PAEDAHING NDHEREK BUJONO
Firman : Filipi 2:5-8
Firman : Filipi 2:5-8
John (Yohanes)
Calvin satunggaling teolog ingkang kawentar jamanipun Mangsa Reformasi, nate
ngandika bilih salah satunggaling paedah ingkang kita tampi lumantar dherek
bujono suci inggih punika supados kita saged manggen lan gesang langkung lebet
malih ing Sang Kristus lan kosokwangsulipun supados Panjenenganipun ugi kersa
dhedhampar lan gesang langkung lebet malih ing gesang kita.
Mila menawi kita sami katimbalan
cecawis salebetipun badhe nampi Sakramen Bujono Suci ing ngriku ingkang perlu
kita cawisaken inggih punika (mirunggan lumantar serat efesus 2:5-8):
1. Sinau ayat ingkang kaping 5 ngantos 7 “ing sajrone anggonmu bebarengan padha
kadunungana pangangen-angen lan pangrasa kang uga tinemu ana ing Sang Kristus,
kang senadyan ngagem sipating Allah ewadene anggone sejajar karo Gusti Allah
iku ora kanganggep bab kang kudu dikekahi………………” tegesipun purun sinau lan
nggladi pangangen-angen lan pangrasa kita setunggal lan setunggalipun supados
sami kaliyan pangangen-angen lan pangraosipun Sang Kristus ingkang sampun kersa
nilar kamulyanipun lan gesang minangka manungsa limrah ingkang sami kaliyan
kita malah kepara malah ngasoraken diri kanthi pangurbananipun. Kalenggahan
minangka putraning Allah, kamulyan ingkang kaparingaken dening Allah katilar,
lan mboten kaanggep minangka bab ingkang kedah dipunkekahi. Perkawis punika
temtu mboten perkawis ingkang gampil kangge kita. Asring kita “nggegegi
pikajeng kita piyambak, nganggap punapa ingkang sampun kagayuh sedaya amargi
pambudidaya piyambak, owel punika kedah nampi tiyang sanes lan paring
pangapunten dhateng tiyang sanes. Nanging menawi kita sampun nampi
panjenenganipun (Gusti Yesus) kita purun mboten purun, remen mboten remen kedah
nulad ingkang sampun katindakaken dening Panjenenganipun. Mekaten ugi kita kedah
nindakaken punapa ingkang nate katindakaken dening Panjenenganipun.
2. Sinau ayat ingkang kaping 8 “Apamaneh ing sajrone wujud manungsa iku
Panjenengane wus ngasorake sarirane lan sumuyud nganti seda ana ing kayu
salib”. Lumantar ayat punika ugi kita sami kaatag purun sinau sami tansah
purun ngasoraken diri lan mbangun turut, mikul salib kados panjenenganipun.
Punapa malih Gusti Yesus nate ngandika bab punika (Lukas 9:23) “…………saben wong kang kepingin ngetutburi
Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe, saben dina manggul salibe lan ngetutake
Aku.”
Ngasoraken diri punika ugi perkawis
ingkang mboten gampil ing gesang kita. Ananging sikap lan tumindak ingkang
mekaten tumrap pandherekipun Gusti ugi kedah katindakaken. Pancen miturut jagad
nglairaken sikap ngasoraken diri punika sikap ingkang “ngisin-isini, mboten
perlu, ora pantes, lsp” ananging miturut pangandikanipun Gusti (WB 6:1-5) sikap
ngasoraken diri punika sikap ingkang njalari kita sami kamardikakaken saking
tumindak ingkang ngrugekaken diri pribadi lan dhateng tiyang sanes. Miturut
kitab suci sikap punika mboten sikap ingkang ringkih ananging sikap ingkang ngluhuraken
Asmanipun Gusti (Yak 4:6 lan 1 Pet 5:5)
Kanthi sinau
kalih perkawis ing ngajeng punika, kita badhe estu ngraosaken paedhahing
ndherek bujono suci sesarengan kaliyan sanesipun. Paedahing nampi bujono suci
kedah kinanthenan gesang miturut kersanipun, tansah nuladha panjenenganipun ing
salebeting nilar kamulyanipun lan ngasoraken diri. Semanten ugi purun ngayati
kanthi lebet punapa ingkang sampun katindakaken dening Gusti Yesus ing gesang
kula panjenengan lumantar pangurbaninipun.
Mulane Saben wong
ndadara awake dhewe, lan sawise mangkono lahi mangan roti lan ngombe ing tuwung
iku (I Kor 11:28). Amin
No comments:
Post a Comment