Wednesday, February 7, 2018

Amargi Iman

Ibrani 11:29-12:2


Ing tahun 1968 kawontenaken Olimpiade ing Mexico City.  Satunggaling cabang lomba ingkang kasebat Lari Marathon, wonten satunggaling Atlit ingkang saking Tanzania naminipun John Stephen Akhwari. Pelari punika ngantos sepriki dados inspirasi dening tiyang kathah. Punapa piyambakipun dados juara ing lomba Marathon punika?
Mboten babar pisan, piyambakipun mlebet ing Stadion lomba kemawon sampun rampung lombanipun.

Para juara sampun nampi kalung medali lan ingkang nonton wonten ingkang sampun sami wangsul. Ananging John Stephen tetep mlajeng tumuju ing garis finish, senajan kanthi suku kablebet lan kadangkala mlajengipun kanthi kedengklangan. 
Sukunipun tatu amargi nalika dumugi kilometer 19 saking 42 kilometer ingkang kedah dipunlampahi, piyambakipun dhawah. Sejatosipun panitia sampun menging supados mboten nglajengaken lomba, ananging kanthi tekad ingkang ageng piyambakipun tetep kepingin ngrampungaken lomba punika.
Nalika Akhwari dipuntakeni dening wartawan, kenging punapa tetep nglajengaken lomba kamangka sampun tatu sukunipun? Piyambakipun lajeng mangsuli : “Negaraku ora ngongkon aku kon mlayu 5000 mil thok, ananging aku kon ngrampungke lomba mlayu 5000 mil nganti rampung (finish). Akhwari mangertos tanggel jawabipun minangka atlit, piyambakipun ugi mangertos bilih tetandingan ingkang dipunlampahi punika mboten entheng lan mboten gampil, ananging kedah dipunlampahi ngantos rampung.  Senajan mboten dados juara lan nampi medali, ananging sampun ngrampungaken tanggel jawabipun ing salebeting dherek tetandingan.
Panyerat serat ibrani nggambaraken lelampahaning gesang tiyang pitados punika kadodene wonten ing tetandhingan olahraga. Gusti Allah ngutus kita supados purun nglampahi tetandhingan kadosdene atlit olahraga ngantos ngrampungaken tetandinganipun. Senajan kathah pacoben, rubeda, pepalang, ananging Gusti Allah ngersakaken supados kita tetep ngadhepi lan nindakaken tanggel jawabing iman ingkang sampun kaparingaken dhateng kita.
Mila supados para pitados anggenipun nglampahi tetandhingan iman ing jagad punika wonten tigang perkawis ingkang perlu dipungatosaken : ingkang sepisan,”…….mulane payo padha mbuwang sakebehing momotan sarta dosa kang tansah ngganggu-gawe kita….” Para pitados kadhawuhan supados purun sami nyingkiraken sedaya ingkang njalari raos kuwatos, sumelang, perkawis-perkawis ingkang njalari kendho ing gesang, semanten ugi kedah purun nyingkiraken panguwaosing dosa ingkang badhe nggeret kita ing karisakan. Kaping kalih, “kalawan mantep padha lumayu ing pabalapan kang kawajibake marang kita” tembung mantep nggadahi teges yakin lan tumemen. Kanthi mekaten anggenipun nglampahi pabalapan iman lan gesang kedah kinanthenan yakin, yakin bilih Gusti mbadhe mitulungi lan tumemen nglampahi sakderengipun wekdal tetandhinganipun rampung. Kaping tiganipun, kados ingkang kapangandikakaken ing ayat 2 sedaya ingkang katindakaken kinanthenan mandeng dhumateng Gusti Yesus, ngeneraken sedaya ingkang dipungalih, dipunangen-angen lan katindakaken ing kersanipun Gusti Allah.
Awit paseksining iman ingkang mekaten punika sampun katindakaken dening para tiyang-tyang pitados wiwit jaman Prajanjian lami ngantos dumugi prajanjian anyar (bab 11:29-40). Senajan kados ingkang kajlentrehaken ing ayat-ayat punika (29-40) nalika nindakaken timbalanipun Gusti, kathah rubeda lan pepalangipun ananging sedaya sami dipuntetepi kanthi kebak ing pangajeng-ajeng. Senajan ngantos wonten ingkang dipunsengiti, dipun ajengaken ing pangadilan, dipunaniaya, dipunkunjara ngantos kecalan nyawanipun, ananging sedaya dipuntetepi kanthi bingah. Para utusanipun Gusti sekawit sampun pirsa bilih nalika nglampahi timbalanipun Gusti ing jagad punika awrat ananging Gusti Allah sampun nyadhangaken kamulyan. “Jalaran Gusti Allah wus nyadhiyani kang luwih becik tumrap kita; tanpa kita wong-wong iku ora bisa tumeka ing kasampurnan (ay.40).” 
Pabalapan punika minangka ujianing iman ingkang kedah dipunlampahi ing sauruting gesang ing jagad punika. Saben tiyang pitados mboten saged nyingkiri kewajiban ing pabalapan. Pabalapan punika minangka wujuding tetandhingan iman ing jagad. Sedaya kedah dipunadhepi lan dipunlampahi kanthi kebak ing pangajeng-ajeng. Sauger nalika nglampahi pabalapan punika tansah mandeng Gusti Yesus Kristus mesthi badhe nampi berkah ing gesang lan badhe nampi makuthaning gesang langgeng.
 

No comments:

Post a Comment