Saturday, February 3, 2018

TAN KENDHAT SIH KATRESNANIPUN GUSTI

Kidung Pangadhuh 3:22-33

Sedaya manungsa mesthi ngadhepi perkawis, dadosa ingkang entheng punapadene ingkang awrat. Perkawis ingkang dipunadhepi jalaranipun saged saking tiyang sanes, saged ugi saking diri pribadi. Mbokbilih ugi saking kersanipun Gusti, ingkang ngaggem perkawis supados manungsa enget dhateng Panjenenganipun.
Pancen nalikanipun perkawis punika kelampahan, mboten wonten ingkang purun nampi kanthi bingah. Namung menawi sampun ngadhepi, purun mboten purun kedah mbudidaya supados uwal saking perkawis. Lajeng kadospundhi caranipun?
Kitab Kidung Pangadhuh kaserat antawis taon 587-538 SM dening Nabi Yeremia ingkang sacara langsung ningali prahara ingkang dipunadhepi bangsa Israel. Bangsa  Israel kagecak perang lan dipunkuwaosi dening bangsa Babel. Padaleman Suci ingkang endah ing Yerusalem kabesmi radin kaliyan siti. Bangsa Israel sami kabuwang ing tanah pangawulan Babel. Ing tanah pangawulan para tiyang Yahudi sami ngraosaken panandhang ingkang awrat. Ningali kawontenan punika, mila Nabi Yeremia nyerat Kitab Kidung Pangadhuh ingkang isinipun nedahaken kaprihatosan ingkang lebet dhateng kitha Yerusalem lan bangsa Israel umat kagunganipun Gusti.
Wonten ing salebeting prihatos, Nabi Yeremia ugi nglairaken paseksinipun, bilih Gusti Allah punika sejatosipaun Allah ingkang sejati lan adiling pakaryan lan kamirahanipun. Senajan Gusti Allah masrahaken umatipun kapeteg ananging ugi nedahaken welas asihipun dhateng umat ingkang kebak ing pangajeng-ajeng dhateng Panjenenganipun. Awit kadosdene ingkang kaserat ing ayat 22-23, Panjenenganipun punika Allah ingkang luber ing sih kamirahanipun lan sih piwelasipun ingkang tanpa kendhat.
Adhedasar pangaken ingkang mekaten mila kita saged manggihaken sifat lan sikaping Allah ingkang kasebataken ing ayat salajengipun setunggal baka setunggal dening Nabi Yeremia (ayat 31)  “Awit Pangeran Yehuwah anggone nyebratake ora ing salawase”; (ayat 32) “amarga sanadyan Panjenengane maringi kaprihatonan, iya nuli paring palimirma”; (ayat 33) “awit ora kalawan lila-legawaning galihe Manawa maringi kasusahan lan kaprihatosan.”. Menawi kagambaraken sifat lan sikaping Allah kadosdene unen-unen jawi inggih punika “tega patine ora tega larane”.
Senajan Bangsa Israel asring mbalela lan nerak paugeranipun Gusti, ananging Panjenenganipun tetep lube ring katresnan. Punika ingkang katedahaken dening Nabi Yeremia dhateng bangsa Israel, awit bangsa punika angel nampi perkawis kanthi wicaksana, asring njalari nglepataken Gusti ing perkawis ingkang dipunadhepi. Nyatanipun, Gusti Allah tetep ngluberaken sih piwelas lan katresnanipun. Awit saking punika, Nabi Yeremia paring pambereg dhateng bangsa Israel supados :
1.        (Ayat 26) “Becik manawa wong nganti-anti marang pitulungane Sang Yehuwah kalawan sabar.” Menawi tiyang taksih nggadahi pangajeng-ajeng ateges piyambakipun taksih kepingin gesang. Semanten ugi ingkang kinersakaken saking ayat punika, Yeremia mbereg dhateng bangsa Israel supados tetep nggadahi pangajeng-ajeng kalawan sabar dhumateng pitulunganipun Gusti senajan nembe ngadhepi pameteg. Gusti Allah Mahamirah, kamirahanipun keparingaken dhateng saben tiyang ingkang ngajeng-ajeng kanthi andhap asor lan pamratobat. Pamberegipun Yeremia punika meh sami kaliyan tembung jawi ingkang mekaten “lagi didhanger, sing sabar”.
2.       (Ayat 27) “Becik Manawa wong lanang mikul pasangan nalika nome”. Tegesipun, bangsa Israel kedah ngaturaken panuwun dene ing sisaning Israel ingkang taksih gesang kaparingan pasangan (kabuwang, katindhes, kaaniaya). Awit ing kawontenan punika bangsa Israel sangsaya kakiyataken.
3.       (ayat 28) “Iku lungguha dhewekan lan menenga, manawa lagi dietrapi dening Pangeran Yehuwah.” Liripun mboten ateges lungguh kalih ngalamun, ananging kendhel (wening) ing manah. Ngraos-raosaken punapa ingkang kinersakaken dening Gusti ing gesang. Mboten sedaya perkawis saged dipunrampungi kanthi tumindak, ananging saged kemawon kanthi wening. Awit wonten perkawis ingkang rampungipun awit pitulunganipun Gusti. Milanipun, kita cekap “lungguh dhewekan lan meneng madhep saha sambat” ing ngarsanipun Gusti.
4.       (Ayat 29) “Ambruka lan nempelna raine ing lebu, bokmanawa isih ana pangarep-arep.” Lumantar Pangandika punika, Nabi Yeremia ngersakaken supados bangsa Israel mboten namung nggetuni lelampahanipun. Mboten ugi nglepataken Gusti, ananging kinanthi getun lan ngakeni sedaya dosa lan kalepatanipun dhumateng Gusti.
5.       (Ayat 30) “Pipine diulungna marangg kang napuk, dinganti wareg anggone dipoyoki.” Ingkang baken saking sedaya kalawau (ayat 26-29), Nabi Yeremia ngajak dhateng bangsa Israel supados langkung diwasa ngadhepi lelampahan ing tanah pangawulan. Kasunyatanipun, bangsa ingkang kapilih sampun kabuwang ing tanah pangawulan; mboten kajen ing ngajengipun tiyang Babel; kedah ngadhepi panganiaya, kasingkiraken, lan dados batur. Ananging sedaya kalawau kedah dipuntampi minangka sarana pasinaoning gesang lan iman dhumateng Gusti.
Semanten ugi tumrap kula lan panjenengan, mbokbilih asring kita ngadhepi kawontenan kadosdene bangsa Israel. Ngraosaken panandhang ingkang awrat lan meteg ing manah lan pamikiran. Ananging lumantar pangandika punika kita sami kaengetaken bilih kita kedah tetep ngadhepi kanthi tatag, nampi kanthi kebak ing pangajeng-ajeng, sumendhe dhateng Gusti lan tetep mbudidaya nglampahi kanthi tanggel jawab. Pancen perkawis ingkang mboten gampil nalikanipun kapeteg kedah tetep mandheng dhumateng Gusti lan nindakaken tanggel jawabipun Gusti. Ananging menawi katindakaken kanthi kebak ing pangajeng kita badhe nampi berkahipun, awit  “sih kamirahane Pangeran Yehuwah iku tanpa pedhot, lan sih-kawelasane ora ono enteke.”


POKOK PIREMBAGAN :
1.       Punapa ingkang asring kita tedahaken, nalika ngadhepi perkawis gesang ingkang awrat?
2.       Punapa tegesipun tembung jawi “lagi didhangir, sing sabar” sambet kaliyan panampi kita minangka tiyang pitados nalika ngadhepi perkawis ingkang awrat?

3.       Ingkang rawuh PA, kaaturan paring paseksi bab sih katresnanipun Gusti ingkang luber nalika ngadhepi perkawis gesang ingkang awrat (paringana contoh ingkang nyata).

No comments:

Post a Comment