Bahan Panyuraosing Kitab Suci : Wilangan
6:22-27
Tembung i
ngkang leres punika ‘berkat’ punapa ‘berkah’,
menawi kacundukaken kaliyan maringi pangestu utawi pandonga?
Miturut Bausastra (kamus bahasa jawa), ‘berkat’ punika tegesipun ‘sega salawuhane kang diwenehake marang
wong-wong kang padha melu slametan’. Dene menawi ‘berkah’, tegesipun ‘pangestu, pandonga’. Pancen sega
salawuhane ingkang dipun caosaken dhateng tiyang ing salebeting slametan utawi
kenduren punika ugi saged sinebut berkah, ananging berkah ingkang sesambetan
kaliyan kajasmanen. Kamangka berkah ingkang ateges pangestu, punika langkung rowa
wujud lan cak-cakanipun. Berkah ingkang ateges pangestu utawi pandonga
nyrambahi sawernining gesang ing padintenan.
Ing Kitab Prajanjian Lami tembung berkah punika kapendhet saking
tembung barakha, ingkang asring
kasambetaken kaliyan peparing awujud barang (PT 11:26; WB 10:22,28; Yes 19:24,
lsp). Kadhangkala ugi dipun ginakaken ing salebeting rumusan tembung berkah (PD
27:36, 38, 41; PT 33:1). Kados ugi ingkang sinerat ing kitab wilangan 6:22-27
punika. Gusti Allah piyambak ingkang dhawuh dhateng Musa supados katindakaken
dening imam (Harun lan anak-anakipun) anggenipun mberkahi bangsa Israel.
Ananging tembung berkah punika mboten namung rumusan berkah ingkang kandheg lan
namung kaginakaken ing salebeting pangibadah, kadosdene ingkang sampun lumampah
ing pangibadahipun gereja GKJ, utawi gereja sanes. Ananging isinipun punika
nggambaraken semanten agenging katresnan lan panguwaosipun Gusti tumrap
manungsa ingkang asring dhumawah ing dosa. Kadosdene werdining berkah ingkang kaparingaken
dening Allah dhateng Israel supados tansah gesang ing kasucen.
Sumangga kita gatosaken ugi rumusan berkah ingkang kaparingaken
dhateng bangsa Israel punika, wonten 3 bab ingkang perlu dados kawigatosan.
Sepisan (ayat 24), “Pangeran
Yehuwah muga maringana berkah marang kowe, lan ngayomana kowe”. Berkah
ingkang sepisan punika ngemu gambaran bab pangrimatipun Gusti Allah dhateng
umatipun. Para kagunganipun badhe tansah nampi pangayoman saking sawernining
tumindak lepat.
Kaping kalih (ayat 25) “Pangeran
Yehuwah muga nyunarna cahyaning wedanane marang kowe, lan maringana sih
rahmat”. Berkah punika minangka tanda keparengipun Gusti Allah dhateng
saben tiyang. Berkah punika mratelakaken bab kasaenan, katresnan, pangapunten,
sih rahmat, lan kawilujengan ingkang kaparingaken dhateng umatipun.
Kaping tiga (ayat 26), Pangeran
Yehuwah muga kersaa nungkulake wedanane marang kowe, lan maringana tentrem
rahayu”. Gusti Allah sacara pribadi nedahaken sih palimirmanipun lan
tentrem rahayu. Kawontenan tentrem rahayu punika sesambetan kaliyan raos aman,
kesarasan, manah ingkang wening, katebihaken saking panggodha, nggadhahi
sesambetan ingkang nengsemaken antawisipun manungsa setunggal lan setunggalipun
mirunggan sesambetan kaliyan Gusti.
Lumantar rumusan berkah punika sejatosipun nelakaken prasetyanipun
Gusti ingkang langgeng ing gesanging umat. Nelakaken ugi kekancinganing
prasetyanipun Allah dhateng umat kagunganipun supados tansah gesang ing
panguwaosipun.
Kita sedaya mesthi kepingin nampi berkah lan gesang tansah binerkahan,
dadosa ing bab kajasmanen punapadene karohanen. Namung asring kita kelentu ing
panampi bilih tiyang ingkang sugih, nggadhahi punapa kemawon ing kajasmanenipun
punika tiyang ingkang binerkahan dene ingkang sekeng mboten binerkahan. Lumantar
pangandikanipun Gusti kita kaengetaken bilih Panjenenganipun mberkahi ing bab
punapa kemawon. Dadosa ing sandang, pangan lan papan, punapadene ayeming manah,
kesarasan, kekiyatan, tumindak ingkang nglairaken kaleresan, lan mujudaken
sesambetan ingkang sae dhateng setunggal lan setunggalipun.
Kanthi mekaten kita sami tansah sinau bilih nyuwun berkah dhateng
Gusti mboten namung supados saged nampi berkah ing kajasmanen, ananging berkah
ing bab punapa kemawon. Langkung-langkung berkah ingkang njalari supados kasagedaken
njagi kasucen lan nglairaken kaleresan ing gesang.
Milanipun menawi ing pangibadah punika lajeng katutup berkah, sampun
ngantos kita nyadhong berkah namung bab kajasmanen. Menawi namung nyuwun ing
kajasmanen ateges kita nyuwun ugi dhateng Gusti supados nyawisaken sega
saklawuhe. Kamangka ingkang khotbah lak mboten mbeta sega saklawuhipun to??
POKOK PIREMBAGAN :
- Sinten sejatosipun ingkang pantes nampi berkah saking Gusti Allah?
- Menawi kita rumaos pantes nampi berkahipun Gusti, kadospundi mujudaken gesang ingkang binerkahan dening Panjenenganipun?
- Mugi kepareng atur paseksi, bab berkahipun Gusti ingkang mirunggan (miturut panjenengan piyambak-piyambak) ing sauruting gesang panjenengan? Punapa ginanipun berkah mirunggan punika tumrap gesang saben wekdal?
No comments:
Post a Comment