Saturday, February 3, 2018

GESANG MITURUT DHAWUHIPUN

Ulangan (Pangandharing Toret) 4:1-2,6-9


Tanah Prasetyan sampun ing ngajeging paningal, sekedhap malih bangsa Israel badhe manggen ing tanah punika. 40 tahun bangsa punika kairid lan kapimpin dening Gusti ing ara-ara samun, nampi piwulangipun lan gesang ing pranatanipun. Bingah lan susah, ing kawontenan aman lan ngadhepi bebaya sampun dipun raosaken. Kapimpin dening Gusti Allah piyambak lumantar Nabi Musa. Namung emanipun, amargi pambalelanipun bangsa Israel, Nabi Musa ngantos duka lan nerak dhawuhipun Allah. Punika nedahaken, senajan Nabi Musa punika tiyang pilihanipun ananging piyambakipun ugi manungsa limrah. Nabi Musa nampi paukuman saking Gusti, mboten pareng lumebet ing tanah prasetyan. Mboten saged sesarengan manggen ing tanah Prasetyan lan ngraosaken wohing kangelanipun. Hing salebeting sami badhe lumebet ing tanah prasetyan punika, Nabi Musa paring pangandika “Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi Negara peparingie Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.” (ay.4:1).
Kanthi cetha bilih pangandika punika kaandharaken supados bangsa Israel tetep kawengku ing panuntunipun Gusti Allah lan gesang miturut kersanipun. Mila bangsa Israel kedah nggatosaken gesangipun, inggih punika :
1.       Ayat 2 “Pitutur kang dakprentahake marang kowe iku aja padha kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi, supaya kowe padha nggatekna pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang dakprentahake marang kowe” Nabi Musa ngengetaken dhateng bangsa Israel bab nggatosaken pepakenipun Sang Yehuwah punika minangka perkawis ingkang utami. Pepakenipun Gusti Allah punika perlu tansah kasengkeraken ing gesangipun umat. Katindakaken kanthi murnining manah lan ing gesang saben wekdal. Sampun ngantos wantun muwuhi punapadene ngirangi pangandika punika, ananging mligi katindakaken kadosdene ingkang sampun kaparingaken. Pangandikanipun Gusti Allah mboten kepareng dipunsepelekaken punapa malih kalirwakaken, awit gesanging umat punika katuntun lumantar pangandikanipun Gusti mboten amargi kekiyatanipun piyambak.
2.       Ayat 6 “Mulane iku pada lakonana kalawan setya, awitdene iku kang bakal dadi kawicaksananmu lan kaluwihaning budimu ana ing ngarepe para bangsa………..”
Salajengipun, Nabi Musa ugi ngengetaken bab kadospundhi kedahipun nindakaken pangandika punika. Pangandika punika kedah katindakakaken kanthi serya. Mboten namung dipungatosaken, namung dipunwulangaken, mboten namung karaos-raosaken. Ananging katindakaken kanthi sertya. Setya nggadahi teges tansah mantep ing pasuwitane. Mboten keguh lan milih sanesipun kejawi ingkang sampun dados pilihanipun. Semanten ugi ingkang kakersakaken dening Musa dhateng bangsa Israel. Bangsa Israel kedah saged nglairaken iman lan mujudaken gesang minangka bangsa pilihan, nglairaken paseksi kanthi setya ing ngarsanipun Gusti Allah. Dadosa nampi perkawis ingkang bingah punapadene menawi mangkenipun kedah ngadhepi kasangsaran, kapitadosan lan tumindaking umat kedah tetep miturut kersanipun Gusti. Awit namung lumantar kasetyan,  ingkang njalari tuwuhing wicaksana lan kaluwihaning budi ingkang sae ing antawisipun bangsa sanes. 
3.       Ayat 9 “Nanging diprayitna lan dingati-ati, supaya kowe aja nganti lali marang lelakon kang wus padha koksipati kalawan mripatmu dhewe……”
Presiden Soekarno nate ndamel slogan “jas merah” (jangan sekali-kali melupakan sejarah). Semanten ugi ingkang kakersakaken lumantar pangandika punika, Nabi Musa ngengetaken supados bangsa Israel tansah ngengeti sejarahing gesang bangsa. Lelampahanipun bangsa punika kedah dados pitutur tumurun tumurun dhateng brayatipun Israel, supados tansah enget bilih kanugrahan ingkang tinampi sedaya awit saking Gusti Allah. Dados kawigatosan lan pangati-atinipun para sepuh lan sedaya bangsa supados tetep nggatosaken gesangipun ing ngarsanipun Gusti awit Panjenenganipun ingkang sampun maringi berkah lan kawilujengan.

Kenging punapa, Nabi Musa ngengetaken dhumateng bangsa punika supados nggatosaken gesangipun kados ingkang kinersakaken dening Gusti? Awit Nabi Musa pirso kadospundhi patrapipun bangsa Israel, senajan sampun kapilih dening Gusti ananging asring tumindakipun nerak pranatanipun Gusti, remen mbalela lan ngendelaken kekiyatanipun piyambak. Mboten namung punika, tanah prasetyan ingkang mangke dipunejeki mboten tanah ingkang suwung, ananging tanah ingkang ugi dipunpanggeni penduduk asli Kanaan ingkang nggadahi keyakinan sanes lan nyembah dhateng brahala lan allah sanes. Awit saking punika perlu tansah dados kawigatosan ing sauruting gesangipun umat ingkang sampun pinilih. Supados prasetyan lan kamulyanipun Gusti lestantun ing gesangipun umat.
Pangandika punika ugi ngengetaken dhumateng kita minangka umat kagunganipun. Saben pangandika ingkang kita tampi kedah katindakaken kados ingkang sampun kaparingaken dening Gusti. Sedaya ingkang kita lampahi kedah adhedasar iman dhumateng Gusti. Supados gesang kita tansah kawengku ing panguwaosipun. Punapa malih ing kawontenaning gesang ingkang kebak ing panggodha, tiyang pitados kedah tansah nyuwun panuntunipun Gusti. Supados tetep kasagedaken nglairaken gesang ingkang kebak ing tanggel jawab lan maedahi.
Monggo dipunpungkasi kanthi nembang saking cakepan tembang dhandhanggula ing ngandhap punika:
Sasmitaning ngaurip puniki/mapan ewuh yen ora wruha/tan jumeneng uripe/akeh kang ngaku-aku/pangrasane sampun udani/tur durung weruh ing rasa/rasa kang satuhu/rasaning rasa punika/upayanen darapon sampurna ugi/ing kauripan.



POKOK PIREMBAGAN :
1.       Kadospundhi mujudaken kasetyaning iman ing sauruting gesang saben wekdal?
2.       Gesang manut pangrehipun Gusti ing cak-cakaning gesang punika ingkang kadospundhi?

3.       Keparenga bapak/ibu lan sedherek atur paseksi pengalamaning gesang ingkang katuntun ing pangrehipun Gusti?

No comments:

Post a Comment