Sunday, July 28, 2019

Kirmizi (Gluga) lan Pangapunten

Firman  : Yesaya 1:18

Tembung Kirmizi sumebar ing saperangan ayat-ayat kitab Suci. Satunggaling ayat sesambetan kaliyan kirmizi saged kapanggihaken wonten ing Kitab Yesaya 1:18 “Ayo, kita padha prakaran! – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – sanadyan dosanira abang kaya gluga, bakal dadi putih kaya salju; sanadyan rupane abang kaya jarit sumba bakal pdha dadi putih kaya wulu wedhus gembel.”
Dening LAI tembung kirmizi dipungantos kanthi tembung gluga, sejatosipun menawi dipun artosaken sacara harapiah punika aslinipun benten. Tembung kirmizi ing bahasa ibrani punika shani. Tembung shani kasambetaken kaliyan satunggaling uler (coccus ilicis). Biasanipun nalika uler punika ngendhog, endhogipun dipunpapanaken ing kulit uwit lan uleripun njagi endhogipun ing sandhingipun. Nalika endhog punika netes lajeng anakipun uler punika nedha badhanipun embogipun (uler), tundhonipun badan ingkang katedha kalawau medal getihipun ingkang werni abrit ingkang nemplek ing kulit uwit kalawau. Kulit ingkang kenging getihipun uler ingkang werni abrit kalawau lajeng kaginakaken kangge maringi werni kain. Dene menawi gluga (Bausastra) punika sesambetan kaliyan satunggaling tetuwuhan sing kena dienggo cet abang.  Senajan sacara lairiah asalipun benten ananging sami ngedalaken werni abrit (abang sumringah). LAI ngginakaken tembung gluga punika supados kita saged nggambaraken gegambaran ingkang dipunwakili saking tembung kirmizi.
Lajeng kenging punapa Gusti Allah nyambetaken kirmizi (gluga) punika kaliyan dosa? Amargi dosa punika tumindak ingkang badhe tansah tuwuh ing gesanging manungsa, wanteg lan angel dipunicali ing gesanging manungsa. Kadosdene menawi kain sampun kawenter dening kulit kirmizi (gluga), angel dipun wangsulaken dados pethak malih. Gegambaran punika ngengetaken dhateng kita, kanthi jujur kedah kita akeni bilih kadangkala senajan sampun dados umatipun Gusti, taksih nglairaken tetembungan lan nedahaken tumindak ingkang njalari lairing dosa. Tumindak dosa angel ical saking gesanging manungsa.
Namung kanthi pangandika ingkang kaparingaken dhateng bangsa Israel nalika semanten, kita sami kangetaken malih 2 perkawis bilih:
1.       Gusti Allah kuwaos lan pirsa sedaya tumindaking manungsa. Panjenenganipun kuwaos mulihaken kawontenanipun manungsa dosa dados suci malih. Panguwaosing dosa punika ageng ing gesanging manungsa. Senajan sampun nampi Gusti Allah, senajan saben wekdal ngibadah, senajan makempal lan nindakaken ayahaning peladosan, dosa saged maujud ing tumindak-tumindak ingkang kabungkus karohanen, kadosdene ingkang kelampahan ing jaman Yesaya punika. Mila Panjenenganipun ngandika   Ayo, kita padha prakaran!.....” Tembung punika ngengetaken supados umat Israel kelebet kita sakpunika sampun ngantos dhumawah ing dosa ing salebeting nindakaken ayahan peladosan punapa dene gesang ing karohanen. Mboten namung tumindak ala kemawon, ananging ugi ing tumindak sae ingkang alandhesan kangge kauntungan lan karemenan diri pribadi mboten murni kagem kamulyanipun Gusti. Panjenenganipun kuwaos mulihaken kawontenan ingkang mekaten.
2.       Gusti Allah Welas Asih. Pangandika ing ayat punika ugi ngengetaken welas asihipun Gusti ing bab pangapunten. Senajan asring manungsa angel gesang ing kasucening Allah, ananging panjenenganipun punika Allah ingkang welas asih ingkang badhe tansah ngengetaken lan maringi kanugrahanipun ing gesanging manungsa.

Kalih perkawis punika pancen elok lan agung tumrap gesang kita, awit saestu kawujudaken ing gesangipun Israel nalika semanten lan dhateng kita lumantar pangurbananipun Gusti Yesus ing wekdal samangke. Temtunipun perkawis ingkang elok lan agung punika mboten namung kita mangertosi ananging ugi kedah kita wujudaken ing gesang padintenan. Punapa ingkang kedah kita wujudaken ing gesang padintenan?
Ing Kitab Yesaya 1:16-17 paring pangandika : “padha wisuha, resikana awakira, edohna panggawenira kang ala saka ing ngarsane paningalingSun. Marenana anggonira gawe piala, padha sinaua gawe becik ngudia marang kaadilan, ngendhalenana wong kang ambek siya; mbelanana hake para bocah lola, ngembanana prakarane para randha!. “
Gusti kuwaos lan welas asih dhateng kita, Welas asihipun sampun kebabar lumantar pangurbananipun Gusti Yesus. Lumantar punika kita sampun kasucekaken, ananging kita ugi mboten pareng wangsul malih nindakaken perkawis-perkawis ingkang nyulayani kersanipun Gusti mila kita ugi mbudidaya supados kita gesang manut kersanipun Gusti. Amin.

Sunday, May 26, 2019

AJA MELANG-MELANG


YOKANAN 14:1-6

Melang-melang utawi sumelang (kuwatir) satunggaling raos ingkang kadangkala jumedul ing pangangen-angening manungsa. Raos melang-melang biasanipun jumedul amargi kita ngangen-angen perkawis ingkang dereng cetha lan ingkang badhe kelampahan nanging sampun nampi kabaripun sakpunika. Umpaminipun sumelang menawi mboten lulus ujian, sumelang menawi sakitipun mboten saged saras malih, sumelang menawi Indonesia bubrah, lsp.
Punapa jalaranipun tuwuh raos sumelang? Asring kita mirengaken tembung amargi “gawan bayi”, wiwit alit sampun nedahaken raos sumelang;wonten ingkang amargi tansah mboten nyakin dhateng dirinipun piyambak, wonten ingkang amargi kirang persiapan (pecawisan), wonten ingkang amargi asring “kebentus-kebentus” perkawis lajeng tuwuh pitakenan, “lha nek ngene terus sesuk banjur kepriye….”; lsp.
Kanthi mekaten kita kedah ngrumaosi lan ngakeni bilih raos sumelang utawi melang-melang punika peranganing gesang kita, ingkang baken kadospundhi caranipun supados raos melang-melang mboten jalari kita kepambeng lan lajeng mboten pitados dhateng pangrimat lan prasetyanipun Gusti.
Gusti Yesus paring pangandika (ayat 1) “Atimu aja melang-melang; padha kumandela ing Allah, iya kumandela ing Aku uga” kanthi pangandika mekaten, kita saged mangertos punapa ingkang dipungalih lan werdining pangandikanipun Gusti Yesus dhateng para murid nalika semanten. Para murid sami tuwuh raos sumelang amargi Gusti Yesus badhe nilar para murid, malah Gusti Yesus mboten kanthi gamblang ngandikakaken wonten ing pundhi papanipun panjenenganipun nilar para murid (ayat 36-38). Gusti Yesus ugi pirsa punapa ingkang badhe dipun adhepi dening para murid nalika nindakaken pakaryanipun Gusti dhateng jagad. Mila Panjenenganipun ngandika “Atimu aja melang-melang…..”  Gusti Yesus dhawuh supados sampun ngantos sumelang ananging ingkang perlu katindakaken namung setunggal inggih punika ”kumandela ing Allah, iya kumandela ing Aku uga”
Kinten-kinten punapa kanthi kumandhel dhateng Gusti Allah lan dhateng Gusti Yesus punika sampun cekap? Tumrap tiyang ingkang saestu pitados lan mitadosaken gesangipun dhateng Gusti Yesus minangka Juruwilujengipun, kedahipun sampun cekap, kenging punapa mekaten?
Amargi Gusti Yesus sampun ngandikakaken ing ayat salajengipun, inggih punika, ingkang sepisan, Gusti Allah ingkang sinebat Rama dening Gusti Yesus punika Rama ingkang kagungan papan ingkang dados papan pungkasaning gesang saben tiyang pitados. Papan ingkang Sang Rama piyambak mranata ing gesang kalanggengan (kados ingkang kaserat ing Kitab Wahyu 4:3, 9). Saestu namung  Gusti Allah ingkang sinebat Rama ingkang kagungan panguwaos ing jagad punika lan gesang kalanggengan.
 Ingkang kaping kalih, kados ingkang sinerat ing ayat 6 “….Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan  kauripan. Ora ono wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, Manawa ora metu ing Aku” Wangsulan punika wiwitanipun kapangandikakaken dhateng Thomas, ingkang nyuwun pirsa dhateng Gusti Yesus marginipun tumuju ing Sang Rama. Menawi wonten ingkang taken dhateng kita : “menawi badhe teng kitha Sragen….marginipun pundhi nggih?” Mesthi kita badhe mangsuli: panjenengan lewat joglo rumiyin lajeng saged nganan medal gemolong utawi lurus medhal mojosongo…..”
Ananging Gusti Yesus mboten mekaten, Panjenenganipun mboten maringi pitedah miturut pitedahipun manungsa, ananging panjenenganipun ngandikaken; ngetut-a Aku, Aku ngerti dalane, amarga ya Aku iki dalane; menawa kowe tetep percaya lan ora mlaku neng dalanmu dhewe nanging mlaku ing pitedahKu mesthi tekan daleme Sang Rama. Kanthi tembung sanes, sedaya ingkang sampun katedahaken lumantar tuladhanipun, piwulangipun lan pakaryan kawilujengan ingkang katindakaken ngantos seda sinalib punika marginipun tiyang pitados tumuju Sang Rama. Kita sami kasuwun sami nuladha lan nindakaken dhawuhipun Gusti minangka margi dhateng daleme Sang Rama.
Mila saben umat kagunganipun Gusti Yesus kedah saged nedahaken pitadosipun kanthi tegen mboten gampil kablidug ing panggodhaning jagad supados mboten gampil melang-melang, semanten ugi kedah saged nulad lan nindakaken sedaya pakaryanipun Gusti supados gesang ing kayekten lan nampi makthunaning gesang.
Sesambetan kaliyan timbalanipun Gusti marek ing mejaning pambujanan, kita sami mboten namung bab nedha sesarengan lan mengeti pangurbananipun Gusti, ananging ugi ngiyataken manah kita saha gesang miturut marginipun Gusti Yesus. Nuladha sedaya ingkang sampun katindakaken dening Panjenenganipun dhateng kita.
Awit saking punika sumangga, nalika wekdal cecawis punapa dene saksampunipun nampi Sakramen Bujono, kita sami nedahaken gesang ingkang manteb ing pitados lan miturut kersanipun Gusti. Temah kita tansah ngraosaken manah ingkang ayem (mboten melang-melang) lan ing tembenipun gesang sesarengan kaliyan Sang Rama ing Suwarga. Amin.

Friday, March 29, 2019

PRATÉLAN SAKRAMEN PERJAMUAN KUDUS


Jemaat yang dikasihi oleh Tuhan Yesus Kristus,
Sebagaimana telah diwartakan dalam warta Gereja, dalam kebaktian ini kita akan menerima Sakramen Perjamuan, sebagai sarana untuk memelihara iman. Pelayanan Sakramen Perjamuan didasarkan pada perjamuan malam menjelang Tuhan Yesus disalib. Dalam perjamuan itu Tuhan Yesus mengambil roti,memecah-mecahkannya dan memberikannya kepada para murid, kata-Nya :
“Inilah tubuhku yang diserahkan bagi kamu, perbuatlah ini menjadi peringatan akan Aku.“
Demikian juga dilakukanNya dengan cawan sesudah makan. Ia berkata“Cawan ini adalah perjanjian baru oleh darahKu yang ditumpahkan bagi kamu.“ *
Jemaat yang dikasihi oleh Tuhan Yesus Kristus,
Sebagai sarana untuk memelihara iman, Sakramen Perjamuan mengandung maksud:
  1. Roti dan anggur sebagai lambang tubuh dan darah Tuhan Yesus menunjuk dan mengingatkan bahwa penyaliban dan kematian Tuhan Yesus adalah dasar penyelamatan bagi manusia.
  2. Sakramen Perjamuan menunjuk dan mengingatkan bahwa orang-orang percaya merupakan keluarga Allah.
  3. Sakramen Perjamuan menunjuk dan mengingatkan ke perjamuan yang sempurna di sorga sebagai kesempurnaan keselamatan.
  4. Sakramen Perjamuan menunjuk dan mengingatkan pemberitaan tentang kematian Tuhan Yesus sampai Ia datang.

Pertanyaan untuk pengujian diri / pendadaran
Jemaat yang dikasihi oleh Tuhan Yesus Kristus,
Sebelum kita menerima Sakramen Perjamuan ini marilah kita sekali lagi menguji diri dengan
bertanya kepada diri kita masing-masing sebagai berikut :
  1. Apakah kita sungguh-sungguh menyadari dan mengakui bahwa kita berada dalam kondisi tidak selamat karena dosa, dan dengan kekuatan serta usaha sendiri, tidak mampu melepaskan diri dari kondisi tersebut, sehingga membutuhkan Juruselamat yang berkuasa melepaskannya ?
  2. Apakah kita sungguh-sungguh bertobat dan menyerahkan diri dengan penuh keyakinan kepada Allah yang menyelamatkan manusia melalui kematian dan kebangkitan Tuhan Yesus ?
  3. Apakah kita sungguh-sungguh bertekad menyerahkan diri untuk hidup sesuai dengan firman-Nya ?
  4. Apakah kita sungguh-sungguh bertekad senantiasa menjalani hidup penuh syukur atas anugerah penyelamatan Allah ?

Selaku hamba Tuhan saya menegaskan, bahwa Sakramen Perjamuan disediakan bagi orang yang menyerahkan diri kepada Tuhan Yesus dengan menyesali dosanya, serta memohon pertolongan Tuhan supaya dapat melaksanakan semua perintah Tuhan Allah.
Jemaat yang dikasihi oleh Tuhan Yesus Kristus, marilah kita berdoa :
“Ya Tuhan, kiranya Tuhan berkenan memakai Sakramen Perjamuan ini menjadi sarana untuk memelihara iman kami, sehingga kami senantiasa yakin akan keselamatan yang Tuhan anugerahkan kepada kami dalam Yesus Kristus, serta senantiasa memiliki pengharapan akan perjamuan yang
sempurna di sorga sebagai kesempurnaan keselamatan”.
Amin.

(Pendeta turun dari mimbar [dapat diiringi dengan nyanyian] untuk melayankan Sakramen Perjamuan)

Jemaat yang dikasihi oleh Tuhan Yesus Kristus,
Roti dan anggur ini adalah lambang tubuh dan darah Tuhan Yesus Kristus yang dikorbankan untuk mendatangkan keselamatan. Sebelum kita menerima roti dan anggur dalam Sakramen Perjamuan ini, marilah kita hening sejenak untuk mengingat Tuhan Yesus dalam kemuliaan-Nya di sorga dan memastikan bahwa
kehidupan iman kita senantiasa dipelihara dan disegarkanNya seperti roti dan anggur yang dapat menyegarkan tubuh kita.

Pendeta memecah-mecah roti, kemudian membagikan roti itu kepada warga gereja. Selama memecah-mecah roti, pendeta berkata sbb. :

Roti yang dipecah-pecahkan ini adalah lambang tubuh Tuhan Yesus Kristus.
Terimalah dan makanlah, dengan mengingat dan percaya, bahwa tubuh Tuhan Yesus Kristus telah dikorbankan sebagai tebusan yang sempurna untuk membebaskan kita dari dosa.

Pendeta menuangkan anggur ke dalam cawan, kemudian membagikan anggur itu kepada warga gereja. Selama menuangkan anggur, pendeta berkata sbb. :

Anggur dalam cawan ini adalah lambang darah Tuhan Yesus Kristus. Terimalah dan minumlah, dengan mengingat dan percaya, bahwa darah Tuhan Yesus Kristus telah ditumpahkan sebagai tebusan yang sempurna untuk membebaskan kita dari dosa.

Jemaat yang dikasihi oleh Tuhan Yesus Kristus,
Marilah kita bersyukur dan memuliakan Tuhan yang telah memperkenankan kita menerima

Sakramen Perjamuan sekarang ini, serta masing-masing mengucap dalam hati demikian :
(Pendeta memimpin pengucapan syukur sbb) :
Pujilah TUHAN, hai jiwaku! Pujilah nama-Nya yang kudus, hai segenap batinku! Pujilah TUHAN, hai jiwaku, dan janganlah lupakan segala kebaikan-Nya! Dia yang mengampuni segala kesalahanmu, yang menyembuhkan segala penyakitmu, Dia yang menebus hidupmu dari lobang kubur, yang memahkotai engkau dengan kasih setia dan rahmat, Dia yang memuaskan hasratmu dengan kebaikan, sehingga masa mudamu menjadi baru seperti pada burung rajawali. **
TUHAN adalah penyayang dan pengasih, panjang sabar danberlimpah kasih setia. Tidak selalu Ia menuntut, dan tidak untuk selama-lamanya Ia mendendam. Tidak dilakukan-Nya kepada kita setimpal dengan dosa kita, dan tidak dibalas-Nya kepada kita setimpal dengan kesalahan kita, tetapi setinggi langit di atas bumi, demikian besarnya kasih setia-Nya atas orang-orang yang takut akan Dia; sejauh timur dari barat, demikian dijauhkan-Nya dari pada kita pelanggaran kita. Seperti bapa sayang kepada anak-anaknya, demikian Tuhan sayang kepada orang-orang yang takut akan Dia. ***
Oleh karena itu aku senantiasa akan memberitakan kemuliaan Tuhan sekarang ini sampai selamalamanya.
Amin.

Pendeta memimpin doa syukur, yang isinya disesuaikan dengan pelayanan Sakramen Perjamuan

*             (lihat. Lukas 22:19).
**           (lihat Mazmur 103:1-5).
***        (lihat Mazmur 103:8-13).







Pratélan
SAKRAMEN BUJANA

Pasamuwan ingkang dipun Kasihi déning Gusti Yesus Kristus

Kados ingkang sampun kawartosaken ing pawartos Pasamuwan, bilih ing pangibadah punika kita badhé nampi Sakramèn Bujana, minangka sarana pangrimating kapitadosan. Peladosan Sakramèn Bujana kadhasaran bujana ing wanci dali dungkap Gusti Yesus Kasalib.

Wonten ing bujana punika Gusti Yesus mundhut roti, lajeng kacuwil-cuwil sarta maringaken roti wau dhateng para murid kanthi ngendika,
“Iki badanKu kang kaparingake marga saka kowe. Iki tindakna minangka pangeling-eling marang Aku!” Mengkono uga tuwunge sawise dhaharan, pangandikane :”Tuwung iki prajanjian anyar kang sarana getihKu, kang kawutahake marga saka kowe.”*
Pasamuwan ingkang dipun kasihi déning Gusti Yesus Kristus,
1.       Minangka sarana pangrimating kapitadosan, Sakramen Bujana ngemu suraos:Roti lan anggur minangka lambanging sarira tuwin rahipun Gusti Yesus, nedahaken tuwin ngèngetaken, bilih penyaliban tuwin sèdanipun Gusti Yesus dados dhasaring pakaryanipun Allah anggènipun milujengaken manungsa.
2.       Srana nedha sesarengan, nedahaken tuwin ngèngetaken, bilih tiyang-tiyang pitados mujudaken kulawarganing Allah.
3.       Sakramèn Bujana nedahaken tuwin ngèngetaken dhateng bujana ingkang sampurna ing swarga minangka wujud sampurnaning kawilujengan.
4.       Srana nedha roti tuwin ngombé anggur ing tuwunging bujana, nedahaken tuwin ngèngetaken dhateng bab martosaken sédanipun Gusti Yesus dumugi rawuhipun.

Pitakénan kanggé ndadar dhiri pribadi
Pasamuwan ingkang dipun kasihi déning Gusti Yesus Kristus,
Sadèrèngipun nampèni Sakramen Bujana punika, sumangga kita sepisan malih ndadar dhiri kita piyambak-piyambak langkung rumiyin srana pitakèn dhateng dhiri kita mekaten:
1.       Punapa kita saestu rumaos lan ngakeni kawontenan kita ingkang mboten wilujeng karana dosa kita, lan bilih kita mboten kuwagang ngluwari dhiri kita piyambak, pramila mbetahaken Juru Wilujeng ingkang kagungan pangwaos nguwalaken saking kawontenan punika?
2.       Punapa kita saestu mretobat lan masrahaken dhiri kanthi yakin dhateng Gusti Allah, ingkang maringaken kawilujengan dhateng manungsa lambaran sèda tuwin wungunipun Gusti Yesus?
3.       Punapa kita saestu gadhah tèkad ingkang temen kangge masrahaken dhiri kita amrih saged gesang manut pangandikanipun Gusti Allah?
4.       Punapa kita saestu gadhah tèkad nglampahi gesang kanthi raos sukur karana sih-rahmat pakaryaning Allah ingkang milujengaken?
Kula abdining Allah nandhesaken, bilih Bujana Suci kacawisaken tumrap manungsa ingkang pasrah dhateng Gusti Yesus kanthi nggetuni dosanipun, sarta nyuwun pitulunganipun Gusti Allah, murih saged nglampahi sedaya dhawuhipun.

Pasamuwan ingkang dipun kasihi déning Gusti Yesus Kristus,
Sumangga kita ndedonga,
Dhuh Gusti mugi wontena kepareng Paduka ngagem Sakramèn Bujana punika dados srana  pangrimating kapitadosan kawula sedaya ngantos kawula sami tansah yakin dhateng pakaryaning Allah ingkang milujengaken, ingkang kaparingaken dhateng kawula wonten ing Gusti Yesus Kristus, sarta tansah gadhah pangajeng-ajeng dhateng bujana ingkang sampurna wonten ing swarga, minangka kasampurnaning kawilujengan. Amin.
Pendhita mandhap saking mimbar (saged kairingan pangidung) ngladosi Sakramen Bujana

Pasamuwan ingkang dipun kasihi déning Gusti Yesus Kristus,
Roti tuwin anggur punika lambanging sarira tuwin rahipun Gusti Yesus Kristus ingkang kakurbanaken  kanggé ndhatengaken kawilujengan.
Sadèrèngipun nampèni roti tuwin anggur ing salebeting Sakramèn Bujana punika, sumangga kita ngeningaken manah kanggé ngènget-ènget Gusti Yesus wonten ing kamulyanipun ing swarga, sarta nemtokaken bilih gesanging kapitadosan kita tansah dipun rimati sarta dipun segeraken, kadosdéné roti tuwin anggur ingkang saged nyegeraken badan kita.
Pandhita nyuwil-nyuwil roti sarta lajeg maringaken roti wau dhateng warganing Pasamuwan. Salebetipun nyuwil-nyuwil roti, Pendhita ngendika,

Roti ingkang kacuwil-cuwil punika minangka lambanging sariranipun Gusti Yesus Kristus. Sumangga sami penjenengan tampeni lan panjenengan dhahar, kanthi ngengeti lan pitados bilih sariranipun Gusti Yesus Kristus sampun kinurbanaken dados tebusan ingkang sampurna kangge ngluwari kita saking dosa.

Pendhita ngiling anggur wontening tuwung, lajeng maringaken anggur wau dhateng warganing pasamuwan, salebetipun ngiling anggur Pendhita ngendika,

Anggur ingkang wonten ing tuwung punika minangka lambanging rahipun Gusti Yesus Kristus. Sumangga sami panjenengan tampeni lan panjenengan unjuk, kanthi ngengeti lan pitados bilih rahipun Gusti Yesus Kristus sampun kawutahaken dados tebusan ingkang sampurna kangge ngluwari kita saking dosa.

Pasamuwan ingkang dipun kasihi déning Gusti Yesus Kristus,
Sumangga kita ngaturaken panuwun sarta ngluhuraken Gusti Allah ingkang marengaken kula sedaya nampeni Sakramen Bujana ing wekdal punika, sarta kula setunggal-setunggal mosika ing salebeting manah mekaten,

Pendhita nuntun atur panuwun wau mekaten
Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah! He isining batinku kabèh memujia marang asmané kang suci! Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah, lan aja lali marang sakèhing kasaénané! Panjenengané kang ngapura sakèhé kaluputanmu lan maluyakaké sakèhé lelaramu. Kang ngentas uripmu saka ing kubur, lan makuthani kowé klawan kadarman lan kawelasan, kang maregi kekarepanmu kalawan apa kang becik, temah kowé kaenomaké manèh kaya manuk garudha.**
Pangeran Yehuwah iku ambek welasan lan ambek asih gedhé sabaré lan lubèr sih-susetyané, ora tansah ndedukanni, énggoné duka ora sing salawasé. Kang katandukaké marang kita, ora timbang karo dosa kita, énggoné paring piwales marang kita, ora ing sababoté kaluputan kita; nanging sepira dhuwuré langit ngungkuli bumi, iya semono gedhene sih-kadarmané tumrap kang ngabektimarang panjenengané; sepiro dohé wétan saka ing kulon, iya semono enggoné nebihaké panerak kita saka ing kita. Kayadéné bapa énggoné duwé piwelas marang anak-anaké, iya kaya mengkono Yehuwah énggoné paring piwelas marang para wong kang ngabekti marang panjenengané.***
Mulane aku arep tansah nyritakake puji kamulyaning Pangeran ing samengko tumeka ing salawas-lawase. Amin,
*             (Lukas 22:19).
**           (Mazmur 103:1-5).
***        (Mazmur 103:8-13).

BAHAN PENDADARAN


Firman : RUM 13 : 10-14

Pasamuwan ingkang kinasih
Kita sampun lumebet malih ing wulan Adven-Natal. Ing mangsa punika kita sami kaengetaken malih punika kita sami kaajak cecawis. Cecawis ing salebeting gesang mapag rawuhipun Gusti lan sesarengan badhe mengeti pengetan wiyosipun Gusti Yesus. Kaleresan nalika kita sami cecawis, sacara mirunggan kita ugi badhe nampi Sakramen Bujono ingkang pungkasan ing tahun punika.
Sesambetan kaliyan perkawis cecawis punapa ingkang perlu kita cawisaken ?
Pangandikanipun Gusti ingkang kita pirengaken wekdal punika minangka peranganipun serat kintunan Rasul Paulus dhumateng pasamuwan ing Rum. Minangka pasamuwa ingkang wiwitan, Rasul Paulus tansah ngengetaken gesanging pasamuwan ingkang leres ing ngarsanipun Gusti. Mligi ing bab 13 ayat 10-14 punika ngengetaken tumrap gesanging katresnan umat kagunganipun Gusti. Senajan kiwa tengen, lingkungan lan kawontenan gesang ingkang werni-werni lan benten kaliyan tata iman Kristen, ananging timbalanipun Gusti bab katresnan kedah tansah katedahaken.   
Wujuding katresnan ingkang kados punapa ingkang kakersakaken ing serat punika ?

Pasamuwan ingkang kinasih
Wujuding katresnan ingkang kinersakaken dening Rasul Paulus inggih punika njagi gesang ingkang leres, kadosdene mboten remen damel piala, mboten nindakaken malih gesang ing pratingkahing pepeteng, mboten nguja hawa nepsu, mboten nguja memangan, mboten endem-endeman, mboten laku jina, mboten remen tukar padu lan mboten kumeren. 
Pangandika punika kaengetaken dhateng pasamuwan awit :
  1. Ngengeti  bilih ing lampahing gesang saben wekdal mboten uwal saking perkawis-perkawis  ingkang cengkah kaliyan kersanipun Gusti. Punapa malih kitha Rum ingkang “Majemuk”, kathah para tiyang neneka ingkang mbeta kabudayan, tradisi lan  lampah ingkang maneka werni. Asring kabudayan, tradisi lan lampah punika mboten trep kaliyan piwulangipun Gusti.
  2. Ing anggotaning pasamuwanipun Gusti, taksih kelampahan tumindak-tumindak ingkang nyulayani kersanipun. Senajan sampun nampi Gusti Yesus minangka juru wilujeng lan nampi sih rahmatipun ananging gesang lami asring taksih katindakaken.
  3. Pasamuwan gesang mapag rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih. Wonten ing salebeting mapag rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih kedah tansah siaga ing iman, njagi gesanging iman ingkang leres lan ngedalaken wohing kapitadosan ngantos rawuhipun Gusti Yesus.

Pramila kanthi perkawis-perkawis ing ngajeng, menawi kita gatosaken saking pangandika punika, Rasul Paulus dhawuh :
  1. Katresnan punika kedah maujud ing salebeting gesang ingkang ngemu kaleresanipun Gusti. Liripun kadospundhi ? Liripun nalika mrangguli bab-bab ingkang nyulayani kersanipun Gusti pasamuwan kedah wanton ngengetaken, menawi wonten ingkang mbetahaken pitulungan kedah dipun gatosaken kanthi tulus, lsp.
  2. Katresnan punika maujud ing lampahing gesang ingkang leres, inggih punika lumampah ing lampahing gesang ingkang mbangun diri pribadi lan mbangun tiyang sanes kanthi nebihi patrap ingkang remen nguja kemaremaning daging.
  3. Katresnan punika maujud kanthi nulad pakaryanipun Gusti Yesus Kristus (minangka gegamaning pepadhang).


Pitakenanipun tumrap kita sedaya, punapa kita sampun saestu nglairaken katresnan ingkang mekaten? Langkung-langkung ing salebeting kita gesang ing satengahing masyarakat.  Sumangga ing salebeting kita sami badhe nampi tandha katresnanipun Gusti ingkang pungkasan ing tahun punika, sesarengan kita naliti gesang kita piyambak-piyambak alandhesan katresnan. Kanthi pangajab mugi-mugi kita kasagedaken nindakaken katresnan ingkang saestu mbangun lan maedahi dhateng sedaya tiyang. Wus meh raina, wus lingsir wengi. Amin.

BAHAN PENDADARAN


Lukas 22:14-23 (ayat 19)

Para Kinasih
Arabella Katherine “Kate” Hankey, satunggaling penulis lagu lan missionaris. Piyambakipun lair tanggal 12 Januari 1834 ing kitha Clapham, Middlesex, Inggris  lan pejah tanggal 9 Mei 1911 ing London, Inggris. Brayatipun punika mirunggan bapakipun, remen nulis lagu lan dados missionaris temah kawontenan punika ingkang njalari Kate nindakaken tanggel jawab lan karemenan ingkang sami. Bapakipun nggadahi jabatan minangka Banker ing Inggris, jaman semanten, brayatipun Kate kalebet brayat ingkang sugih.  Ananging ing sela-selaning wekdal utawi ugi nalika nyambutdamel, bapakipun remen nyerat lagu lan nindakaken pawartosing Injil. Mboten namung bapakipun, ibukipun lan sedaya brayatipun sami martosaken Injil ugi. Kawontenan lan tuladha ingkang katedahaken brayatipun punika ingkang njalari Kate ugi lajeng nggadahi karemenan lan tanggel jawab ingkang sami.
Nalika umur 18 tahun, Kate pindah dhateng London lan mulang Alkitab dhateng para pawestri ingkang nyambutdamel ing pabrik. Kate nggadahi semangat makantar-kantar martosaken pangandkanipun Gusti dhateng tiyang-tiyang punika. Namung nalika Kate ngancik umur 30 tahun, piyambakipun nandhang sakit ingkang awrat lan dening dokter kasuwun istirahat 20 wulan laminipun. Dinten-dinten nalika nandhang sakit, Kate namung wonten ing patileman, namung senajan mekaten, Kate mboten lajeng semplah. Piyambakipun tetep martosaken Injil, kanthi cara nyerat puisi lan damel lagu.
Satunggaling puisi ingkang kaserat ngemu suraos, piyambakipun kangen martosaken kabar kabingahan utawi kangen nyariosaken Gusti Yesus lan pakaryaning kamulyan lan katresnanipun Gusti. Puisi Kate Hanke, kaserat 2 perangan inggih punika "The Story Wanted" lan "The Story Told". Saking puisi punika lajeng kalairaken lagu kanthi jejer "I Love To Tell the Story"  sedaya dipundamel piyambak dadosa lirik lan not-ipun.
Lagu punika sampun kajarwakaken ing kathah basa kelebet Indonesia, dening Yamuger (Yayasan Musik gereja) ing taon 1981. Kita saged manggihaken lagu punika ing Kidung Jemaat 427 kanthi Jejer ‘KU SUKA MENUTURKAN”

Para kinasih
Gusti Yesus ing ndalu dungkap sinalib, ing salebeting ngawontenaken kembul bujana pungkasan, ugi ngandika dhateng para muridipun “22:19 Tumuli mundhut roti, saos sokur, banjur nyuwil-nyuwil roti mau kaparingake marang para sekabat kalawan ngandika: “Iki badanku kang kaparingake marga saka kowe. Iki tindakna minangka pangeling-eling marang Aku.”
Mila lumantar pangandikanipun Gusti Yesus ingkang mekaten, kembul bujana tansah katindakaken dening para murid lan pasamuwan wiwitan minangka pepenget lan cara nyariosaken pakaryanipun Gusti ingkang Agung. Ngantos ing jamanipun para rasul lan pasamuwan wiwitan lampahing kembul bujana punika mboten satungaling perkawis “remeh-temeh” lan biyasa kemawon, ananging perkawis ingkang kedah kita papanaken ing punjering gesang minangka pasamuwanipun Gusti.

Sampun ngantos kelampahan kadosdene jamanipun pasamuwan wiwitan ing kitha Korinta. Ingkang sami kembul bujana ananging kanthi sawiyah-wiyah lan tanpa raos kepingin nyariosaken pakaryaning Allah ing gesang pribadi, pasamuwan punapadene dhateng jagad. Rasul Paulus ngantos ngandika: “Apa kowe ora duwe omah dhewe kang kena kok enggo mangan lan ngombe? Apa kowe padha arep ngremehake pasamuwane Gusti Allah, sarta mirangake wong kang padha ora deduwen? Apa ta kang arep daktuturake marang kowe? …………….”(I Kor 11:22).

Para kinasih
Kanthi makaten, kembul bujana mengeti pangurbananipun Gusti punika mboten namung bab nampi tetedhan roti lan unjukan anggur ananging bab ngengeti pakaryanipun Gusti lan nyariosaken malih ing gesang  padintenan. “Awit saben-saben kowe padha mangan roti iki sarta ngombe ing tuwung iki, iku ateges kowe padha martakake sedane Gusti nganti tumeka ing rawuhe.” (I Kor 11:26).
Mila sumangga kita sami nyawisaken manah sakderengipun nampi sakramen bujana mboten namung supados kita pantes nampi roti lan anggur ingkang ngibarataken sarira lan rahipun Gusti. Ananging supados kita ugi kasagedaken martosaken seda, wungu lan rawuhipun ingkang kaping kalih ing gesang padintenan. Amin.

Wednesday, June 13, 2018

Renungan Panglipur

URIP IKU SANG KRISTUS, DENE MATI IKU KABEGJAN

Filipi 1:21
“Awit mungguh ing aku urip iku Sang Kristus, dene mati iku kabegjan”


Sedaya manungsa menawi katilar dening tiyang ingkang dipuntresnani mesthi badhe ngraosaken sedih lan prihatos. Keinging punapa sedih? Amargi mboten namung bab pejahipun ananging amargi sampun pisah selaminipun kaliyan tiyang ingkang dipuntresnani. Nalika taksih gesang taksih saged sesambetan dadosa wawanpangandikan, nyambutdamel sesarengan, nglampahi gesang sesarengan lansakpiturutipun ananging mboten saged malih.  Namung punapa lajeng tansah gesang ing kasedihan utawi kaprihatosan? Temtu mboten, kita kedah saged ngewahi kawontenan ingkang mrihatosaken punika dados kawontenan ingkang nuwuhaken pangajeng-ajeng lan kabingahan malih. Kadospundhi caranipun?
Ingkang sepisan, temtu kita kedah nampi kawontenan punika kanthi ikhlas. Ingkang kaping kalih, kita kedah sinau bilih nampi katilar dening tiyang ingkang dipuntresnani mbetahaken wekdal supados manahh kita pulih malih.  Ingkang kaping tiga, minangka umat kagunganipun Gusti kita kedah mijekaken mijekaken wekdal nyenyuwun ing pandonga dhateng Gusti Allah supados kakiyataken lan ingkang kaping sekawan, kita perlu nggatosaken pangandikanipun Gusti ing serat Filipi 1:21 “Awit mungguh ing aku urip iku Sang Kristus, dene mati iku kabegjan” Kenging punapa Rasul Paulus ngandikakaken bilih pejah punika kabegjan? Kamangka sadaya manungsa punika mastani bilih pejah punika ngrugekaken tumrap tiyang gesang. Pepejah punika mboten wonten ingkang dhatengaken kabingahan mesthi dhtengaken kasisahan. Tandanipun punika saged kita tingali saking tiyang ingkang ngirim karangan bunga, ing ngriku mboten badhe katulis “Turut bersukacita atas meninggalna……” ananging mesthi kaserat “turut berdukacita atas meninggalnya…..”
Namung ing ngriki, Rasul Paulus badhe ngengetaken kabegjanipun tiyang ingkang pejah ing patunggilanipun Gusti amargi lumantar Gusti Yesus, kita sedaya badhe nampi makuthaning gesang langgeng ingkang sampun kacawisaken. Nalika kita taksih dereng nampi kanugrahanipun Sang Kristus kita punika tiyang dosa ingkang nampi pejah langgeng, sedaya ingkang kita lampahi tumujunipun ing karisakan. Ananging saksampunipun kita nampi Gusti Yesus sedaya dados kabegjan amargi kita sampun nampi prasetyan gesang langgeng. Milanipun, mungguh kita ingkang taksih kaparingan gesang ing jagad punika kedah tansah nggadahi paseksi : “mungguh ing aku urip iku Sang Kristus”; sedaya ingkang kita lampahi kedah saking Panjenenganipun lan kagem Panjenenganipun. Kanthi makaten,  ing saranduning gesang kita, sedaya ingkang katindakaken kedah dados sarana ngluhuraken asmanipun Gusti lan kebabaring kamulyanipun Gusti.
Pramila tumrap kita ingkang taksih kaparingan gesang ing jagad punika, sumangga kita mbudidaya murih tansah gesang manut pangrehipun lan cundhuk kaliyan kersanipun. Supados kita mangkenipun nampi gesang langgeng kados ingkang sampun dipun tampi dening suwargi……………..; Awit mungguh urip iku Sang Kristus lan mati iku kabegjan wonten ing kamulyan Jati. Amin.

Monday, February 19, 2018

NALIKA DHATENGIPUN PARA MAJUS

Mateus 2:1-12

Lembaga Alkitab Indonesia ( LAI ) nyerat ing waosan kasebat ( Mateus 2 : 1-2 ) Terjemahan bahasa Indonesia sehari hari “orang majus dari timur “ Ing Alkitab basa Jawi sinerat “para pandhita”. Sebatan para Pandita punika hambok bilih golongan imam agami utawi tiyang ingkang winasis. Yektinipun sebatan majus punika ingkang langkung trep,  jer majus punika saking tembung majusi , inggih satunggaling taler ing negeri Persia ingkang kapatah dados imaming negeri Perrsia.
Pawartos dhetengipun para majus / pandhita kala wau kapyarsi dhening Sang Prabu Herodes. Manahipun Herodes ajrih lan kwatos menawi ratu ingkang nembe miyos punika samangkeh badhe jongkeng kawibawanipun minangka ratu Yahudi. Penggalihipun sajak boten legawa “ Tan wurunga dhampar keprabonipun kaancam badhe karebat “. Raos ajrih lan kwatos punika nuwuhaken sikap kepengin rerembagan kaliyan para ahli taurat kalebet para Pandhita kala wau.  Sasampunipun cetha nampi katrangan menggah wontenipun bayi ingkang nembe miyos wonten ing tlatah Betlekhem , lajeng Herodes paring dhawuh supados para pandhita enggal enggal bidhal lan niti priksa bab bayi wau. Samangkenipun nalika sampun pinanggih kaliyan bayi kasebat enggal sami caos pawarta dhateng piyambakipun. Sebab piyambakipun inggih badhe sowan coasbekti dhateng Sang Bayi kasebat.
Sasampunipun nampi dhawuh saking Herodes lajeng para pandhita bidal madosi bayi suci. Lintang ingkang sumunar wonten sangginggilipun panggenan Sang Timur punika ingkang anjalari bingahing manahipun para pandhita , awit sampun manggihaken papan ing dipun sedya. Tanpa wigah wigih malih para pandhita lajeng asung semabah bekti dhateng ngarsanipun bayi suci minangka ratu ingkang elok. Kejawi saking punika ugi sami ngaturaken pisung ingkang arupi , mas , kemenyan lan mur.
Sasampinipun sawetawis kaanggep cekap , lan sajakipun inggih nyare wonten papan punika , utawi papan penginepan sacelakipun , kabukten para pandhita kala wau nyumpena utawi ngimpi. Lumantar impenipun para pandhita sami nampi wangsitipun Pangeran  supados anggenipun wangsul dhateng tanah wetan boten perlu sowan dhateng Herodes , mila wangsulipun inggih nglangkungi margi sanes. Para pandhita langkung ajrih dhateng wangsiting Pangeran tinimbang dhateng piwelingipun Herodes. ( ayat 12 ). Milih margi sanes , boten kok tanpa resiko , saupamia kepanggih prajuritipun Herodes , tan wurunga mesthi nampi pitadana. Ewasemanten para pandhita siap ngadepi resiko, lan sajakipun inggih nampi tetingalan menawi gadhah niyat ingkang boten sae tumrap Sang Timur.

POKOK PIREMBAGAN
  1. Semanten temenipun , utawi  semangatipun para pandhita ( badea tebih jarakipun antawisipun Persia dumugi Betlekhem ) ananging boten semplah awit badhe pinanggih ratu sejati. Punapa ingkang saget kita pethik saking lelampahanipun para majus / pandhita kala wau ?  paringana katrangan sacekapipun !
  2. Para majus / Pandhita boten namung tumemen , ananging ugi ajrih dhateng wagsitipun Pangeran ( ayat 12 ) tinimbang piwelingipun Herodes sasampunipun kepanggih kaliyan bayi suci. Prekawis punika kabukten nalikanipun mboten purun sowan wonten ngarsanipun Herodes.  Swawi sami niti priksa bab ajrih dhateng manungsa lelawanan ajrih dhateng Gusti Allah. Wonten ing babagan punapa lan kadospundi cak cakanipun ?
  3. Para majus / pandhita kala wau  sasampunipun kepanggih kaliyan Sang Timur saestu ngraosaken katentreman. Punapa katentreman punika kedah dipun upados wonten satenghing gesang kita ? paringana katrangan sacekapipun.




Pdt. Yusuf Sugino, S.Th

NALIKANIPUN PARA PANGEN DADOS SEKSI

Lukas 2 : 14-21

Ora ana kukus tanpa geni “ ( janji ana pawarta , mesthi ana nyatane. Kukus iku pindhaning pawarta , geni iku pindhaning samubarang  kadadeyan ). Tembung punika kaserat dhening Dra. Wiwin Widyawati R, MA ing buku ETIKA JAWA. Wekdal samangke kita badhe nggatosaken paseksi saking para pangen ingkang sampun mireng pawartos bab wiyosipun Gusti Yesus. Kukus ingkang kemebul dumugi ing ara-ara punika menapa leres wonten geni ingkang murub.
             Pawartos bab rawuhipun Gusti wonten ing jagad punika kapireng ugi dhening para pangen lumantar Malaikatipun Gusti nalikanpun para pangen nembe sami njagi mendhanipun ing ara-ara ( Lukas 2: 8 ). Nalika semanten para pangen sami mboten nggadahi pangandel , awit piyambakipun sami rumaos bilih jejering “ Pangon “ punika asring kirang pikantuk kawigatosan saking sedherek sedherek utawi masyarakat ing kiwa tengenipun. Nampi pawartos ingkang kirang dipun pitadosi punika , pramila lajeng wonten pasarujukan ing antawisaipun pangen setunggal lan setunggalipun. Golong gilig , nyawiji , kepengin mbuktekaken pawartos ingkang katampi punika punapa wonten kasunyatanipun menapa mboten.
Tuwuhing sikap lan krenteg ingkang ageng kangge madosi bayi Yesus , kasunyatanipun saget ngedalaken woh  kanthi manggihaken papan ingkang prasaja , reget lan mambet inggih punika kandang mendha, minangka papan wiyosan dalem Gusti. Sasampunipun sami mangertos perkawis punika lajeng sami dene ngaturaken sembah bekti dhateng Sang Ratu Sejati.
Para pangon tumuli padha bali kalawan memuji lan ngluhurake Allah , marga sabarang kang wis dirungu lan wis dideleng , cocog karo kang wis dipangandikake marang wong wong mau. ( Lukas 2 : 20 ).Kabingahan ingkang tanpa winates karaosaken dhening para pangen.  Saking prekawis punika jebul “ Kukus lan geni “ pawartos lan kedadosan estu saget wonten sambung rapetipun. Tiyang tiyang ingkang sami mireng cariosipun para pangen , mboten wonten ingkang mangu mangu lan sami dene kaeraman. Ewa semanten Maryam namung nyimpen sedaya kedadosan punika wonten telenging manahipun , mboten suka atur biwara dhateng tiyang sanes.  Perkawis sanes ingkang langkung wiyar tebanipun inggih punika pakaryanipun Gusti saestu maujud tumrap jagat lan manungsa ingkang sami kepareng nampi rawuhipun Gusti. Lumantar rawuhipun Gusti kita saget nyumerepi kados pundi Gusti makarya wonten ing jagad punika. Pakaryananipun Gusti dados kabingahan ingkang mirungga dhateng sedaya manungsa dosa ingkang kanthi adreng nampi rawuhipun Sang Pamarta.


POKOK PIREMBAGAN
  1. Tuladha punapa ingkang saget kita pethik saking lelampahanipun para pangen kala wau ?
  2. Perkawis punapa ingkang njalari tiyang kathah ingkang sami mireng cariosipun para pangen punika sami kaeraman, boten maiben ? Punapa ingkang saged dados syaratipun supados sesami kita punika gampil pitados dhateng punapa ingkang kita aturaken ?
  3.  “Ana kukus mesthi ana geni “ kados pundi menawi tembung punika dipun sambung rapetaken kaliyan pengalamaning gesang kita ?
  4. Punapa ingkang njalari Maryam boten kados para pangen ingkang semangat nyariosaken bab miyosipun Sang Mesih , piyambakipun malah nyathet sedaya kedadosan punika wonten ing manahipun. Piwucal sae punapa ingkang saged kita pethik saking sikepipun Maryam ?





Pdt. Yusuf  Sugino, S.Th 

Saturday, February 10, 2018

Bahan Pendadaran

NJAGI KASUCENING GESANG

Firman : Kitab Yosua 3:5

Apadene Sang Senapati Yusak ngandika marang para umat: “Padha sesucia, amarga sesuk Pangeran Yehuwah bakal nindakake kaelokan ana ing tengahmu.”
Para kinasih
Njagi kasucening gesang punika perkawis ingkang awrat. Wiwit manungsa dumawah ing dosa ngantos sepriki kathah tiyang ingkang mbudidaya supados gesangipun tansah suci ananging nyatanipun malah nindakaken lampah ingkang asring cengkah kaliyan kersanipun Gusti. Punapa malih sakpunika ingkang kathah perkawis-perkawis ingkang njalari tuwuhing lampah dosa. Tayangan ing media   dadosa TV, internet, barang-barang elektronik ingkang sangsaya canggih mboten kaginakaken kanthi sakmesthinipun, lsp. Semanten ugi ing babagan gesang saben dinten, menawi wonten tiyang ingkang mboten purun neka-neka lan gesangipun lempeng-lempeng mawon malah asring dipun poyoki lan ditebihi.
Jagad ingkang dados papan kula lan panjenengan gesang tansah nawekaken perkawis-perkawis ingkang gampil njalari tiyang kesupen ing bab kayekten, paugeraning gesang lan tataning gesang ingkang sangsaya mboten cetha njalari tiyang punika gampil nerak tataning gesang masyarakat, mburu rajabrana kanthi cara-cara mboten leres utawi kanthi tembung bahasa Indonesia “Menghalalkan segala cara”, lsp. Kamangka para kinasih pepadhang lan pepeteng punika mboten badhe saged nunggil sesarengan. Kadosdene nalika kula lan panjenengan nyuwun berkahipun Gusti ananging tanpa lampah ing kasucen mboten badhe leres.
Nalika Bangsa Israel kapimpin dening Senopati Yusak kita saged ningali pangandika ingkang mirunggan dhateng bangsa punika : “Apadene Sang Senapati Yusak ngandika marang para umat: “Padha sesucia, amarga sesuk Pangeran Yehuwah bakal nindakake kaelokan ana ing tengahmu.” (Yusak 3:5). Badhe ngersakaken panguwaosipun Gusti ingkang ngedap-edapi? Kuncinipun kedah kanthi njagi gesang ing kasucen. Menawi kita purun njagi gesang ing kasucen, benjing punapa panguwaosing Gusti ingkang ngedap-edapi kebabar? Pangandikanipun Gusti ing ayat ingkang sami ing inggil ngandikakaken “Benjing”. Tembung benjing ateges badhe enggal kaparingaken dening Gusti Allah ing gesang kita. Kula lan panjenengan badhe kaparingan wekdal ningali panguwaosipun Gusti ingkang ngedhap-edhapi ing gesang kita. Syaratipun namung setunggal kedah njagi kasucening gesang.
Senopati Yusak mboten ngandika: “mbudidayaa mbokmanawa kowe bisa suci”, ananging panjenenganipun kanthi estu dhawuh : Padha sesucia (Uripa ing kasucen!) Utawi kanthi tembung sanes “Mratobata”. Kanthi punika nedahaken bilih gesang ing kasucen mboten namung mandheg ing pepeling utawi pepenget ananging kedah katindakaken kanthi estu ing sauruting gesang. Kedah maujud ing salebeting gesang padintenan.
Rasul Petrus ugi nate ngengetaken dhateng pasamuwan wiwitan, lumantar seratipun ing I Petrus 1:14-16 pangandikanipun : “Uripmu dikaya bocah kang mbangun turut, aja nuruti hawa-napsu kang ngwasani kowé nalika kowé isih padha bodho. Nanging kowé padha dadia suci ing sajroning uripmu, kayadéné Panjenengané kang suci, kang wis nimbali kowé, sabab ana tulisan mangkéné: Sira padha dadia suci, jalaran Ingsun iki suci.”
Kadospundhi caranipun supados tansah kasagedaken gesang ing kasucen?
1)      Ing Kitab pangandharing Toret 28:9 “Pangeran Yehuwah bakal netepake kowe dadi umate kang suci, kaya kang wus kaprasetyakake kalawan supaos marang kowe, anggere kowe netepi pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta ngambah ing dalan pitedahe.” Tegesipun ing lampahing gesang sabenwekdal saksaged-saged kita tansah gesang miturut kersanipun Gusti lan netepi paugeranipun Gusti langkung-langkung saged nglairaken pangandikanipun Gusti ing tumindaking gesang.
2)      Serat rasul Paulus ing kitab Galatia 5:24 “Lan sapa kang dadi kagungané Kristus Yésus, iku wis nyalib daging dalah sakèhing hawa napsu lan pepénginané”. Liripun kita sampun katebus dening Gusti Allah awit pangurbananipun Sang kristus Yesus kita kedah gesang ngawonaken kadagingan ing sauruting lampah lan panggesangan.
Semanten ugi nalika kita badhe sesarengan nampi tandha katresnanipun Gusti Allah lumantar Sakramen Bujana, kula lan panjenenan kedah saged njagi kasucening gesang punika kanthi ngugemi pangandikanipun Gusti ing lampahing gesang lan wanton manggul salibing Sang Kristus ing senajan awrat nalika kita kedah manggul salibing Sang Kristus.

Amin

Bahan Pendadaran

PANGENING MENDANIPUN GUSTI
Waosan                : I Petrus 5:1-11
Nats                       : I Petrus 5:7

Antawisipun masalah lan raos kuwatos angel dipunsingkiri ing gesanging manungsa. Kamangka “Kekalihipun” raket sanget sambung rapetipun. Malah antawis setunggal lan setunggalipun daya dinaya lan mujudaken ukara “sebab akibat”
Sanadyan, tiyang ingkang nggadahi masalah saged ugi boten nuwuhaken raos kuwatos, nanging saksintena ingkang nggadahi raos kuwatos, mesthi nuwuhaken masalah ing gesangipun. Pramila pangen ingkang nggatosaken para mendanipun mboten lepat saking raos kuwatos jalaran tumindakipun menda-mendanipun ingkang nalisir saking paugeran.
Wonten ing I Petrus 5:7 tembung “Pasrahna…..” mboten naming awujud janji nanging malah dados dhawuh. Raos kuwatos mboten kita gegeki nanging kedah kita rucat lan kanthi pasrah sumarah dhumateng Gusti.
Menawi raos kuwatos tetep wonten ing gesang kita, ateges taksih nggegeki nalar lan budi kita piyambak dereng masrahaken gesang kita ing panuntuning Roh Suci. Kita kedah emut bilih Gusti Allah mboten nate nilar kita, saengga kita mboten mangkotaken manah bab dosa duraka kita, lan namung menggalih bab paukuman ingkang badhe katampi ing gesangipun. Kados-kados Gusti namung kendel lan mboten makarya.
Kamangka janjinipun Gusti punika ing bab sedaya perkawis badhe dhatengaken berkah lan kasaenan tumrap gesang kita. Sanadyan masalah kita awrat, sauger kita pitados dhumateng Gusti raos kuwatos mboten badhe ndayani ing gesang kita. Pangenipun Gusti punika sae lan nuwuhaken katentreman (Ibrani 13:6).
Pramila saben-saben kita nanggapi suruhanipun Gusti ing pamarek kita wonten Pambujanan suci, kita kaengetaken supados tansah masrahaken gesang kita ing panuntun lan Pakaryanipun Roh Suci awit panuntunipun wujud Pangengen Kadosdene menda ingkang kairid dhanteng pangonan ingkang rumputipun ijem lan kathah toyanipun menawi kraos benter dipunplegungaken ing sakngandhaping wit ingkang ngrembuyung kathah ronipun. Angin semidit boten kendel-kendel kebak ing kabingahan lan katentreman.

Kita mare king ngarsanipun Gusti kanthi kebak ing pangajeng-ajeng ingkang mboten ngloho. Roti lan anggur ingkang kita tampi lan kita tedha saha kita unjuk mujudaken peladosan anggen kita nanggapi suruhanipun Gusti bab pambujanan suci pinangka wujuding Pangengenipun Gusti dhumateng para warganing pasamuwan lumantar Pradataning Pasamuwan ing GKJ Sabda Winedhar. Mugi Gusti mberkahi. Amin

Wednesday, February 7, 2018

Amargi Iman

Ibrani 11:29-12:2


Ing tahun 1968 kawontenaken Olimpiade ing Mexico City.  Satunggaling cabang lomba ingkang kasebat Lari Marathon, wonten satunggaling Atlit ingkang saking Tanzania naminipun John Stephen Akhwari. Pelari punika ngantos sepriki dados inspirasi dening tiyang kathah. Punapa piyambakipun dados juara ing lomba Marathon punika?
Mboten babar pisan, piyambakipun mlebet ing Stadion lomba kemawon sampun rampung lombanipun.

Para juara sampun nampi kalung medali lan ingkang nonton wonten ingkang sampun sami wangsul. Ananging John Stephen tetep mlajeng tumuju ing garis finish, senajan kanthi suku kablebet lan kadangkala mlajengipun kanthi kedengklangan. 
Sukunipun tatu amargi nalika dumugi kilometer 19 saking 42 kilometer ingkang kedah dipunlampahi, piyambakipun dhawah. Sejatosipun panitia sampun menging supados mboten nglajengaken lomba, ananging kanthi tekad ingkang ageng piyambakipun tetep kepingin ngrampungaken lomba punika.
Nalika Akhwari dipuntakeni dening wartawan, kenging punapa tetep nglajengaken lomba kamangka sampun tatu sukunipun? Piyambakipun lajeng mangsuli : “Negaraku ora ngongkon aku kon mlayu 5000 mil thok, ananging aku kon ngrampungke lomba mlayu 5000 mil nganti rampung (finish). Akhwari mangertos tanggel jawabipun minangka atlit, piyambakipun ugi mangertos bilih tetandingan ingkang dipunlampahi punika mboten entheng lan mboten gampil, ananging kedah dipunlampahi ngantos rampung.  Senajan mboten dados juara lan nampi medali, ananging sampun ngrampungaken tanggel jawabipun ing salebeting dherek tetandingan.
Panyerat serat ibrani nggambaraken lelampahaning gesang tiyang pitados punika kadodene wonten ing tetandhingan olahraga. Gusti Allah ngutus kita supados purun nglampahi tetandhingan kadosdene atlit olahraga ngantos ngrampungaken tetandinganipun. Senajan kathah pacoben, rubeda, pepalang, ananging Gusti Allah ngersakaken supados kita tetep ngadhepi lan nindakaken tanggel jawabing iman ingkang sampun kaparingaken dhateng kita.
Mila supados para pitados anggenipun nglampahi tetandhingan iman ing jagad punika wonten tigang perkawis ingkang perlu dipungatosaken : ingkang sepisan,”…….mulane payo padha mbuwang sakebehing momotan sarta dosa kang tansah ngganggu-gawe kita….” Para pitados kadhawuhan supados purun sami nyingkiraken sedaya ingkang njalari raos kuwatos, sumelang, perkawis-perkawis ingkang njalari kendho ing gesang, semanten ugi kedah purun nyingkiraken panguwaosing dosa ingkang badhe nggeret kita ing karisakan. Kaping kalih, “kalawan mantep padha lumayu ing pabalapan kang kawajibake marang kita” tembung mantep nggadahi teges yakin lan tumemen. Kanthi mekaten anggenipun nglampahi pabalapan iman lan gesang kedah kinanthenan yakin, yakin bilih Gusti mbadhe mitulungi lan tumemen nglampahi sakderengipun wekdal tetandhinganipun rampung. Kaping tiganipun, kados ingkang kapangandikakaken ing ayat 2 sedaya ingkang katindakaken kinanthenan mandeng dhumateng Gusti Yesus, ngeneraken sedaya ingkang dipungalih, dipunangen-angen lan katindakaken ing kersanipun Gusti Allah.
Awit paseksining iman ingkang mekaten punika sampun katindakaken dening para tiyang-tyang pitados wiwit jaman Prajanjian lami ngantos dumugi prajanjian anyar (bab 11:29-40). Senajan kados ingkang kajlentrehaken ing ayat-ayat punika (29-40) nalika nindakaken timbalanipun Gusti, kathah rubeda lan pepalangipun ananging sedaya sami dipuntetepi kanthi kebak ing pangajeng-ajeng. Senajan ngantos wonten ingkang dipunsengiti, dipun ajengaken ing pangadilan, dipunaniaya, dipunkunjara ngantos kecalan nyawanipun, ananging sedaya dipuntetepi kanthi bingah. Para utusanipun Gusti sekawit sampun pirsa bilih nalika nglampahi timbalanipun Gusti ing jagad punika awrat ananging Gusti Allah sampun nyadhangaken kamulyan. “Jalaran Gusti Allah wus nyadhiyani kang luwih becik tumrap kita; tanpa kita wong-wong iku ora bisa tumeka ing kasampurnan (ay.40).” 
Pabalapan punika minangka ujianing iman ingkang kedah dipunlampahi ing sauruting gesang ing jagad punika. Saben tiyang pitados mboten saged nyingkiri kewajiban ing pabalapan. Pabalapan punika minangka wujuding tetandhingan iman ing jagad. Sedaya kedah dipunadhepi lan dipunlampahi kanthi kebak ing pangajeng-ajeng. Sauger nalika nglampahi pabalapan punika tansah mandeng Gusti Yesus Kristus mesthi badhe nampi berkah ing gesang lan badhe nampi makuthaning gesang langgeng.