ANTAWISIPUN YUDAS, PETRUS LAN KITA
Matius 26:75 lan Matius 27:3-5
Matius 26:75 lan Matius 27:3-5
Wekdalipun sampun ngancik ing
wayah ndalu, ananging tiyang-tiyang Yahudi mirunggan para pangarsaning tiyang
Yahudi sami taksih jumaga lan taksih rembagan. Ketingalipun ngrancang perkawis
ingkang ageng. Dumadakan para prajurit ngglandang tiyang ingkang sampun
karangket, badhe kasowanaken dhateng pangarsaning tiyang Yahudi. Panci leres,
ingkang karangket punika Gusti Yesus ingkang sampun sawetawis dening para
pangarsaning tiyang Yahudi badhe dipunsedani. Menawi kaetang, Gusti Yesus
miturut sekawan kitab Injil dipun adili dening para pangarsaning tiyang Yahudi
ngantos rambah kaping 6: Ingkang sepisan ing ngajenging Hanas (marasepuhipun
Kayafas), kaping kalih ing ngajenging Kayafas ingkang kalenggahanipun minangka
Imam Agung, kaping tiga ing ngajenging Sanhedrin (Mahkamah Agami), ingkang
kaping sekawan ing ngajenging Pilatus (Gubernur Yerusalem), lajeng ingkang
kaping gangsal ing ngajenging Herodes (Gubernur Galilea) lan pungkasan ing
ngajenging Pilatus malih ngantos Gusti nampi paukuman pejah. Ing kawontenan
nalika Gusti Yesus dipunadili, wonten kalih sekabatipun ingkang sami nggetuni tumindakipun,
inggih punika Yudas lan Petrus.
Ing Kitab Injil Matius bab 26:75 “Petrus
nuli kelingan pangandikane Gusti Yesus marang dheweke: “sakdurunge jago kluruk,
kowe wis nyelaki Aku ping telu.” Banjur metu menyang ing jaba, nangis
kelara-lara” lan Injil Matius 27:3-5 “Nalika Yudas, kang ngulungake Gusti
Yesus, sumurup, yen Panjenengane bakal kasedanan, banjur kaduwung………nuli
lunga saka kono lan mati nggantung.” Kalih-kalihipun sami nggetuni tumindakipun
ingkang setunggal nyade Gusti Yesus lan ingkang setunggalipun nyelaki Gusti
Yesus. Kamangka kekalihipun punika murid ingkang pinitados dening
Panjenenganipun nglangkungi sakabat sanesipun.Namung bentenipun, menawi Petrus
medal saking plataran lajeng nangis kelara-lara nggetuni tumindakipun, Yudas
kesah saking papan punika lajeng ngendhat (pejah nggantung).
Kita sedaya nate nggetuni
lampahing tumindak ingkang mboten leres. Kadangkala raos getun ingkang
sekelangkung ageng njalari manah ngraosaken kapetek lan mboten saged nglampahi
gesang sacara limrah. Saking awrating tumindak ingkang sampun
katindakaken, roas getun ingkang tuwuh
dereng kantenan nuntun ing pamratobat. Ananging saged kemawon, kados ingkang
lajeng katindakaken dening Yudas inggih punika pejah nggantung. Namung
kadospundhi ingkang kedah katindakaken dening tiyang pitados menawi nglampahi
tumindak ingkang awon lajeng tuwuh raos getun? Punapa kalajengaken kesah
(nglungani masalah), namung mandheg ing raos getun, utawi namung nangis
kelara-lara, utawi malah ngendhat (mati nggantung)? Kathah tiyang, kadangkala
mbokbilih kita ugi nedahaken raos getun kanthi cara-cara ingkang kelentu.
Kamangka sejatosipun saged nggetuni dosa lan kalepatan punika wekdal ingkang
kaparingaken dening Gusti Allah supados manungsa saged tinarbuka nampi sih
rahmatipun Gusti wonten ing gesangipun.
Conto ingkang gampil menawi kita
ningali liturgi ibadah GKJ mesthi bibar pangakening dosa salajengipun nampi
sihrahmatipun Gusti. Pasamuwan sami kaajak nggetuni lan nelangsani dosanipun
kanthi leres ing ngarsanipun Gusti supados Panjenenganipun kersa paring sih
rahmat dhumateng kita sedaya.
Wekdal punika kita sami
katimbalan nyawisaken manah lan kapitadosan badhe nampi Sakramen Bujono. Malah
ing wekdal punika kita sesarengan kaliyan pasamuwan sanes badhe mengeti
Sakramen Bujono sakdonya. Sumangga, menawi wonten tumindak lepat njalari tiyang
sanes ajrih lan kuwatos, tumindak ingkang cengkah kaliyan kersanipun Gusti kita
sami ngakeni dosa lan kalepatan. Purun nggetuni dosa lan tinarbuka dhateng
Gusti supados sih rahmat ingkang sampun kacawisaken dening Panjenenganipun
tinampi ing salebeting kita sami kembul bojono.
No comments:
Post a Comment