1
Allah mbabarken kwasanya pra kang nglawan
kasirnakna lir lilin kenging brama,
nging gung tyang mursid raharja memuji lan
sukarena ngarseng Allah Mamulya,
Pangeran jumeneng Rama tumrap salir tyang
sangsara
ngluwari tyang siniya temahan ngraosken begja
dene tyang wangkot mbalela siniksa
bebendunya.
2
Allah mbelani pra umat ngagem sarana mukjijad
wah salir kang neng jagad,
Pangeran ngrentahken berkah kang ngrimat
sagunging titah temah kraharjan anjrah,
wit kadarmaning Pangeran tyang tinindhes
kaluwaran,
datan wonten panandhang ing rehing ratu
kaswargan,
yeku kang wadya balanya tyang nyebar kabar
adya
3
Allah ratu kaadilan wus ngasorken pra adigang
temah kasurang-surang,
nging tyang ringkih ingauban pinaringan gung
kabegjan karoban kaluberan,
Gusti miji pasucennya papan puruging
manungsa, samya saos pisungsung
konjuk mring Allah Maagung dalah kang swau mbalela
nggih samya asung puja.
4
Allah Juru Slamet yekti ngentas pra umat sing
pati temah samya basuki,
para umat kang ngabekti dalah salumahing bumi
samya nggunggung mring Gusti,
sestu Allah Maha luhur yogya pinuji lan
masmur, nungkula neng ngarsanya
wit mung Gusti Kang Makwasa, yeku kang
ngganjar kamulyan wah paring kakiyatan.
No comments:
Post a Comment