Miturut buku-buku Apokaliptik Yahudi (asalipun saking tembung Yunani
ingkang tegesipun “menyingkapkan” utawi binuka lan sesambetan kaliyan
sakderengipun ingkang winadi ananging sakpunika sampun binuka)
gonjang-ganjinging jagad badhe kelampahan malih ing pungkasaning jaman ngiringi
rawuhiun Gusti Yesus ingkang kaping kalih. Bentenipun kaliyan jejer lelampahan
ing akhir jaman saking kitab sanesipun, perikop punika mboten ngrembag bab
pangadilan, paukuman ingkang nggegirisi ananging badhe nglipur lan ngiyataken.
Senajan sedaya kasangsaran ingkang kelampahan badhe dipunalami dening umat
kagunganipun Gusti ananging sedaya minanga sarana methukaken rawuhipun Putraning
Allah ingkang ngasta prasetyan kawilujengan. Nalika putraning Allah rawuh, para
pepilihanipun badhe kakempalakan dening para mlaekat saking pojok-pojoking bumi
utawi keblat papat. Para tiyang pitados ingkang tansah nggondeli kapitadosan
ngantos pungkasan badhe tampi kanugrahan kawilujengan dening putraning Allah.
Sesambetan kaliyan perkawis punika, para muridpun kaparingan pasemon
malih bab wit anjir (tembung serapan saking anjeer
bahasa Gujarati India; bahasa inggrisipun fig; bahasa Alkitab Indonesia punika
pohon Ara; bahasa arabipun wit TIN), minangka tanda rawuhipun Gusti. Sedaya tanda-tanda punika minangka srana para
murid sami mangertosi dinten rawuhipun Gusti sangsaya celak. Langkung-langkung
tumrap tiyang-tiyang Yahudi ingkang nampi piwulangipun Gusti nalika semanten
kadosdene ingkang katerangaken ing ayat 30. Miturut para ahli kitab, ingkang
kasebat jinis iki sambetan kaliyan tiyang-tiyang Yahudi ingkang ngalami
kawontenan kadosdene pungkasaning jaman nalika Padaleman Sucinipun rubuh
kabesmi. Semanten ugi temtunipun tumrap para pitados punika peranganing tanada
ingkang kaparingaken dhateng kita ing pungkasaning jaman.
Sedaya ingkang badhe kelampahan mboten wonten ingkang pirsa kejawi
namung Gusti Allah ingkang kagungan panguwaos dhateng jagad. Ingkang baken lan
ingkang perlu dipungatosaken dening para muridipun wonten ing 3 ayat pungkasan
saking perikop punika : “Sing pada ngati-ati lan tansah padha meleka!”
Rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih mboten wonten ingkang sami pirsa,
mila Gusti Yesus dhawuh supados para pandherekipun kadawuhan sami ngatos-atos
lan jumaga. Kadosdene pasemon bab abdi ingkang kapasrahan griya supados kajagi.
Nalika ingkang kagungan griya kesah ingkang wekdalipun mboten saged
katemtokaken, piyambakipun paring tugas dhateng para abdinipun trep kaliyan
jinis tugasipun. Contonipun Griya-griya ageng ing Israel nalika semanten,
asring tebih kaliyan margi lan katutup dening tembok ing ngupengi griya punika.
Ing ngajeng regol wonten griya alit kangge abdi ingkang kapsrahan tugas njagi.
Saisinipun griya dados tanggel jawabipun abdni punika. Abdi ingkang nggadahi
tugas jagi punika ing saksisih nglampahi tugas jagi inggih jagi kawilujengan
lan njamin kawontenan aman ing sakiwa tengenipun. Ing saksisihipun piyambakipun
ugi jagi dirinipun piyambak sampun ngantos tilem, menawi tilem ing salebeting
jagi ateges nerak dhawuhipun bendaranipun semanten ugi menawi wonten ingkang
badhe colong jupuk, tiyang punika saged mangertos kanthi kawaspadan.
Dhawuhipun Gusti Yesus supados ngatos-atos lan tansah padha meleka!
Ngatag dumateng kita sedaya supados tansah siaga bab punapa kemawon ingkang
badhe kelampahan langkung-langkung dhatengipun pungkasaning jaman. Siaga ing
iman, siapa ing gesanging ibadah saben wekdal supados mboten gampil kaseret ing
pambliduging jaman, siapa ing lampahing budi saben wekdal supados mboten gampil
kapincut dhateng perkawis-perkawis ingkang badhe nebihaken kita kaliyan ingkang
kagungan gesang.
Wonten falsafah jawi ingkang ukaranipun “Eling lan Waspada” Falsafah
punika mulang supados manungsa tansah enget lan waspada nalika nglampahi
gesang. Falsafah punika kawentar saksampunipun kaserat dening Ranggawarsita,
ing serat Kalatida:
Amenangi
jaman edan
Ewuhaya
ing pambudi
Melu
edan ora tahan
Yen
tan melu anglakoni
Bya
keduman melik,
Kaliren
wekasanipun,
Ndilalah
kersa Allah,
Begja-begjaning
kang lali,
Luwih
begjo kang eling lan waspada
POKOK PIREMBAGAN :
- Iman ingkang jumaga lan iman ingkang “melek” punika iman ingkang kadospundhi?
- Kadospundhi kita budidaya supados tansah pinanggih ing gesang iman ingkang jumaga lan iman ingkang “melek”?
- Punapa ingkang asring dados pepalang kita mboten saged nedahaken iman ingkang jumaga lan iman ingkang “melek” ?
No comments:
Post a Comment