAI:TB “pernyataan”). Senajan tembungipun benten-benten ananging piyambakipun kepingin njlentrehaken perkawis ingkang sami. Rasul Paulus nandesaken peparing karohanen ingkang benten-benten punika pinangkanipun saking Allah. Peparing (karunia) kaparingaken supados tiyang sami mangertos bilih Gusti Allah punika ingkang utami ingkang dados sumbering keyakinan lan ayahan. Awit Gusti Allah piyambak ingkang sampun nindakaken samukawis dhumateng sedaya tiyang pitados. Mila anggenipun ngecakakaen peparingipun Gusti punika mboten dipunkeparengaken kagem ngedung-egungaken dhiri ananging kagem ngluhuraken asmanipun Gusti Allah. Mboten namung punika, bilih sedaya peparing Roh kedah katindakaken adhedhasar katresnan. Supados tumujunipun dhumateng pambangunaning sariranipun Sang Kristus ing gesang pasamuwan.
Lajeng punapa tujuanipun Gusti Allah maringi peparing Roh ingkang mawerni-werni ing satengahing pasamuwan? Kados ingkang kaserat dening Rasul Paulus ing serat Efesus 4:12-13 : “supaya para suci pada kacawisna kanggo ayahan leladi, kanggo pambangune sarirane Sang Kristus,nganti kita kabeh wus padha bisa nggayuh manunggaling pracaya lan kawruh kang bener tumrap Putraning Allah, kadiwasan kang sampurna lan tataran kang cundhuk karo kasampurnaning Sang Kristus.”
Kanthi mekaten sedaya ingkang katindakaken lumantar peparinging Sang Roh ing satengahing pasamuwan tujuanipun supados ingkang sepisan pasamuwan kacawisaken kangge nindakaken ayahan leladi ing satengahing pasamuwan punapadene ing satengahing sesami; ingkang kaping kalih,  pasamuwan kasagedaken nggayuh manunggaling pitados lan kawruh ingkang leres tumrap putraning Allah inggih Gusti Yesus Kristus; kaping tiganipun, pasamuwan sangsaya tambah diwasa ing iman lan tumrap tanggel jawabing gesang padintenan; ingkang kaping sekawan, pasamuwan sangsaya tumuwuh ing iman trep kados kakersakaken dening Gusti Yesus kanthi cara gesang sami ngajeni setunggal lan setunggalipun, tulung tinulung dhateng sanesipun.
Wonten ing benten-bentenipun peparing kita sedaya katunggilaken ing Gusti Yesus. Wonten ing Gusti Yesus, ingkang benten mboten njalari cengkah lan tuwuhing dredah, ananging dados endah awit sedaya kedah sami njangkepi setunggal lan setunggalipun. Mekaten ingkang kakersakaken dening Rasul Paulus lumantar seratipun punika.
Pangertosan punika benten kaliyan pemikiranipun pasamuwan ing korinta. Pasamuwan ing Korinta nggadahi panganggep bilih peparing (karunia) ingkang benten-benten punika kaparingaken tujuanipun kangge nedahaken kaluwihaning diri tumrap sanesipun. Kadosdene jaman samangke, kathah tiyang Kristen ingkang ugi gampil kapilut dhateng para abdinipun Gusti ingkang nggadahi “karunia” tertemtu katimbang saestu pitados dhateng Gusti ingkang makarya ing gesangipun abdinipun. “Pengultusan” (paring pakurmatan ingkang kelangkung dhateng tiyang) dhateng abdinipun Gusti tertemu punika minangka bukti bilih piwulangipun Rasul Paulus ing 1 Korinta 12:6 dereng sedaya dipunmangertosi lan dipuntindakaken dening pasamuwan Kristen.
     Minangka tiyang pitados kita kedah ngaturaken pangucap sokur atas sedaya peparingipun Gusti ing satengahing pasamuwan. Peparing ingkang mawerni-werni punika dados rajabrananing gesanging pasamuwan, ingkang kedah karimat, kajagi lan katuwuhaken sesarengan minangka suhing patunggilaning pasamuwan. Awit kados ingkang sampun kaaturaken dening Rasul Paulus, Gusti Allah maringi peparing ingkang werni-werni punika supados para suci sami kacawisaken ayahan leladi ing satengahing pasamuwan lan ing satengahing sesami.


POKOK PIREMBAGAN :
  1. Punapa panjenengan nampi peparinging Sang Roh (karunia) ing gesang panjenengan? Punapa wujudipun?
  2. Menawi kita nampi peparing (karunia) ing gesang, punapa ingkang perlu katindakaken lan punapa ingkang perlu kasingkiraken supados peparing punika njalari diwasaning pasamuwan?
  3. Kasuwun atur paseksi, pengalaman migunakaken peparinging Sang Roh ing lampahing gesang ngantos wekdal punika?

Saturday, February 3, 2018

GUSTI ALLAH INGKANG PARING PULIH

Yesaya 35:4-7a

Wonten pitutur jawi ingkang ngendikakaken mekaten: “Pangeran iku Mahakuasa, pepesthen saka kersaning Pangeran ora ono sing bisa murungake”. Tegesipun Gusti Allah punika mahakuwaos, panjenenganipun ingkang kagungan pepesthen samukawis ing gesang punika lan mboten wonten ingkang saged mbatalaken. Kanthi teges ingkang mekaten manungsa sami kabereg mujudaken ing sikap lan lampahing gesang ingkang tansah sumadya ngadhepi lan nglampahi punapa kemawon kanthi tatag lan pasrah ing ngarsanipun Gusti. Tatag lan pasrah dhateng kersanipun Gusti awit Panjenenganipun ingkang saged mangsulaken kawontenaning gesang.

Bab 35 (1-39) saking kitab Yesaya (Proto Yesaya) dipunyakini pinangkanipun saking zaman nalika Yehuda (krajan Israel sisih kidul), kaancam dening Asyur. Bangsa Asyur punika namung kaagem dening Gusti Allah kangge ngengetaken bangsa Israel awit pambalelanipun. Sejatosipun, dosanipun Israel piyambak ingkang dados ancaman ing gesanging bangsa. Gusti Allah paring paukuman lan bangsa Israel kabuwang ing tanah Asyur, ing ngriku ngraosaken rekaosing gesang. Katindes, kaaniaya, kerapan lan kapetek ing gesang karohanen. Nanging awit katresnanipun Gusti ingkang ageng, senajan kaukum badhe kaluwaran. Nabi Yesaya dados sarana martosaken prasetyanipun Allah bab pulihing kawontenan lan kawilujengan ingkang badhe kaparingaken.
Paukuman sampun rampung badhe kagantos kanugrahan ingkang kaparingaken dhateng bangsa Israel. (ay.1). Kawontenan tanah prasetyan ingkang sampun suwung lan kados dene ara-ara samun badhe kapulihaken. “Palemahan mati”, gersang lan suwung mboten namung badhe kadadosaken subur ananging dados petamanan ingkang semarak kebak thethukulan sekaripun. Ara-ara samun badhe kaparingan kamulyaning Libanon,  kaluhuraning Karmel lan Saron. Redi Libanon jaman semanten kawentar kanthi wit-witaan Eres ingkang lempeng lan inggil saha ngrembuyung ronipun. Redi Karmel ing peranganipun punika nggadahi siti ingkang subur kangge tetanen. Ngare Saron kawentar lumantar kembang mawaripun ingkang elok (Musthikaning Kidung 2:1).
Mboten namung kawontenan tanah prasetyan ingkang badhe kapulihaken, ananging kawontenanipun tiyang Yahudi ingkang ngraosaken panandhang ugi badhe kapulihaken. Prasetyan punika kaparingaken ing ayat 3-4 dhateng bangsa Israel ingkang taksih purun mratobat lan pitados dhateng Panjenenganipun. Gusti Allah piyambak ingkang badhe mulihaken kawontenan punika. “Mripate wong wuta bakal padha kaelekke lan kupinge para wong budheg bakal padha kabukak. Ing wektu iku wong lumpuh bakal mlumpat-mlumpat kaya menjangan, tuwin cangkeme wong bisu bakal surak-surak..”
Kanthi nggatosaken gegambaran ingkang kados kapangandikakaken ing ayat punika, kita lajeng mangertos bilih Gusti Allah mulihaken kawontenan Israel sawetahipun. Dadosa papan panggenanipun, gesang padintenan lan gesang ing karohanipun. Awit pancen kados mekaten sejatosipun ingkang katindakaken dening Gusti Allah dhateng umat kagunganipun kalebet dhateng kula lan panjenengan. Menawi Panjenenganipun ngersakaken kawontenanipun manungsa pulih, mboten namung saperangan kemawon, ananging badhe kapulihaken kanthi wetah.
Pancen,  Gusti Allah kalamangsanipun nganggem perkawis-perkawis ing gesang kita, panjenenganipun ugi kadangkala paring paneter dhateng kagunganipun. Ananging sedaya kalawau katindakaken dening Gusti Allah, mboten supados umatipun sirna, ananging supados sami mratobat lan gesang miturut kersanipun Gusti. Panjenenganipun punika kadosdene bapa lan biyung kita, anggenipun nggulawenthah patrapipun sami. Kadangkala para lare perlu ngadhepi lan ngraosaken perkawis saha kadangkala ugi mawi “kagitik” ing piwulang ingkang leres, supados ing tembe gesangipun sae lan tanggel jawab.
Senajan kita piyambak nalika perkawis punika kelampahan boten gampil dipuntampi malah wonten ingkang mboten purun nampi. Ananging menawi purun sinau kersanipun Gusti ing kasangsaran lan gesang gumantung namung dhumateng Gusti temtu Gusti Allah badhe mulihaken kawontenan kita.

POKOK PIREMBAGAN :
1.       Punapa panjenengan sedaya nate ngrosaken bilih perkawis ingkang dipun alami punika minangka pepemutipun Gusti? Ing perkawis punapa?
2.       Punapa kemawon ingkang asring njalari kita angel ngandelaken Gusti ing salebeting ngadhepi perkawising gesang?

3.       Kadospundhi caranipun supados kita tansah murni ngandelaken Gusti ing perkawising gesang ingkang kita alami?

GESANG MITURUT DHAWUHIPUN

Ulangan (Pangandharing Toret) 4:1-2,6-9


Tanah Prasetyan sampun ing ngajeging paningal, sekedhap malih bangsa Israel badhe manggen ing tanah punika. 40 tahun bangsa punika kairid lan kapimpin dening Gusti ing ara-ara samun, nampi piwulangipun lan gesang ing pranatanipun. Bingah lan susah, ing kawontenan aman lan ngadhepi bebaya sampun dipun raosaken. Kapimpin dening Gusti Allah piyambak lumantar Nabi Musa. Namung emanipun, amargi pambalelanipun bangsa Israel, Nabi Musa ngantos duka lan nerak dhawuhipun Allah. Punika nedahaken, senajan Nabi Musa punika tiyang pilihanipun ananging piyambakipun ugi manungsa limrah. Nabi Musa nampi paukuman saking Gusti, mboten pareng lumebet ing tanah prasetyan. Mboten saged sesarengan manggen ing tanah Prasetyan lan ngraosaken wohing kangelanipun. Hing salebeting sami badhe lumebet ing tanah prasetyan punika, Nabi Musa paring pangandika “Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi Negara peparingie Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.” (ay.4:1).
Kanthi cetha bilih pangandika punika kaandharaken supados bangsa Israel tetep kawengku ing panuntunipun Gusti Allah lan gesang miturut kersanipun. Mila bangsa Israel kedah nggatosaken gesangipun, inggih punika :
1.       Ayat 2 “Pitutur kang dakprentahake marang kowe iku aja padha kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi, supaya kowe padha nggatekna pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang dakprentahake marang kowe” Nabi Musa ngengetaken dhateng bangsa Israel bab nggatosaken pepakenipun Sang Yehuwah punika minangka perkawis ingkang utami. Pepakenipun Gusti Allah punika perlu tansah kasengkeraken ing gesangipun umat. Katindakaken kanthi murnining manah lan ing gesang saben wekdal. Sampun ngantos wantun muwuhi punapadene ngirangi pangandika punika, ananging mligi katindakaken kadosdene ingkang sampun kaparingaken. Pangandikanipun Gusti Allah mboten kepareng dipunsepelekaken punapa malih kalirwakaken, awit gesanging umat punika katuntun lumantar pangandikanipun Gusti mboten amargi kekiyatanipun piyambak.
2.       Ayat 6 “Mulane iku pada lakonana kalawan setya, awitdene iku kang bakal dadi kawicaksananmu lan kaluwihaning budimu ana ing ngarepe para bangsa………..”
Salajengipun, Nabi Musa ugi ngengetaken bab kadospundhi kedahipun nindakaken pangandika punika. Pangandika punika kedah katindakakaken kanthi serya. Mboten namung dipungatosaken, namung dipunwulangaken, mboten namung karaos-raosaken. Ananging katindakaken kanthi sertya. Setya nggadahi teges tansah mantep ing pasuwitane. Mboten keguh lan milih sanesipun kejawi ingkang sampun dados pilihanipun. Semanten ugi ingkang kakersakaken dening Musa dhateng bangsa Israel. Bangsa Israel kedah saged nglairaken iman lan mujudaken gesang minangka bangsa pilihan, nglairaken paseksi kanthi setya ing ngarsanipun Gusti Allah. Dadosa nampi perkawis ingkang bingah punapadene menawi mangkenipun kedah ngadhepi kasangsaran, kapitadosan lan tumindaking umat kedah tetep miturut kersanipun Gusti. Awit namung lumantar kasetyan,  ingkang njalari tuwuhing wicaksana lan kaluwihaning budi ingkang sae ing antawisipun bangsa sanes. 
3.       Ayat 9 “Nanging diprayitna lan dingati-ati, supaya kowe aja nganti lali marang lelakon kang wus padha koksipati kalawan mripatmu dhewe……”
Presiden Soekarno nate ndamel slogan “jas merah” (jangan sekali-kali melupakan sejarah). Semanten ugi ingkang kakersakaken lumantar pangandika punika, Nabi Musa ngengetaken supados bangsa Israel tansah ngengeti sejarahing gesang bangsa. Lelampahanipun bangsa punika kedah dados pitutur tumurun tumurun dhateng brayatipun Israel, supados tansah enget bilih kanugrahan ingkang tinampi sedaya awit saking Gusti Allah. Dados kawigatosan lan pangati-atinipun para sepuh lan sedaya bangsa supados tetep nggatosaken gesangipun ing ngarsanipun Gusti awit Panjenenganipun ingkang sampun maringi berkah lan kawilujengan.

Kenging punapa, Nabi Musa ngengetaken dhumateng bangsa punika supados nggatosaken gesangipun kados ingkang kinersakaken dening Gusti? Awit Nabi Musa pirso kadospundhi patrapipun bangsa Israel, senajan sampun kapilih dening Gusti ananging asring tumindakipun nerak pranatanipun Gusti, remen mbalela lan ngendelaken kekiyatanipun piyambak. Mboten namung punika, tanah prasetyan ingkang mangke dipunejeki mboten tanah ingkang suwung, ananging tanah ingkang ugi dipunpanggeni penduduk asli Kanaan ingkang nggadahi keyakinan sanes lan nyembah dhateng brahala lan allah sanes. Awit saking punika perlu tansah dados kawigatosan ing sauruting gesangipun umat ingkang sampun pinilih. Supados prasetyan lan kamulyanipun Gusti lestantun ing gesangipun umat.
Pangandika punika ugi ngengetaken dhumateng kita minangka umat kagunganipun. Saben pangandika ingkang kita tampi kedah katindakaken kados ingkang sampun kaparingaken dening Gusti. Sedaya ingkang kita lampahi kedah adhedasar iman dhumateng Gusti. Supados gesang kita tansah kawengku ing panguwaosipun. Punapa malih ing kawontenaning gesang ingkang kebak ing panggodha, tiyang pitados kedah tansah nyuwun panuntunipun Gusti. Supados tetep kasagedaken nglairaken gesang ingkang kebak ing tanggel jawab lan maedahi.
Monggo dipunpungkasi kanthi nembang saking cakepan tembang dhandhanggula ing ngandhap punika:
Sasmitaning ngaurip puniki/mapan ewuh yen ora wruha/tan jumeneng uripe/akeh kang ngaku-aku/pangrasane sampun udani/tur durung weruh ing rasa/rasa kang satuhu/rasaning rasa punika/upayanen darapon sampurna ugi/ing kauripan.



POKOK PIREMBAGAN :
1.       Kadospundhi mujudaken kasetyaning iman ing sauruting gesang saben wekdal?
2.       Gesang manut pangrehipun Gusti ing cak-cakaning gesang punika ingkang kadospundhi?

3.       Keparenga bapak/ibu lan sedherek atur paseksi pengalamaning gesang ingkang katuntun ing pangrehipun Gusti?

TAN KENDHAT SIH KATRESNANIPUN GUSTI

Kidung Pangadhuh 3:22-33

Sedaya manungsa mesthi ngadhepi perkawis, dadosa ingkang entheng punapadene ingkang awrat. Perkawis ingkang dipunadhepi jalaranipun saged saking tiyang sanes, saged ugi saking diri pribadi. Mbokbilih ugi saking kersanipun Gusti, ingkang ngaggem perkawis supados manungsa enget dhateng Panjenenganipun.
Pancen nalikanipun perkawis punika kelampahan, mboten wonten ingkang purun nampi kanthi bingah. Namung menawi sampun ngadhepi, purun mboten purun kedah mbudidaya supados uwal saking perkawis. Lajeng kadospundhi caranipun?
Kitab Kidung Pangadhuh kaserat antawis taon 587-538 SM dening Nabi Yeremia ingkang sacara langsung ningali prahara ingkang dipunadhepi bangsa Israel. Bangsa  Israel kagecak perang lan dipunkuwaosi dening bangsa Babel. Padaleman Suci ingkang endah ing Yerusalem kabesmi radin kaliyan siti. Bangsa Israel sami kabuwang ing tanah pangawulan Babel. Ing tanah pangawulan para tiyang Yahudi sami ngraosaken panandhang ingkang awrat. Ningali kawontenan punika, mila Nabi Yeremia nyerat Kitab Kidung Pangadhuh ingkang isinipun nedahaken kaprihatosan ingkang lebet dhateng kitha Yerusalem lan bangsa Israel umat kagunganipun Gusti.
Wonten ing salebeting prihatos, Nabi Yeremia ugi nglairaken paseksinipun, bilih Gusti Allah punika sejatosipaun Allah ingkang sejati lan adiling pakaryan lan kamirahanipun. Senajan Gusti Allah masrahaken umatipun kapeteg ananging ugi nedahaken welas asihipun dhateng umat ingkang kebak ing pangajeng-ajeng dhateng Panjenenganipun. Awit kadosdene ingkang kaserat ing ayat 22-23, Panjenenganipun punika Allah ingkang luber ing sih kamirahanipun lan sih piwelasipun ingkang tanpa kendhat.
Adhedasar pangaken ingkang mekaten mila kita saged manggihaken sifat lan sikaping Allah ingkang kasebataken ing ayat salajengipun setunggal baka setunggal dening Nabi Yeremia (ayat 31)  “Awit Pangeran Yehuwah anggone nyebratake ora ing salawase”; (ayat 32) “amarga sanadyan Panjenengane maringi kaprihatonan, iya nuli paring palimirma”; (ayat 33) “awit ora kalawan lila-legawaning galihe Manawa maringi kasusahan lan kaprihatosan.”. Menawi kagambaraken sifat lan sikaping Allah kadosdene unen-unen jawi inggih punika “tega patine ora tega larane”.
Senajan Bangsa Israel asring mbalela lan nerak paugeranipun Gusti, ananging Panjenenganipun tetep lube ring katresnan. Punika ingkang katedahaken dening Nabi Yeremia dhateng bangsa Israel, awit bangsa punika angel nampi perkawis kanthi wicaksana, asring njalari nglepataken Gusti ing perkawis ingkang dipunadhepi. Nyatanipun, Gusti Allah tetep ngluberaken sih piwelas lan katresnanipun. Awit saking punika, Nabi Yeremia paring pambereg dhateng bangsa Israel supados :
1.        (Ayat 26) “Becik manawa wong nganti-anti marang pitulungane Sang Yehuwah kalawan sabar.” Menawi tiyang taksih nggadahi pangajeng-ajeng ateges piyambakipun taksih kepingin gesang. Semanten ugi ingkang kinersakaken saking ayat punika, Yeremia mbereg dhateng bangsa Israel supados tetep nggadahi pangajeng-ajeng kalawan sabar dhumateng pitulunganipun Gusti senajan nembe ngadhepi pameteg. Gusti Allah Mahamirah, kamirahanipun keparingaken dhateng saben tiyang ingkang ngajeng-ajeng kanthi andhap asor lan pamratobat. Pamberegipun Yeremia punika meh sami kaliyan tembung jawi ingkang mekaten “lagi didhanger, sing sabar”.
2.       (Ayat 27) “Becik Manawa wong lanang mikul pasangan nalika nome”. Tegesipun, bangsa Israel kedah ngaturaken panuwun dene ing sisaning Israel ingkang taksih gesang kaparingan pasangan (kabuwang, katindhes, kaaniaya). Awit ing kawontenan punika bangsa Israel sangsaya kakiyataken.
3.       (ayat 28) “Iku lungguha dhewekan lan menenga, manawa lagi dietrapi dening Pangeran Yehuwah.” Liripun mboten ateges lungguh kalih ngalamun, ananging kendhel (wening) ing manah. Ngraos-raosaken punapa ingkang kinersakaken dening Gusti ing gesang. Mboten sedaya perkawis saged dipunrampungi kanthi tumindak, ananging saged kemawon kanthi wening. Awit wonten perkawis ingkang rampungipun awit pitulunganipun Gusti. Milanipun, kita cekap “lungguh dhewekan lan meneng madhep saha sambat” ing ngarsanipun Gusti.
4.       (Ayat 29) “Ambruka lan nempelna raine ing lebu, bokmanawa isih ana pangarep-arep.” Lumantar Pangandika punika, Nabi Yeremia ngersakaken supados bangsa Israel mboten namung nggetuni lelampahanipun. Mboten ugi nglepataken Gusti, ananging kinanthi getun lan ngakeni sedaya dosa lan kalepatanipun dhumateng Gusti.
5.       (Ayat 30) “Pipine diulungna marangg kang napuk, dinganti wareg anggone dipoyoki.” Ingkang baken saking sedaya kalawau (ayat 26-29), Nabi Yeremia ngajak dhateng bangsa Israel supados langkung diwasa ngadhepi lelampahan ing tanah pangawulan. Kasunyatanipun, bangsa ingkang kapilih sampun kabuwang ing tanah pangawulan; mboten kajen ing ngajengipun tiyang Babel; kedah ngadhepi panganiaya, kasingkiraken, lan dados batur. Ananging sedaya kalawau kedah dipuntampi minangka sarana pasinaoning gesang lan iman dhumateng Gusti.
Semanten ugi tumrap kula lan panjenengan, mbokbilih asring kita ngadhepi kawontenan kadosdene bangsa Israel. Ngraosaken panandhang ingkang awrat lan meteg ing manah lan pamikiran. Ananging lumantar pangandika punika kita sami kaengetaken bilih kita kedah tetep ngadhepi kanthi tatag, nampi kanthi kebak ing pangajeng-ajeng, sumendhe dhateng Gusti lan tetep mbudidaya nglampahi kanthi tanggel jawab. Pancen perkawis ingkang mboten gampil nalikanipun kapeteg kedah tetep mandheng dhumateng Gusti lan nindakaken tanggel jawabipun Gusti. Ananging menawi katindakaken kanthi kebak ing pangajeng kita badhe nampi berkahipun, awit  “sih kamirahane Pangeran Yehuwah iku tanpa pedhot, lan sih-kawelasane ora ono enteke.”


POKOK PIREMBAGAN :
1.       Punapa ingkang asring kita tedahaken, nalika ngadhepi perkawis gesang ingkang awrat?
2.       Punapa tegesipun tembung jawi “lagi didhangir, sing sabar” sambet kaliyan panampi kita minangka tiyang pitados nalika ngadhepi perkawis ingkang awrat?

3.       Ingkang rawuh PA, kaaturan paring paseksi bab sih katresnanipun Gusti ingkang luber nalika ngadhepi perkawis gesang ingkang awrat (paringana contoh ingkang nyata).

BAHAN PENDADARAN

PAEDAHING NDHEREK BUJONO
Firman : Filipi 2:5-8


John (Yohanes) Calvin satunggaling teolog ingkang kawentar jamanipun Mangsa Reformasi, nate ngandika bilih salah satunggaling paedah ingkang kita tampi lumantar dherek bujono suci inggih punika supados kita saged manggen lan gesang langkung lebet malih ing Sang Kristus lan kosokwangsulipun supados Panjenenganipun ugi kersa dhedhampar lan gesang langkung lebet malih ing gesang kita. 
Mila menawi kita sami katimbalan cecawis salebetipun badhe nampi Sakramen Bujono Suci ing ngriku ingkang perlu kita cawisaken inggih punika (mirunggan lumantar serat efesus 2:5-8):
1.      Sinau ayat ingkang kaping 5 ngantos 7 “ing sajrone anggonmu bebarengan padha kadunungana pangangen-angen lan pangrasa kang uga tinemu ana ing Sang Kristus, kang senadyan ngagem sipating Allah ewadene anggone sejajar karo Gusti Allah iku ora kanganggep bab kang kudu dikekahi………………” tegesipun purun sinau lan nggladi pangangen-angen lan pangrasa kita setunggal lan setunggalipun supados sami kaliyan pangangen-angen lan pangraosipun Sang Kristus ingkang sampun kersa nilar kamulyanipun lan gesang minangka manungsa limrah ingkang sami kaliyan kita malah kepara malah ngasoraken diri kanthi pangurbananipun. Kalenggahan minangka putraning Allah, kamulyan ingkang kaparingaken dening Allah katilar, lan mboten kaanggep minangka bab ingkang kedah dipunkekahi. Perkawis punika temtu mboten perkawis ingkang gampil kangge kita. Asring kita “nggegegi pikajeng kita piyambak, nganggap punapa ingkang sampun kagayuh sedaya amargi pambudidaya piyambak, owel punika kedah nampi tiyang sanes lan paring pangapunten dhateng tiyang sanes. Nanging menawi kita sampun nampi panjenenganipun (Gusti Yesus) kita purun mboten purun, remen mboten remen kedah nulad ingkang sampun katindakaken dening Panjenenganipun. Mekaten ugi kita kedah nindakaken punapa ingkang nate katindakaken dening Panjenenganipun.
2.      Sinau ayat ingkang kaping 8 “Apamaneh ing sajrone wujud manungsa iku Panjenengane wus ngasorake sarirane lan sumuyud nganti seda ana ing kayu salib”. Lumantar ayat punika ugi kita sami kaatag purun sinau sami tansah purun ngasoraken diri lan mbangun turut, mikul salib kados panjenenganipun. Punapa malih Gusti Yesus nate ngandika bab punika (Lukas 9:23) “…………saben wong kang kepingin ngetutburi Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe, saben dina manggul salibe lan ngetutake Aku.”
Ngasoraken diri punika ugi perkawis ingkang mboten gampil ing gesang kita. Ananging sikap lan tumindak ingkang mekaten tumrap pandherekipun Gusti ugi kedah katindakaken. Pancen miturut jagad nglairaken sikap ngasoraken diri punika sikap ingkang “ngisin-isini, mboten perlu, ora pantes, lsp” ananging miturut pangandikanipun Gusti (WB 6:1-5) sikap ngasoraken diri punika sikap ingkang njalari kita sami kamardikakaken saking tumindak ingkang ngrugekaken diri pribadi lan dhateng tiyang sanes. Miturut kitab suci sikap punika mboten sikap ingkang ringkih ananging sikap ingkang ngluhuraken Asmanipun Gusti (Yak 4:6 lan 1 Pet 5:5)
Kanthi sinau kalih perkawis ing ngajeng punika, kita badhe estu ngraosaken paedhahing ndherek bujono suci sesarengan kaliyan sanesipun. Paedahing nampi bujono suci kedah kinanthenan gesang miturut kersanipun, tansah nuladha panjenenganipun ing salebeting nilar kamulyanipun lan ngasoraken diri. Semanten ugi purun ngayati kanthi lebet punapa ingkang sampun katindakaken dening Gusti Yesus ing gesang kula panjenengan lumantar pangurbaninipun.

Mulane Saben wong ndadara awake dhewe, lan sawise mangkono lahi mangan roti lan ngombe ing tuwung iku (I Kor 11:28). Amin

BAHAN PENDADARAN

ANTAWISIPUN YUDAS, PETRUS LAN KITA 
Matius 26:75 lan Matius 27:3-5




Wekdalipun sampun ngancik ing wayah ndalu, ananging tiyang-tiyang Yahudi mirunggan para pangarsaning tiyang Yahudi sami taksih jumaga lan taksih rembagan. Ketingalipun ngrancang perkawis ingkang ageng. Dumadakan para prajurit ngglandang tiyang ingkang sampun karangket, badhe kasowanaken dhateng pangarsaning tiyang Yahudi. Panci leres, ingkang karangket punika Gusti Yesus ingkang sampun sawetawis dening para pangarsaning tiyang Yahudi badhe dipunsedani. Menawi kaetang, Gusti Yesus miturut sekawan kitab Injil dipun adili dening para pangarsaning tiyang Yahudi ngantos rambah kaping 6: Ingkang sepisan ing ngajenging Hanas (marasepuhipun Kayafas), kaping kalih ing ngajenging Kayafas ingkang kalenggahanipun minangka Imam Agung, kaping tiga ing ngajenging Sanhedrin (Mahkamah Agami), ingkang kaping sekawan ing ngajenging Pilatus (Gubernur Yerusalem), lajeng ingkang kaping gangsal ing ngajenging Herodes (Gubernur Galilea) lan pungkasan ing ngajenging Pilatus malih ngantos Gusti nampi paukuman pejah. Ing kawontenan nalika Gusti Yesus dipunadili, wonten kalih sekabatipun ingkang sami nggetuni tumindakipun, inggih punika Yudas lan Petrus.

Ing Kitab Injil Matius bab 26:75 “Petrus nuli kelingan pangandikane Gusti Yesus marang dheweke: “sakdurunge jago kluruk, kowe wis nyelaki Aku ping telu.” Banjur metu menyang ing jaba, nangis kelara-lara” lan Injil Matius 27:3-5 “Nalika Yudas, kang ngulungake Gusti Yesus, sumurup, yen Panjenengane bakal kasedanan, banjur kaduwung………nuli lunga saka kono lan mati nggantung.” Kalih-kalihipun sami nggetuni tumindakipun ingkang setunggal nyade Gusti Yesus lan ingkang setunggalipun nyelaki Gusti Yesus. Kamangka kekalihipun punika murid ingkang pinitados dening Panjenenganipun nglangkungi sakabat sanesipun.Namung bentenipun, menawi Petrus medal saking plataran lajeng nangis kelara-lara nggetuni tumindakipun, Yudas kesah saking papan punika lajeng ngendhat (pejah nggantung).

Kita sedaya nate nggetuni lampahing tumindak ingkang mboten leres. Kadangkala raos getun ingkang sekelangkung ageng njalari manah ngraosaken kapetek lan mboten saged nglampahi gesang sacara limrah. Saking awrating tumindak ingkang sampun katindakaken,  roas getun ingkang tuwuh dereng kantenan nuntun ing pamratobat. Ananging saged kemawon, kados ingkang lajeng katindakaken dening Yudas inggih punika pejah nggantung. Namung kadospundhi ingkang kedah katindakaken dening tiyang pitados menawi nglampahi tumindak ingkang awon lajeng tuwuh raos getun? Punapa kalajengaken kesah (nglungani masalah), namung mandheg ing raos getun, utawi namung nangis kelara-lara, utawi malah ngendhat (mati nggantung)? Kathah tiyang, kadangkala mbokbilih kita ugi nedahaken raos getun kanthi cara-cara ingkang kelentu. Kamangka sejatosipun saged nggetuni dosa lan kalepatan punika wekdal ingkang kaparingaken dening Gusti Allah supados manungsa saged tinarbuka nampi sih rahmatipun Gusti wonten ing gesangipun.
Conto ingkang gampil menawi kita ningali liturgi ibadah GKJ mesthi bibar pangakening dosa salajengipun nampi sihrahmatipun Gusti. Pasamuwan sami kaajak nggetuni lan nelangsani dosanipun kanthi leres ing ngarsanipun Gusti supados Panjenenganipun kersa paring sih rahmat dhumateng kita sedaya.

Wekdal punika kita sami katimbalan nyawisaken manah lan kapitadosan badhe nampi Sakramen Bujono. Malah ing wekdal punika kita sesarengan kaliyan pasamuwan sanes badhe mengeti Sakramen Bujono sakdonya. Sumangga, menawi wonten tumindak lepat njalari tiyang sanes ajrih lan kuwatos, tumindak ingkang cengkah kaliyan kersanipun Gusti kita sami ngakeni dosa lan kalepatan. Purun nggetuni dosa lan tinarbuka dhateng Gusti supados sih rahmat ingkang sampun kacawisaken dening Panjenenganipun tinampi ing salebeting kita sami kembul bojono.

BAHAN PENDADARAN

GESANG KAWENGKU PEPADHANG
Firman : I Yokanan 1 : 5-7

Pepadhang saking tembung padhang ingkang nggadahi teges 1) ora peteng; 2) resik, tampa was-sumelang; 3) terang, cetha (saking Bausastra). Miturut basa Yunani tegesipun padhang inggih punika “maringi padhang utawi ngedalaken padhang”. Salajengipun miturut paseksi Kitab Suci, tembung pepadhang punika nggadahi teges Gambaraning Allah piyambak (1Yok 1:5); utawi ugi gambaran saking kasaenan, kayekten lan kaadilan.  
Milanipun ing ayat ingkang kaping gangsal Rasul Yokanan ngandika : “Gusti Allah iku pepadhang lan Panjenengane ora kadunungan pepeteng babar pisan.” Rasul Yokanan ing ayat punika badhe nandhesaken bilih Allah ingkang kasembah punika Allah ingkang nuntun ing pepadhang. Pangandika punika ugi ngengetaken dhateng pasamuwan bilih gesang dados pandherekipun Gusti punika gesang ingkang badhe tansah kawengku lan katuntun ing pepadhang. Semanten ugi saksampunipun kawengku lan katuntun ing pepadhang sedaya ingkang katindakaken kedah dhatengaken pepadhang. Kanthi mekaten kados ingkang kapangandikaken ing ayat salajengipun pasamuwan mboten kepareng gesang mlih ing pepeteng, ananging mbudidaya gesang manut margining pepadang.
Namung perkawisipun, ing kasunyataning gesang asring mboten mekaten, kita taksih remen gesang ingkang tebih kaliyan pepadhang sejati. Mburu karemenan kadonyan lan namung nengenaken pikajeng piyambak. Pitakenanipun;  Punapa kita sampun estu nampi pepadhang ing gesang menawi kadangkala taksih nindakaken patraping pepeteng?

Pasamuwan ingkang kinasih
Sumangga kita raosaken malih : gesang ing pepeteng asring tuwuh raos kuwatos, sumelang, tanpa pengajeng-ajeng, kebak panggresula, sewenang-wenang, lan tumindak-tumindak sanes ingkang pituwasipun damel rugining diri pribadi lan asanes. Dereng menawi nandhang karibedan lan nyanggi momotaning gesang, karaosaken awrat sanget.
Kosokwangsulipun menawi kita raosaken gesang ingkang kawengku ing pepadhang sejati punika karaosaken anget, nuntun ing kaleresan lan kebak ing pangajeng-ajeng.
Mila menawi pangandikanipun Gusti wanci punika paring pangandika “Balik Manawa laku kita ana ing pepadhang kayadene Panjenengane iya ana ing pepadhang…..” Saben tiyang ingkang ngaken bilih piyambakipun punika pandherekipun Gusti kedah tansah purun gesang ing pepadhang. Menawi Gusti Allah punika pepadhang kadospundhi kita ingkang ngaken dados pandherekipun gesang ing pepeteng? Kanthi mekaten, supados kita tansah gesang ing pepadhang kita kedah purun tetunggilan kaliyan Pepadhang gesang kita badhe dipunkuwaosi dening pepadhang lan katuntun dening pepadhang.
Pramila ing salebeting kita cecawis badhe nampi tandha katresnanipun Gusti, mbudidayaa gesang ing pepadhang. Awit menawi kita gesang tetunggilan kaliyan Panjenenganipun, rahipun Sang Kristus badhe ngresiki kita saking sekthahing dosa lan panerak kita Amin.

Friday, February 2, 2018

LUMANTAR ROHIPUN ALLAH

Purwaning Dumadi 1:1-5
Sampun nate maos utawi mireng bab Teori ‘Big Bang’? Teori big bang (ledakan besar) punika teori bab lairipun jagad raya. Teori ingkang kalairaken dening Abbe Georges Lemaitre, satunggaling kosmolog saking Belgia ing  tahun 1920-an. Miturut Abbe, jagad raya punika wiwitipun saking ‘gumpalan  super atom’ ingkang wujudipun kados dene bal alit, ingkang ukuranipun alit sanget. Saking alitipun, bal punika kados-kados mboten wonten wujudipun lan namung dipun wastani kadosdene titik. ‘Gumpalan’ punika nggadhahi bobot (masa jenis) ingkang inggil sanget lan suhunipun watawis 1 trilyun derajat celcius. ‘Gumpalan super atom’ punika ingkang mangkenipun mBledhos (meledak) ngedalaken sedaya isining jagad raya. Prastawa bledhosan ageng punika kelampahan watawis 15 milyar taun kapengker. Punika gegambaran dumadosipun jagad raya miturut ilmu pengetahuan. Lajeng kadospundi miturut pangandikanipun Gusti bab dumadinipun jagad raya, bumi lan sakisinipun?
Kitab Purwaning Dumadi ing basa aslinipun (ibrani) kasebat “bereshit” ingkang tegesipun “ing wiwitanipun” (cara bermulanya). Isinipun kitab punika pancen dipun wiwiti cariyos nalikanipun Gusti Allah yasa bumi lan saisinipun. Wonten Ing tijemahan bahasa Yunani kasebat “geneseos” ingkang ateges “asal, sumber, keturunan utawi ugi wiwitan. Lumantar tijemahan punika kitab Purwaning Dumadi ugi nyariosaken sejarah bab asal usul lan tedhak turunipun bapa-bapa leluhur Israel ingkang kapilih dening Gusti Allah.
Sambet kaliyan tijemahan ibrani ingkang tegesipun “ing wiwitanipun”, ayat ingkang kita rembag wanci punika nyariosaken gambaran wiwitanipun Gusti Allah yasa langit lan bumi. Menawi kita gatosaken ing ayat 1-5 punika nedahaken kalih perkawis. Ingkang sepisan ing ayat 1 bilih ingkang yasa langit lan bumi punika Gusti Allah. Ingkang kaping kalih, Ing jaman kawitan sakderengipun Gusti Allah yasa, kawontenan “bumi campur bawur lan suwung, segara kesaput ing pepeteng, dene Rohe Allah nglayang ing sadhuwure toya” (toya ingkang kathah). Salajengipun Gusti Allah ngandika (bersabda) “Anaa pepadhang” Tumuli wonten pepadhang. Saksampunipun punika Gusti Allah misahaken ingkang padhang kaliyan ingkag peteng. Ingkang padhang kaparingan nami raina, lan ingkang peteng kaparingan nami wengi.  
Saking ayat 1 kita kaengetaken bilih sedaya ingkang dumadi ing jagad punika wiwitanipun saking Gusti Allah lan pangandikanipun. Panjenenganipun kersa ngagem panguwaosipun lan caranipun ingkang mboten saged katindakaken dening panguwaos sanes saking jagad punika, kalebet saking manungsa.  Benten kaliyan ingkang kagambaraken ing agami suku murba ing keyakinan taleripun (sukunipun) ingkang manggen sisih wetan negari Indonesia. Keyakinanipun inggih punika, bilih jagad lan sakisinipun pinangka wohing sesambetan (sacara kadagingan utawi kawin)  antawisipun para ilah setunggal lan setunggalipun. Dados ayat punika nggambaraken jati didirining Gusti Allah ingkang nglangkungi sedayanipun. Panguwaosipun mboten saged kasamekaken kaliyan panguwaos ingkang wonten ing jagad.
Salajengipun saking ayat 2-5 kita sami katedahaken bilih jagad ingkang sae punika wiwitipun saking kawontenan tohu wavohu (campur bawur lan suwung) lajeng katata dening Panjenenganipun lumantar pangandikanipun. Tembung tohu wavohu punika nandhesaken kawontenan bumi ingkang dereng katata lan taksih campur bawur, dereng pantes kasebat papan ingkang prayogi kangge gesangipun titah sanes kalebet manungsa. Milanipun Gusti Allah rawuh “rohe Allah nglayang” lajeng ngandika “anaa pepadhang”.  Tembung pepadhang punika nelakaken rampungipun jaman ingkang dipunkawosi pepeteng lan campur bawur. Nelakaken ugi bilih pepadhang punika pinangkanipun saking Gusti Allah, awit Panjenenganipun punika pepadhang (Injil Yokanan 1:4,5).
Kanthi mekaten lumantar pethikan cariyos Gusti Allah yasa jagad lan sakisinipun, kita sami kaajak ngraos-raosaken malih sepinten agenging pakaryanipun Gusti Allah tumrap dumadinipun jagad lan sakisinipun. Lumantar pakaryanipun kita sami kaatag wanuh dhateng Panjenenganipun. Sepinten kita sami ngaturaken panuwun dene, Gusti Allah ingkang sampun miwiti pakaryanipun kanthi runtut lan maringi pepadhang tumrap kawontenan ingkang peteng.


POKOK PIREMBAGAN :
  1. Menawi kita gatosaken kawontenaning jagad sakpunika, punapa kawontenanipun taksih kados ingkang kinarya dening Gusti ing wiwitanipun? Kenging punapa mekaten
  2. Punapa ingkang njalari kawontenaning jagad kados-kados sampun tebih kaliyan pakaryanipun Gusti ingkang wiwitan?
  3. Punapa ingkang perlu kita tindakaken, supados kita ugi saged njagi lan ngrimati jagad lan sakisinipun kados ingkang kinersakaken dening Gusti?

BERKAHING ALLAH

Bahan Panyuraosing Kitab Suci : Wilangan 6:22-27

Tembung i ngkang leres punika ‘berkat’ punapa ‘berkah’, menawi kacundukaken kaliyan maringi pangestu utawi pandonga?
Miturut Bausastra (kamus bahasa jawa), ‘berkat’ punika tegesipun ‘sega salawuhane kang diwenehake marang wong-wong kang padha melu slametan’. Dene menawi ‘berkah’, tegesipun ‘pangestu, pandonga’. Pancen sega salawuhane ingkang dipun caosaken dhateng tiyang ing salebeting slametan utawi kenduren punika ugi saged sinebut berkah, ananging berkah ingkang sesambetan kaliyan kajasmanen. Kamangka berkah ingkang ateges pangestu, punika langkung rowa wujud lan cak-cakanipun. Berkah ingkang ateges pangestu utawi pandonga nyrambahi sawernining gesang ing padintenan.
Ing Kitab Prajanjian Lami tembung berkah punika kapendhet saking tembung barakha, ingkang asring kasambetaken kaliyan peparing awujud barang (PT 11:26; WB 10:22,28; Yes 19:24, lsp). Kadhangkala ugi dipun ginakaken ing salebeting rumusan tembung berkah (PD 27:36, 38, 41; PT 33:1). Kados ugi ingkang sinerat ing kitab wilangan 6:22-27 punika. Gusti Allah piyambak ingkang dhawuh dhateng Musa supados katindakaken dening imam (Harun lan anak-anakipun) anggenipun mberkahi bangsa Israel. Ananging tembung berkah punika mboten namung rumusan berkah ingkang kandheg lan namung kaginakaken ing salebeting pangibadah, kadosdene ingkang sampun lumampah ing pangibadahipun gereja GKJ, utawi gereja sanes. Ananging isinipun punika nggambaraken semanten agenging katresnan lan panguwaosipun Gusti tumrap manungsa ingkang asring dhumawah ing dosa. Kadosdene werdining berkah ingkang kaparingaken dening Allah dhateng Israel supados tansah gesang ing kasucen.
Sumangga kita gatosaken ugi rumusan berkah ingkang kaparingaken dhateng bangsa Israel punika, wonten 3 bab ingkang perlu dados kawigatosan.
Sepisan (ayat 24), “Pangeran Yehuwah muga maringana berkah marang kowe, lan ngayomana kowe”. Berkah ingkang sepisan punika ngemu gambaran bab pangrimatipun Gusti Allah dhateng umatipun. Para kagunganipun badhe tansah nampi pangayoman saking sawernining tumindak lepat.
Kaping kalih (ayat 25) “Pangeran Yehuwah muga nyunarna cahyaning wedanane marang kowe, lan maringana sih rahmat”. Berkah punika minangka tanda keparengipun Gusti Allah dhateng saben tiyang. Berkah punika mratelakaken bab kasaenan, katresnan, pangapunten, sih rahmat, lan kawilujengan ingkang kaparingaken dhateng umatipun.   
Kaping tiga (ayat 26), Pangeran Yehuwah muga kersaa nungkulake wedanane marang kowe, lan maringana tentrem rahayu”. Gusti Allah sacara pribadi nedahaken sih palimirmanipun lan tentrem rahayu. Kawontenan tentrem rahayu punika sesambetan kaliyan raos aman, kesarasan, manah ingkang wening, katebihaken saking panggodha, nggadhahi sesambetan ingkang nengsemaken antawisipun manungsa setunggal lan setunggalipun mirunggan sesambetan kaliyan Gusti.
Lumantar rumusan berkah punika sejatosipun nelakaken prasetyanipun Gusti ingkang langgeng ing gesanging umat. Nelakaken ugi kekancinganing prasetyanipun Allah dhateng umat kagunganipun supados tansah gesang ing panguwaosipun.
Kita sedaya mesthi kepingin nampi berkah lan gesang tansah binerkahan, dadosa ing bab kajasmanen punapadene karohanen. Namung asring kita kelentu ing panampi bilih tiyang ingkang sugih, nggadhahi punapa kemawon ing kajasmanenipun punika tiyang ingkang binerkahan dene ingkang sekeng mboten binerkahan. Lumantar pangandikanipun Gusti kita kaengetaken bilih Panjenenganipun mberkahi ing bab punapa kemawon. Dadosa ing sandang, pangan lan papan, punapadene ayeming manah, kesarasan, kekiyatan, tumindak ingkang nglairaken kaleresan, lan mujudaken sesambetan ingkang sae dhateng setunggal lan setunggalipun.
Kanthi mekaten kita sami tansah sinau bilih nyuwun berkah dhateng Gusti mboten namung supados saged nampi berkah ing kajasmanen, ananging berkah ing bab punapa kemawon. Langkung-langkung berkah ingkang njalari supados kasagedaken njagi kasucen lan nglairaken kaleresan ing gesang.
Milanipun menawi ing pangibadah punika lajeng katutup berkah, sampun ngantos kita nyadhong berkah namung bab kajasmanen. Menawi namung nyuwun ing kajasmanen ateges kita nyuwun ugi dhateng Gusti supados nyawisaken sega saklawuhe. Kamangka ingkang khotbah lak mboten mbeta sega saklawuhipun to??


POKOK PIREMBAGAN :
  1. Sinten sejatosipun ingkang pantes nampi berkah saking Gusti Allah?
  2. Menawi kita rumaos pantes nampi berkahipun Gusti, kadospundi mujudaken gesang ingkang binerkahan dening Panjenenganipun?
  3. Mugi kepareng atur paseksi, bab berkahipun Gusti ingkang mirunggan (miturut panjenengan piyambak-piyambak) ing sauruting gesang panjenengan? Punapa ginanipun berkah mirunggan punika tumrap gesang saben wekdal?