Sunday, February 4, 2018

Sang Roh Ingkang Nunggilaken

1 Korinta 12:3b-13


Wonten pasulayan ing satengahing pasamuwan Korinta. Tanda wontenipun pasulayan punika, sampun sinerat ing wiwitaning seratipun Rasul Paulus dhateng pasamuwan ing Korinta (I Kor 1:10-11).  Tuwuhing pasulayan amargi setunggal lan setunggalipun sami ngegung-egungaken pimpining pasamuwan piyambak-piyambak (kelompokipun Paulus, kelompokipun Apolos, lsp) lan ngegung-egungaken peparingipun Gusti ingkang benten-benten. Ingkang setunggal rumaos kaparingan peparing ingkang langkung ngedab-edabi katimbang sanesipun ingkang rumaos kaparingan peparing biasa kemawon.
Punapa malih masyarakat Korinta kawontenanipun ingkang kebak ing wor suh jalari gesangipun pasamuwan mboten murni ing cak-cakanipun. Kitha Korinta (asal saking tembung Yunani “korinthiazomai tegesipun tumindaking laku bedang) punika kitha pelabuhan ingkang ageng ugi dados punjering nyembah brahala Venus lan Afrodit.   Miturut para ahli, praktek nyembah brahala punika dados landhesan tuwuhing basa roh ing satengahing pasamuwan Korinta (bdk. 1 Kor 12:2). Saking prakteking ibadah ingkang mekaten lajeng nuwuhaken roas meri dhateng setunggal lan setunggalipun njalari tuwuhing pasulayan. Awit ingkang setunggal rumaos langkung sae katimbang sanesipun sambetanipun kaliyan peparingipun Gusti punika.
Rasul Paulus lajeng njlentrehaken bab peparingipun Gusti ingkang benten-benten punika ing ayat 4-6 : “Peparing iku warna-warna, nanging Sang Roh iku mung siji. Lan wujuding leladi iku rupa-rupa, nanging Gusti iku mung siji, Apadene kang katindakake iku maneka warna, nanging Gusti Allah mung siji kang nindakake samubarang an ing wong kabeh.”  Ing ayat 4 Paulus ngginakaken tembung dasar inggih punika charisma (LAI:TB“karunia”), ayat 5 diakonia (LAI:TB “leladi”), lan ayat 6 energēma (LAI:TB “tumindak ingkang ngedap-edapi). Ingkang radi benten, ing ayat 7, Rasul Paulus ngginakaken tembung phanerōsis (LAI:TB “pernyataan”). Senajan tembungipun benten-benten ananging piyambakipun kepingin njlentrehaken perkawis ingkang sami. Rasul Paulus nandesaken peparing karohanen ingkang benten-benten punika pinangkanipun saking Allah. Peparing (karunia) kaparingaken supados tiyang sami mangertos bilih Gusti Allah punika ingkang utami ingkang dados sumbering keyakinan lan ayahan. Awit Gusti Allah piyambak ingkang sampun nindakaken samukawis dhumateng sedaya tiyang pitados. Mila anggenipun ngecakakaen peparingipun Gusti punika mboten dipunkeparengaken kagem ngedung-egungaken dhiri ananging kagem ngluhuraken asmanipun Gusti Allah. Mboten namung punika, bilih sedaya peparing Roh kedah katindakaken adhedhasar katresnan. Supados tumujunipun dhumateng pambangunaning sariranipun Sang Kristus ing gesang pasamuwan.
Lajeng punapa tujuanipun Gusti Allah maringi peparing Roh ingkang mawerni-werni ing satengahing pasamuwan? Kados ingkang kaserat dening Rasul Paulus ing serat Efesus 4:12-13 : “supaya para suci pada kacawisna kanggo ayahan leladi, kanggo pambangune sarirane Sang Kristus,nganti kita kabeh wus padha bisa nggayuh manunggaling pracaya lan kawruh kang bener tumrap Putraning Allah, kadiwasan kang sampurna lan tataran kang cundhuk karo kasampurnaning Sang Kristus.”
Kanthi mekaten sedaya ingkang katindakaken lumantar peparinging Sang Roh ing satengahing pasamuwan tujuanipun supados ingkang sepisan pasamuwan kacawisaken kangge nindakaken ayahan leladi ing satengahing pasamuwan punapadene ing satengahing sesami; ingkang kaping kalih,  pasamuwan kasagedaken nggayuh manunggaling pitados lan kawruh ingkang leres tumrap putraning Allah inggih Gusti Yesus Kristus; kaping tiganipun, pasamuwan sangsaya tambah diwasa ing iman lan tumrap tanggel jawabing gesang padintenan; ingkang kaping sekawan, pasamuwan sangsaya tumuwuh ing iman trep kados kakersakaken dening Gusti Yesus kanthi cara gesang sami ngajeni setunggal lan setunggalipun, tulung tinulung dhateng sanesipun.
Wonten ing benten-bentenipun peparing kita sedaya katunggilaken ing Gusti Yesus. Wonten ing Gusti Yesus, ingkang benten mboten njalari cengkah lan tuwuhing dredah, ananging dados endah awit sedaya kedah sami njangkepi setunggal lan setunggalipun. Mekaten ingkang kakersakaken dening Rasul Paulus lumantar seratipun punika.
Pangertosan punika benten kaliyan pemikiranipun pasamuwan ing korinta. Pasamuwan ing Korinta nggadahi panganggep bilih peparing (karunia) ingkang benten-benten punika kaparingaken tujuanipun kangge nedahaken kaluwihaning diri tumrap sanesipun. Kadosdene jaman samangke, kathah tiyang Kristen ingkang ugi gampil kapilut dhateng para abdinipun Gusti ingkang nggadahi “karunia” tertemtu katimbang saestu pitados dhateng Gusti ingkang makarya ing gesangipun abdinipun. “Pengultusan” (paring pakurmatan ingkang kelangkung dhateng tiyang) dhateng abdinipun Gusti tertemu punika minangka bukti bilih piwulangipun Rasul Paulus ing 1 Korinta 12:6 dereng sedaya dipunmangertosi lan dipuntindakaken dening pasamuwan Kristen.
     Minangka tiyang pitados kita kedah ngaturaken pangucap sokur atas sedaya peparingipun Gusti ing satengahing pasamuwan. Peparing ingkang mawerni-werni punika dados rajabrananing gesanging pasamuwan, ingkang kedah karimat, kajagi lan katuwuhaken sesarengan minangka suhing patunggilaning pasamuwan. Awit kados ingkang sampun kaaturaken dening Rasul Paulus, Gusti Allah maringi peparing ingkang werni-werni punika supados para suci sami kacawisaken ayahan leladi ing satengahing pasamuwan lan ing satengahing sesami.


POKOK PIREMBAGAN :
  1. Punapa panjenengan nampi peparinging Sang Roh (karunia) ing gesang panjenengan? Punapa wujudipun?
  2. Menawi kita nampi peparing (karunia) ing gesang, punapa ingkang perlu katindakaken lan punapa ingkang perlu kasingkiraken supados peparing punika njalari diwasaning pasamuwan?
  3. Kasuwun atur paseksi, pengalaman migunakaken peparinging Sang Roh ing lampahing gesang ngantos wekdal punika?

No comments:

Post a Comment