URIP IKU SANG KRISTUS, DENE MATI IKU KABEGJAN
Filipi 1:21
“Awit mungguh ing aku urip iku Sang Kristus, dene mati
iku kabegjan”
Sedaya manungsa menawi katilar
dening tiyang ingkang dipuntresnani mesthi badhe ngraosaken sedih lan prihatos.
Keinging punapa sedih? Amargi mboten namung bab pejahipun ananging amargi
sampun pisah selaminipun kaliyan tiyang ingkang dipuntresnani. Nalika taksih
gesang taksih saged sesambetan dadosa wawanpangandikan, nyambutdamel
sesarengan, nglampahi gesang sesarengan lansakpiturutipun ananging mboten saged
malih. Namung punapa lajeng tansah
gesang ing kasedihan utawi kaprihatosan? Temtu mboten, kita kedah saged ngewahi
kawontenan ingkang mrihatosaken punika dados kawontenan ingkang nuwuhaken
pangajeng-ajeng lan kabingahan malih. Kadospundhi caranipun?
Ingkang sepisan, temtu kita kedah nampi kawontenan punika kanthi
ikhlas. Ingkang kaping kalih, kita
kedah sinau bilih nampi katilar dening tiyang ingkang dipuntresnani mbetahaken
wekdal supados manahh kita pulih malih. Ingkang kaping tiga, minangka umat
kagunganipun Gusti kita kedah mijekaken mijekaken wekdal nyenyuwun ing pandonga
dhateng Gusti Allah supados kakiyataken lan ingkang kaping sekawan, kita perlu nggatosaken pangandikanipun
Gusti ing serat Filipi 1:21 “Awit mungguh ing aku urip iku Sang Kristus, dene
mati iku kabegjan” Kenging punapa Rasul Paulus ngandikakaken bilih pejah punika
kabegjan? Kamangka sadaya manungsa punika mastani bilih pejah punika ngrugekaken
tumrap tiyang gesang. Pepejah punika mboten wonten ingkang dhatengaken
kabingahan mesthi dhtengaken kasisahan. Tandanipun punika saged kita tingali
saking tiyang ingkang ngirim karangan bunga, ing ngriku mboten badhe katulis
“Turut bersukacita atas meninggalna……” ananging mesthi kaserat “turut
berdukacita atas meninggalnya…..”
Namung ing ngriki, Rasul Paulus
badhe ngengetaken kabegjanipun tiyang ingkang pejah ing patunggilanipun Gusti
amargi lumantar Gusti Yesus, kita sedaya badhe nampi makuthaning gesang
langgeng ingkang sampun kacawisaken. Nalika kita taksih dereng nampi
kanugrahanipun Sang Kristus kita punika tiyang dosa ingkang nampi pejah
langgeng, sedaya ingkang kita lampahi tumujunipun ing karisakan. Ananging
saksampunipun kita nampi Gusti Yesus sedaya dados kabegjan amargi kita sampun
nampi prasetyan gesang langgeng. Milanipun, mungguh kita ingkang taksih
kaparingan gesang ing jagad punika kedah tansah nggadahi paseksi : “mungguh ing
aku urip iku Sang Kristus”; sedaya ingkang kita lampahi kedah saking
Panjenenganipun lan kagem Panjenenganipun. Kanthi makaten, ing saranduning gesang kita, sedaya ingkang
katindakaken kedah dados sarana ngluhuraken asmanipun Gusti lan kebabaring
kamulyanipun Gusti.
Pramila tumrap kita ingkang
taksih kaparingan gesang ing jagad punika, sumangga kita mbudidaya murih tansah
gesang manut pangrehipun lan cundhuk kaliyan kersanipun. Supados kita
mangkenipun nampi gesang langgeng kados ingkang sampun dipun tampi dening
suwargi……………..; Awit mungguh urip iku Sang Kristus lan mati iku kabegjan wonten
ing kamulyan Jati. Amin.