Wednesday, February 7, 2018

Gesang ing patunggilanipun Gusti

Yokanan 14:23-29

Mujudaken gesang ing patunggilanipun Sang Kristus punika perkawis ingkang asring angel kita wujudaken. Saksisihipun amargi karingkihaning daging kita, ananging ugi awit pepalang, tantangan ingkang kita adhepi ing kiwa tengen kita ugi mboten entheng. Dadosa awit benten ing kapitadosan punapadene perkawis-perkawis sanesipun.
Wonten ing Yokanan bab 14 mirunggan ing ayat 23-29 punika minangka panutup piwulangipun Gusti Yesus dhumateng para muridipun nalika Panjenenganipun sesarengan kembul bujana ingkang pungkasan. Ing ayat punika wonten kalih perkawis ingkang perlu kita gatosaken.
NETEPI PITUTURKU”
Pangandikanipun Gusti Yesus ingkang kaserat ing ayat 23 punika minangka wangsulan saking Panjenenganipun nalika wonten satunggaling muridipun ingkang nami Yudas (sanes Yudas iskariot ingkang nembe kemawon nilar kempalan punika-ayat 22). “Gusti, sebabipun punapa dene Paduka badhe nglairaken sarira Paduka dhateng kawula sadaya, lan mboten dhateng jagad?”
Wangsulanipun Gusti Yesus ing ayat 23 punika ngemu kalih perkawis ingkang sepisan: Panjenenganipun badhe ngemutaken dhateng para murid bilih soksintena tiyang ingkang pitados lan nindakaken dhawuh pangandikanipun Gusti badhe tinampi dening Allah pribadi. Kaping kalihipun Panjenenganipun ngengetaken dhateng para murid bab nresnani Panjenenanipun. Mila menawi kasambetaken kaliyan ayat 24, Gusti Yesus ngaturaken kosokwangsulipun “sing sapa ora tresna marang Aku, iku ora netepi pituturKu; lan pituturKu kang kokrungu iku ora saka Aku, nanging saka Sang Rama kang ngutus Aku”. Liripun Gusti Yesus badhe nandhesaken nresnani Panjeneganipun ateges ugi nresnani Gusti Allah ingkang sampun ngutus Keng Putra.
Kalih perkawis punika menawi kajingleng langkung bebles, piwulang ingkang kaparingaken dhateng para murid punika piwulang ingkang ageng inggih piwulang bab gesang ing katresnan. Menawi para murid sagah ngraos-raosaken langkung lebet gesang ingkang kawengku ing katresnan, para murid badhe tansah tetunggilan kaliyan Panjenenganipun.
Pramila adhedhasar ingkang mekaten, para murid mboten perlu sumelang menawi Panjenenganipun nilar para murid. Malah kedahipun perkawis punika dados dasar anggenipun tansah kebak ing kabungahan kados ingkang kapangandikakaken ing ayat 28.

“RAWUHIPUN SANG JURU PANGLIPUR – PUNAPA TEGESIPUN ?
Perkawis tetunggilan kaliyan Panjenenganipun nalika Panjenenganipun taksih sesarengan wonten ing jagad punika temtu mboten perkawis ingkang angel tinampi. Awit sacara kadagingan Panjenenganipun taksih saged dipuntingali, karangkul lan aben ajeng sabendinten. Nanging kadospundhi menawi tetunggilan punika tanpa wonten wujudipun?
Gusti Yesus ngandika “Nanging Sang Juru Panglipur, iya iku Sang Roh Suci, kang bakal diutus dening Sang Rama atas jenengKu, iku kang bakal mulangake samubarang……………………….” (ayat 26).
Sang Panglipur badhe rawuh saksampunipun Gusti Yesus nilar Para Murid, lan lumantar Sang Panglipur punika ingkang nyagedaken para murid mangertos lan tansah enget pangandikanipun lan piwulangipun Gusti Yesus tansah gesang ing gesangipun para murid lan saben tiyang ingkang pitados dhateng Panjenenganipun.
Ing basa Yunani ingkang kasebat Juru Panglipur punika sinebat “Parakletos” . “Para” tegesipun celak; “kletos” tegesipun ingkang kasuwun pambiyantunipun nalika wekdal dungkap ngadhepi perkawis. Kanthi mekaten Sang “Parakletos”  tinimbalan ngamping-ngampingi, mitulungi lan dados “Pembela” ing ngajenging jagad. Juru Panglipur punika minangka kekiyatan ingkang rawuh ing tengah-tengahing para tiyang pitados ingkang nampi Gusti Yesus lan pakaryanipun ingkang milujengaken. Injil Yokanan mbereg lan ngengetaken supados para tiyang pitados tansah ngraosaken rawuhipun minangka kekiyatan nalika ngadhepi mawerni-werni perkawis lan panguwaosing pepeteng. Kanthi mekaten cetha bilih pakaryanipun Sang Juru Panglipur nyata ing gesang kita senajan kita dereng mangertos punapa ingkang kita suwun ing ngarsanipun.
Ingkang perlu kita gatosaken lumantar pangandikanipun Gusti Yesus punika kadospundhi kita piyambak tansah tinarbuka tumrap pakaryanipun saben wekdal. 

No comments:

Post a Comment