1
Bumi dalah
saisinya kang nitahken yeku Gusti
tinalesan
srana samodra tumumpang ing kali kali
yekti Allah
Maha kwasa yogya tansah pinuji puji.
2
Kang kepareng
ngabyantara aneng pedaleman suci,
kang resik
tangan wah manahnya, tan nate dosa ing lathi,
yeku tyang
mursid sanyata setya tansah dumugeng janji.
3
Berkahing
Pangeran tumrah mring tyang ajrih asih yekti,
gesang
tentrem rahayu tansah wit kaadilaning Gusti,
tyang kang
tansah ngudi Allah kangen Gusti rina lan wengi.
4
Gapuraning
Padaleman kangkata mrih omber sestu,
krana Sang
Ratuning kamulyan badhe langkung tindak mlebu,
yeku
Gustining kaswargan Kang Mahakawasa Allahmu.
No comments:
Post a Comment