Yesaya
35:4-7a
Wonten pitutur jawi ingkang ngendikakaken
mekaten: “Pangeran iku Mahakuasa,
pepesthen saka kersaning Pangeran ora ono sing bisa murungake”. Tegesipun
Gusti Allah punika mahakuwaos, panjenenganipun ingkang kagungan pepesthen
samukawis ing gesang punika lan mboten wonten ingkang saged mbatalaken. Kanthi
teges ingkang mekaten manungsa sami kabereg mujudaken ing sikap lan lampahing
gesang ingkang tansah sumadya ngadhepi lan nglampahi punapa kemawon kanthi
tatag lan pasrah ing ngarsanipun Gusti. Tatag lan pasrah dhateng kersanipun
Gusti awit Panjenenganipun ingkang saged mangsulaken kawontenaning gesang.
Bab 35 (1-39) saking kitab Yesaya (Proto Yesaya) dipunyakini
pinangkanipun saking zaman nalika Yehuda (krajan Israel sisih kidul), kaancam
dening Asyur. Bangsa Asyur punika namung kaagem dening Gusti Allah kangge
ngengetaken bangsa Israel awit pambalelanipun. Sejatosipun, dosanipun Israel
piyambak ingkang dados ancaman ing gesanging bangsa. Gusti Allah paring
paukuman lan bangsa Israel kabuwang ing tanah Asyur, ing ngriku ngraosaken
rekaosing gesang. Katindes, kaaniaya, kerapan lan kapetek ing gesang karohanen.
Nanging awit katresnanipun Gusti ingkang ageng, senajan kaukum badhe kaluwaran.
Nabi Yesaya dados sarana martosaken prasetyanipun Allah bab pulihing kawontenan
lan kawilujengan ingkang badhe kaparingaken.
Paukuman sampun rampung badhe kagantos kanugrahan ingkang kaparingaken
dhateng bangsa Israel. (ay.1). Kawontenan tanah prasetyan ingkang sampun suwung
lan kados dene ara-ara samun badhe kapulihaken. “Palemahan mati”, gersang lan
suwung mboten namung badhe kadadosaken subur ananging dados petamanan ingkang
semarak kebak thethukulan sekaripun. Ara-ara samun badhe kaparingan kamulyaning
Libanon, kaluhuraning Karmel lan Saron.
Redi Libanon jaman semanten kawentar kanthi wit-witaan Eres ingkang lempeng lan
inggil saha ngrembuyung ronipun. Redi Karmel ing peranganipun punika nggadahi
siti ingkang subur kangge tetanen. Ngare Saron kawentar lumantar kembang
mawaripun ingkang elok (Musthikaning Kidung 2:1).
Mboten namung kawontenan tanah prasetyan ingkang badhe kapulihaken,
ananging kawontenanipun tiyang Yahudi ingkang ngraosaken panandhang ugi badhe
kapulihaken. Prasetyan punika kaparingaken ing ayat 3-4 dhateng bangsa Israel
ingkang taksih purun mratobat lan pitados dhateng Panjenenganipun. Gusti Allah
piyambak ingkang badhe mulihaken kawontenan punika. “Mripate wong wuta bakal padha kaelekke lan kupinge para wong budheg
bakal padha kabukak. Ing wektu iku wong lumpuh bakal mlumpat-mlumpat kaya
menjangan, tuwin cangkeme wong bisu bakal surak-surak..”
Kanthi nggatosaken gegambaran ingkang kados kapangandikakaken ing ayat
punika, kita lajeng mangertos bilih Gusti Allah mulihaken kawontenan Israel
sawetahipun. Dadosa papan panggenanipun, gesang padintenan lan gesang ing
karohanipun. Awit pancen kados mekaten sejatosipun ingkang katindakaken dening Gusti Allah dhateng
umat kagunganipun kalebet dhateng kula lan panjenengan. Menawi Panjenenganipun
ngersakaken kawontenanipun manungsa pulih, mboten namung saperangan kemawon,
ananging badhe kapulihaken kanthi wetah.
Pancen, Gusti Allah kalamangsanipun
nganggem perkawis-perkawis ing gesang kita, panjenenganipun ugi kadangkala
paring paneter dhateng kagunganipun. Ananging sedaya kalawau katindakaken
dening Gusti Allah, mboten supados umatipun sirna, ananging supados sami
mratobat lan gesang miturut kersanipun Gusti. Panjenenganipun punika kadosdene
bapa lan biyung kita, anggenipun nggulawenthah patrapipun sami. Kadangkala para
lare perlu ngadhepi lan ngraosaken perkawis saha kadangkala ugi mawi “kagitik”
ing piwulang ingkang leres, supados ing tembe gesangipun sae lan tanggel jawab.
Senajan kita piyambak nalika perkawis punika kelampahan boten gampil
dipuntampi malah wonten ingkang mboten purun nampi. Ananging menawi purun sinau
kersanipun Gusti ing kasangsaran lan gesang gumantung namung dhumateng Gusti
temtu Gusti Allah badhe mulihaken kawontenan kita.
POKOK PIREMBAGAN :
1.
Punapa panjenengan sedaya nate ngrosaken bilih
perkawis ingkang dipun alami punika minangka pepemutipun Gusti? Ing perkawis punapa?
2.
Punapa kemawon ingkang asring njalari kita angel
ngandelaken Gusti ing salebeting ngadhepi perkawising gesang?
3.
Kadospundhi caranipun supados kita tansah murni
ngandelaken Gusti ing perkawising gesang ingkang kita alami?
No comments:
Post a Comment