Wednesday, June 13, 2018

Renungan Panglipur

URIP IKU SANG KRISTUS, DENE MATI IKU KABEGJAN

Filipi 1:21
“Awit mungguh ing aku urip iku Sang Kristus, dene mati iku kabegjan”


Sedaya manungsa menawi katilar dening tiyang ingkang dipuntresnani mesthi badhe ngraosaken sedih lan prihatos. Keinging punapa sedih? Amargi mboten namung bab pejahipun ananging amargi sampun pisah selaminipun kaliyan tiyang ingkang dipuntresnani. Nalika taksih gesang taksih saged sesambetan dadosa wawanpangandikan, nyambutdamel sesarengan, nglampahi gesang sesarengan lansakpiturutipun ananging mboten saged malih.  Namung punapa lajeng tansah gesang ing kasedihan utawi kaprihatosan? Temtu mboten, kita kedah saged ngewahi kawontenan ingkang mrihatosaken punika dados kawontenan ingkang nuwuhaken pangajeng-ajeng lan kabingahan malih. Kadospundhi caranipun?
Ingkang sepisan, temtu kita kedah nampi kawontenan punika kanthi ikhlas. Ingkang kaping kalih, kita kedah sinau bilih nampi katilar dening tiyang ingkang dipuntresnani mbetahaken wekdal supados manahh kita pulih malih.  Ingkang kaping tiga, minangka umat kagunganipun Gusti kita kedah mijekaken mijekaken wekdal nyenyuwun ing pandonga dhateng Gusti Allah supados kakiyataken lan ingkang kaping sekawan, kita perlu nggatosaken pangandikanipun Gusti ing serat Filipi 1:21 “Awit mungguh ing aku urip iku Sang Kristus, dene mati iku kabegjan” Kenging punapa Rasul Paulus ngandikakaken bilih pejah punika kabegjan? Kamangka sadaya manungsa punika mastani bilih pejah punika ngrugekaken tumrap tiyang gesang. Pepejah punika mboten wonten ingkang dhatengaken kabingahan mesthi dhtengaken kasisahan. Tandanipun punika saged kita tingali saking tiyang ingkang ngirim karangan bunga, ing ngriku mboten badhe katulis “Turut bersukacita atas meninggalna……” ananging mesthi kaserat “turut berdukacita atas meninggalnya…..”
Namung ing ngriki, Rasul Paulus badhe ngengetaken kabegjanipun tiyang ingkang pejah ing patunggilanipun Gusti amargi lumantar Gusti Yesus, kita sedaya badhe nampi makuthaning gesang langgeng ingkang sampun kacawisaken. Nalika kita taksih dereng nampi kanugrahanipun Sang Kristus kita punika tiyang dosa ingkang nampi pejah langgeng, sedaya ingkang kita lampahi tumujunipun ing karisakan. Ananging saksampunipun kita nampi Gusti Yesus sedaya dados kabegjan amargi kita sampun nampi prasetyan gesang langgeng. Milanipun, mungguh kita ingkang taksih kaparingan gesang ing jagad punika kedah tansah nggadahi paseksi : “mungguh ing aku urip iku Sang Kristus”; sedaya ingkang kita lampahi kedah saking Panjenenganipun lan kagem Panjenenganipun. Kanthi makaten,  ing saranduning gesang kita, sedaya ingkang katindakaken kedah dados sarana ngluhuraken asmanipun Gusti lan kebabaring kamulyanipun Gusti.
Pramila tumrap kita ingkang taksih kaparingan gesang ing jagad punika, sumangga kita mbudidaya murih tansah gesang manut pangrehipun lan cundhuk kaliyan kersanipun. Supados kita mangkenipun nampi gesang langgeng kados ingkang sampun dipun tampi dening suwargi……………..; Awit mungguh urip iku Sang Kristus lan mati iku kabegjan wonten ing kamulyan Jati. Amin.

No comments:

Post a Comment