Serat 2
Petrus punika ngengetaken dhateng kula lan panjenengan bab prasetyan rawuhipun
Gusti ingkang asring kasebat parousia (saking basa Yunani ingkang ateges
kehadiran). Benjing punapa parousia punika badhe kelampahan? Ing ayat 8
kasebataken sewu taon sami sedinten utawi sedinten sami sewe taoun ing
paningalipun Gusti (bnd. Maz 90:4). Amargi rawuhipun (parousia) Gusti punika
ingkang pirsa namung Gusti lan minangka wewenang (otoritas) kuwaosipun Gusti
Allah. Rasul Petrus mendhet pangandikanipun Gusti Yesus bab dinten rawuhipun
Gusti punika kadosdene maling (Matius 24:42-43). Tanda ingkang nggegirisi “….dina iku langit bakal sirna kanthi swara
gemuruh nggegirisi sarta dhedhasaring wujudinng donya bakal lebur kaobong sarta
bumi lan kabeh kang ana ingkono bakal ilang sirna.” Pangandikanipun Gusti
punika pancen dados kawigatosan tumraping pasamuwan wiwitan, ing pundi para
pendherekipun sami ngantu-antu rawuhipun. Miturut para ahli tafsir
sakderengipun Gusti rawuh ingkang kaping kalih pancen badhe kelampahan
kawontenan-kawontenan ingkang nggegirisi punika. Pangandika punika pinitados
awit pasamuwan wiwitan ngadhepi panganiaya ingkang awrat. Ananging mbokbilih
amargi prasetyan bab rawuhipun Gusti punika dangu mboten kelampahan pramila
lajeng wonten saperangan pasamuwan ingkang nggadahi panganggep bilih janji
punika namung janji palsu, Gusti Allah kaanggep mblenjani.
Rasul Petrus nyebataken perkawis punika mboten ateges badhe
ngajrih-ajrihi pasamuwanipun, ananging malah badhe ngengetaken bab gesang
ingkang kedah tansah katindakaken sakderengipun dinten rawuhipun Gusti
kelampahan. Lampahing gesang kadospundhi ingkang kinersakaken anggenipun
pasamuwan ngantu-antu rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih punika?
1. “…..aja
kelalen prakara siji iki….(ay.8)” Pasamuwan kabareg ngengeti bilih wekdal
ingkang katemtokaken dening Gusti punika ingkang pirsa namung Gusti. Wekdal
ingkang lumampah punika mboten kaukur saking etang-etanganing manungsa. Ingkang
pinesthi wekdal rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih badhe kelampahan Gusti
Allah mboten badhe mblenjani prasetyanipun. Ingkang perlu pun gatosaken
kadospundhi anggenipun gesang minangka tiyang pitados ing jagad punika. Orang
Kristen harus "menanti-nantikan" atau "mengamati" hari itu
dengan penuh pengharapan.
2. “……supaya
uripmu suci sarta mursid….(ay.11)” Gesang suci lan mursid punika dados sarana kita njagi gesang ingkang
murni ing ngarsanipun Gusti. Gesang suci lan mursid punika minangka sarana
sesambetan kita kaliyan Gusti ingkang suci. kekristenan, kados ingkang
kelampahan ing sejarahipun, asring katindakaken namung minangka agama lan
tradisi karohanen ingkang tanpa woh. Asring ingkang katindakaken punika namung
lelamisan (munafik) lan tanpa welas asih. Ingkang sinebat gesang suci lan mursid punika kedah
katedahaken miturut kersanipun Gusti trep kaliyan ingkang kadawuhaken dening
Gusti. Kadosdene ingkang kaserat dening Rasul Petrus ugi ing seratipun :
“…..Sira padha dadia suci, jalaran Ingsun iki suci.” (1 Petrus 1:16) Ingkang
sinebat gesang suci lan mursid punika ugi mboten namung ingkang dipuntingali
dening tiyang sanes, ananging kedah kawiwitan saking manah, pamikiran,
pangangen-angen, pitembungan, sikap lajeng katedahaken ing lampahing gesang.
Menawi punika kawiwitan saking manah ingkang kawengku ing Roh, mesthi ingkang
kalairaken mesthi ugi sae lan maedahi tiyang sanes. Mboten badhe dhatengaken
bilai lan kuciwa dhateng tiyang sanes.
3. “……padha
nganti-anti marang langit…..(ay.13)” Sami ngantu-antu langit anyar lan bumi kang anyar. Tegesipun nalika
ngantu-antu ing salebeting mujudaken rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih
kanthi cara :
a. Tetep nindakakaken tugas timbanlanipun
Gusti mujudaken kebabaring kratoning Allah lan martosaken Injil dhateng sedaya
titah ingkang dereng tepang kaliyan Gusti (bnd Mat 24:14 bnd Yoh 9:4).
b. Tetep dedonga lan atur paseksi bab
pangajeng-ajeng rawuhipun Gusti inggih pangajeng-ajeng ingkang nyata wontenipun
prastawa rawuhiun Gusti. (bnd Mat 6:10; Why 22:20).
4. “…..padha
mbudidayaa supaya tinemu tanpa cacad sarta tanpa blentong ana ing ngarsane
kalawan tentrem rahayu.(ay.14)” Ing salebeting ngantu-antu rawuhipun Gusti Yesus mbetahaken
kawigatosan ing iman lan ing tumindak, nyata ing karohanen lan kajasmanen.
Sampun ngantos kanthi sengaja tumindak ingkang njalari kuceming asmanipun
Gusti.
Ngantu-antu dhateng rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih kedah
nyrambahi ing gesang padintenan. Punapa mawon ingkang dados ayahan lan profesi
ingkang dipunlampahi ing jagad punika
minangka sarana ngluhuraken Gusti Yesus. Tiyang Kristen ingkang estu nelakaken
katresnanipun dhumateng Gusti kedah saged nedahaken pangantu-antunipun kanthi
nyata. Senajan rawuhipun Gusti mboten kita mangertosi benjing punapa
kelampahan. Ananging Rasul Petrus mulang dhateng pasamuwan supados tansah
mbudidaya lan tetep gesang ing salebeting kayekten. Temah nalika dinten
rawuhiun Gusti punika kelampahan, tiyang Kristen mboten kapanggihaken tumindak
ingkanng cengkah kaliyan kersanipun Gusti.
Mugi kita sedaya tetep tegen lan sabar sarta jumaga kanthi nedahaken
sikaping gesang ingkang trep kaliyan kersanipun Gusti selaminipun kita ngantu-ngantu
rawuhipun ingkang kaping kalih.
POKOK
PIREMBAGAN :
- Kadospundhi kita mujudaken gesang suci lan mursid ing padintenan?
- Kadospundhi caranipun supados kita tansah kasagedaken ngupadi gesang ingkang timbang (imbang) antawisipun sacara tata karohanen kaliyan kajasmanen?
- Kadospundhi kita ngadhepi kawontenan ing pungkasaning jaman sakpunika kanthi kacatingal karohanen kados ingkang kinersakaken dening Gusti?
No comments:
Post a Comment