Firman : RUM
13 : 10-14
Pasamuwan ingkang kinasih
Kita sampun lumebet malih ing wulan Adven-Natal.
Ing mangsa punika kita sami kaengetaken malih punika kita sami kaajak cecawis.
Cecawis ing salebeting gesang mapag rawuhipun Gusti lan sesarengan badhe
mengeti pengetan wiyosipun Gusti Yesus. Kaleresan nalika kita sami cecawis,
sacara mirunggan kita ugi badhe nampi Sakramen Bujono ingkang pungkasan ing
tahun punika.
Sesambetan kaliyan perkawis cecawis punapa ingkang
perlu kita cawisaken ?
Pangandikanipun Gusti ingkang kita pirengaken
wekdal punika minangka peranganipun serat kintunan Rasul Paulus dhumateng
pasamuwan ing Rum. Minangka pasamuwa ingkang wiwitan, Rasul Paulus tansah
ngengetaken gesanging pasamuwan ingkang leres ing ngarsanipun Gusti. Mligi ing
bab 13 ayat 10-14 punika ngengetaken tumrap gesanging katresnan umat
kagunganipun Gusti. Senajan kiwa tengen, lingkungan lan kawontenan gesang
ingkang werni-werni lan benten kaliyan tata iman Kristen, ananging timbalanipun
Gusti bab katresnan kedah tansah katedahaken.
Wujuding katresnan ingkang kados punapa ingkang
kakersakaken ing serat punika ?
Pasamuwan ingkang kinasih
Wujuding katresnan ingkang kinersakaken dening
Rasul Paulus inggih punika njagi gesang ingkang leres, kadosdene mboten remen
damel piala, mboten nindakaken malih gesang ing pratingkahing pepeteng, mboten
nguja hawa nepsu, mboten nguja memangan, mboten endem-endeman, mboten laku
jina, mboten remen tukar padu lan mboten kumeren.
Pangandika punika kaengetaken dhateng pasamuwan
awit :
- Ngengeti bilih ing lampahing gesang saben wekdal mboten uwal saking perkawis-perkawis ingkang cengkah kaliyan kersanipun Gusti. Punapa malih kitha Rum ingkang “Majemuk”, kathah para tiyang neneka ingkang mbeta kabudayan, tradisi lan lampah ingkang maneka werni. Asring kabudayan, tradisi lan lampah punika mboten trep kaliyan piwulangipun Gusti.
- Ing anggotaning pasamuwanipun Gusti, taksih kelampahan tumindak-tumindak ingkang nyulayani kersanipun. Senajan sampun nampi Gusti Yesus minangka juru wilujeng lan nampi sih rahmatipun ananging gesang lami asring taksih katindakaken.
- Pasamuwan gesang mapag rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih. Wonten ing salebeting mapag rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih kedah tansah siaga ing iman, njagi gesanging iman ingkang leres lan ngedalaken wohing kapitadosan ngantos rawuhipun Gusti Yesus.
Pramila kanthi perkawis-perkawis ing ngajeng,
menawi kita gatosaken saking pangandika punika, Rasul Paulus dhawuh :
- Katresnan punika kedah maujud ing salebeting gesang ingkang ngemu kaleresanipun Gusti. Liripun kadospundhi ? Liripun nalika mrangguli bab-bab ingkang nyulayani kersanipun Gusti pasamuwan kedah wanton ngengetaken, menawi wonten ingkang mbetahaken pitulungan kedah dipun gatosaken kanthi tulus, lsp.
- Katresnan punika maujud ing lampahing gesang ingkang leres, inggih punika lumampah ing lampahing gesang ingkang mbangun diri pribadi lan mbangun tiyang sanes kanthi nebihi patrap ingkang remen nguja kemaremaning daging.
- Katresnan punika maujud kanthi nulad pakaryanipun Gusti Yesus Kristus (minangka gegamaning pepadhang).
Pitakenanipun tumrap kita sedaya, punapa kita
sampun saestu nglairaken katresnan ingkang mekaten? Langkung-langkung ing
salebeting kita gesang ing satengahing masyarakat. Sumangga ing salebeting kita sami badhe nampi
tandha katresnanipun Gusti ingkang pungkasan ing tahun punika, sesarengan kita
naliti gesang kita piyambak-piyambak alandhesan katresnan. Kanthi pangajab
mugi-mugi kita kasagedaken nindakaken katresnan ingkang saestu mbangun lan
maedahi dhateng sedaya tiyang. Wus meh
raina, wus lingsir wengi. Amin.
No comments:
Post a Comment