1
Haleluya Pangeran aneng papan pamujan
pinujia asmanya dalah aneng akasa,
wit Gusti Allah Makwasa kamulyannya Ma Adi
ngungkuli kang gung edi munggwing swarga lan
ing bumi.
2
Linuhurna Hyang Agung klayan sagunging
kidung,
binarung salir gangsa wah kang ngungelken
swara,
geguritan dalah beksa makluk kang darbe
nyawa,
ngluhurna Hyang Makwasa sru ngidungna
Haleluya
No comments:
Post a Comment