Sunday, February 4, 2018

Awakmu Kudu Sampurna

2 Korinta 13:11-13




“Wasana, para sedhulurku, padha bungaha, udinen supaya awakmu sampurna…..”
Udinen supaya awakmu sampurna! Punapa Rasul Paulus nalika nyerat punika kaliyan gojekan, awit punapa wonten tiyang ingkang sampurna? Amargi namung Gusti Yesus ingkang sampurna. Lajeng punapa ingkang kakersakaken dening rasul Paulus sesambetan kaliyan ukara punika?
Ing kitab suci wonten kalih teges sesambetan kaliyan tembung sampurna;  Ingkang sepisan, kapanggihaken ing Injil Matius 5:48 “Mulane kowe padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna” Tembung sampurna ingkang aslinipun saking tembung teleios nggadahi teges dados diwasa, dumugi ingkang punkajengaken, jangkep, wetah, mateng. Sambetan kaliyan artos punika,  Rasul Paulus nedahakaken bilih Gusti Allah njangkepi pasamuwanipun supados tansah tumuwuh lan tundhonipun “……..bisa nggayuh manunggaling pracaya lan kawruh kang bener tumrap Putraning Allah, kadiwasan kang sampurna lan tataran kang cundhuk karo kasampurnaning Sang Kristus”. Dados ingkang kakersakaken dening Gusti Allah tumrap pasamuwanipun punika kadiwasan rohani ngantos dumugi ing kasampurnanipun Allah. Dadosa ing bab pangertosanipun, sikap, pangangen-angen lan tumindak ing gesang saben wekdal.
Ingkang kaping kalih, tembung “………udinen supaya awakmu sampurna…” tembung sampurna ingkang kaginakaken ing ayat 11 inggih punika tembung katartizo ingkang tegesipun “kapulihaken kadosdene kawontenan wiwitan” Kawontenan wiwitan ingkang punkajengaken inggih punika kawontenaning manungsa ingkang dereng dhumawah ing dosa, gesang ingkang kawengku ing kamulyanipun Allah. Kanthi mekaten tembung sampurna ingkang kakersakaken inggih punika  kawontenan ingkang kapulihaken malih lan nggayuh kadiwasan ingkang wetah. Menawi punika kelampahan, mboten mokal menawi kita saged gesang tanpa cacat lan tanpa lepat, awit manungsa karohanen kita saben wekdal tansah kapulihaken lan tansah kadiwasakaken. Milanipun Rasul Paulus paring pambereg dhateng pasamuwan kanthi tembung “…udinen…” tegesipun ngupaya kanthi tumemen. Awit sinten ing tumemen mesthi badhe nampi makuthaning gesang langgeng, trep kaliyan falsafah jawa ingkang mekaten “Sopo Sing Temen Bakal Tinemu”
Tembung pambereg ing panutup serat punika sejatosipun peranganipun dhawuh saking Paulus dhumateng pasamuwan ing Korinta, dhawuh supados pasamuwan tansah gesang miturut kersanipun Allah. Gesang ingkang tansah mituhu lan kebak pambangunturut alandhesan iman ingkang leres ing ngarsanipun Gusti.
Menawi kita gatosaken saking ayat-ayat sakderengipun, kita saged ningali raos kuciwanipun Rasul Paulus dhumateng pasamuwan ing Korinta. Mila Rasul Paulus nyerat serat 2 Korinta punika kanthi tujuan : ingkang sepisan, mbereg pasamuwan korinta ingkang tetep setya dhumateng piyambakipun minangka bapa rohaninipun pasamuwan. Ingkang kaping kalih, Rasul Paulus nantang lan mbikak wadi-nipun para rasul palsu ingkang mboten nampi piyambakipun sacara pribadi kanthi tujuan supados kawibawanipun, kalenggahanipun minangka Rasul lan isining Injil ingkang kawartosaken mboten dipunpitadosi dening pasamuwan. Ingkang kaping tiganipun, Rasul Paulus nyerat punika supados pasamuwan mangertos bab kalenggahan lan wewenang rasuli ingkang kaparingaken dening Gusti ing satengahing pasamuwan. Mboten piyambakipun ingkang kepingin nglenggahi kalenggahan rasul ananging sedaya kalawau amargi kersanipun Gusti. Mila Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan supados sampun ngantos tetep gesang ing pangertosan lan iman ingkang lepat ing ngarsanipun Gusti. Kanthi njlentrehaken perkawis punika pangajab pasamuwan saged manggihaken sinten rasul-rasul palsu ing antawisipun pasamuwan lan milah punapa ingkang maedahi tumrap gesanging imanipun.
Senajan kawontenanipun pasamuwan kapanggihaken perkawis-perkawis ingkang nyulayani kersanipun Gusti lan saged kemawon njalari pedhoting sesambetan Rasul Paulus kaliyan pasamuwan. Ananging mungkasi seratipun punika, panjenenganipun tetep paring semangat lan pambereg. Mbokbilih pangucap lan pameleh ing ayat sakderengipun njalari sedihipun pasamuwan, ananging ing pungkasanipun panjenenganipun nyuwun supados pasamuwan tansah bingah. Langkung-langkung sambet kaliyan bab kasampurnan, Rasul Paulus tetep mbereg, supados pasamuwan kedah tansah golek dalan padhang trep kaliyan kersanipun Gusti Yesus Kristus.

POKOK PIREMBAGAN :
  1. Kadospundhi caranipun ngudi kasampurnaning gesang wonten ing Sang Kristus Yesus?
  2. Punapa kemawon ingkang dados pepalang nalika kita kabereg ngudi kasampurnanng gesang?
  3. Punapa ingkang kedah tansah kabudidaya saben wekdal supados kita kasagedaken nampi kasampurnaning gesang wonten ing Gusti Yesus?

No comments:

Post a Comment