Sunday, February 4, 2018

Lumantar Iman kita Nampi Warisan

Purwaning Dumadi 15:1-6


Prasetyanipun Gusti Allah punika langgeng lan nyata ing sauruting umat pilihanipun kalebet kula lan panjenengan. Anamung perkawisipun, sikap lan panampi kita ingkang kirang pitados tumrap babaring prasetyanipun Gusti punika, ingkang asring njalari tuwuhing raos kuwatos lan ajrih.
Kuwatos lan ajrih dhateng bab-bab ingkang taksih dereng kelampahan lan dereng kebabar ing prasetyanipun Gusti ing gesang.
Malah kepara asring kita dados tiyang ingkang adigang, adigung lan adiguna (ngendelaken kekuwatane, kaluhurane lan kapinterane). Kamangka saben wekdal menawi kita raosaken, Gusti Allah mboten nate negakaken gesang kita. Panjenenganipun tansah nggatosaken umat kagunnganipun,senajan kita piyambak dereng kantenan saben wekdal dados umat ingkang sembada. 
Ing yuswa sepuhipun Rama Abram kalimputan raos ajrih lan kuwatos.  Kamangka menawi kita gatosaken, Rama Abram punika kagolong tiyang ingkang dipunberkahi Gusti ing bab rajabrana lan lampahing gesang. Gusti Allah piyambak ingkang muwuhi cacahing rajabrana ing satengahing brayatipun. Semanten ugi bab kasetyanipun ibu Sarai lan para abdnipun sampun kabukten. Menawi kita gatosaken ugi ing bab 14, rama Abram kaparingan kadigdayan dening Gusti Allah awit piyambakipun saged ngawonaken para Ratu ing tanah Wetan lan mitulungi Lut penakanipun. Saksampunipun lelampahan ingkang mekaten, mbokbilih wonten ing pangangen-angening Abram nalika nggatosaken bilih ngantos yuswa sepuhipun dereng dipunparingi putra ingkang kaprasetyakaken dening Gusti, piyambakipun lajeng ajrih lan kuwatos malih. Ajrih lan kuwatos, sinten mangkenipun ingkang badhe marisi rajabrananipun. “Kanggo apa rajabrana iki kabeh nek pungkasane ora ana sing takwirisi?”
Pramila ing ayat setunggal bab 15 punika, Gusti Allah paring pangandika : “Sira aja wedi Abram, Ingsun iki tetamengira, ganjaranira bakal luwih dening gedhe”. Senajan Yehuwah Allah sampun mratelakaken prasetyan ingkang mekaten, ananging amargi ingkang dipunantu-antu bab anak punika dereng kelampahan, mila ing ayat 2 Rama Abram ngunjukaken pangudaraos. “Dhuh Yehuwah Allah, kawula badhe Paduka paring punapa? Dene anggen kawula tilar donya punika badhe tanpa anak, temtunipun Eliezer tiyang Damsyik punika ingkang badhe nggadahi sabarang darbek kawula.”  Raos ajrih lan kuwatosipun Rama Abram inggih punika sinten ingkang badhe marisi rajabranipun menawi ngantos yuswa sepuhipun dereng nggadah lare kados ingkang kaprasetyakaken dening Gusti Allah.
Kadospundhi tiyang ingkang sampun yuswa sepuh lan awit sampun dangunipun anggenipun ngantu-antu prasetyanipun Gusti tetep jejeg ing pitados, menawi prasetyan punika dereng kelampahan? Angel pancen, mbokbbilih kula lan panjenengan mboten badhe saged nglampahi gesang ingkang mekaten. Namung bab iman punika pancen mboten badhe saged dipunothak-athik sacara nalar. Awit pracaya punika ateges masrahaken sawetahipun (pasrah bongksokan), punapa kemawon ingkang kelampahan ing gesang dhumateng Gusti. Punika ingkang kasebat IMAN (Ibrani 11: 1)
Nalika Abram taksih gondelan ing pikajengipun piyambak (ayat 3), Gusti Allah nandesaken prasetyanipun malih “Dudu iku kang bakal dadi ahli-warisira iya iku kang lair saka sira dhewe”  lan nedahaken dhateng Abraham : “Sira tumengaa marang ing langit lan lintange etungen, yen sira bisa ngetung cacahe”. “iya semono bakal cacahe turunira” Gusti Allah paring pralambang dhateng Rama Abram, bilih semanten agenging tedhak turunipun ing tembe. 
Awit prasetyanipun Gusti ingkang mekaten punika mila pungkasan ing ayat waosan kita, Rama Abram nedahaken kumandelipun dhumateng Yehuwah Allah. “Rama Abram kumandel marang Sang Yehuwah, mangka iya iku kang kaetang dening Yehuwah dadi kasampurnane”
Para kinasih ing patunggilanipun Gusti
Wontenipun anak ing satengahing brayat punika pancen satunggaling perkawis ingkang baken ing kabudayan pundhi kemawon. Lan wontenipun turun punika minangka satunggaling cara kangge marisaken barang darbekipun tiyang sepuh (mirunggan dhumateng Rama Abram). Namung pitakenanipun, punapa inggih namung mekaten  punika ginane wonten anak? punapa namung nampi warisan (rajabrana) ?
Miturut kersanipun Gusti mboten namung cekap menawi tiyang sepuh saged marisi rajabrana kadonyan (materi), ananging rajabrana kaswargan punika ingkang perlu dipungatosaken. Awit rajabrana kadonyan tundhonipun telas lan risak, lan njalari anak mboten gampil mandiri ananging rajabrana karohanen sifatipun langgeng.
Rama Abram mungkasi raos kuwatosipun, kanthi pitados sawetahipun dhumateng Gusti. Pambangun turut ingkang katedahaken dening panjenenganipun punika minangka warisan ingkang adi dhateng tedhak turunipun. Gusti Allah ngersakaken bilih kathah tiyang lajeng dados tiyang-tiyang pitados kadosdene Abram ingkang sampun pitados dhateng Gusti.

POKOK PIREMBAGAN :
1.       Perkawis punapa ingkang biasanipun njalari tuwuhing raos kuwatos ing gesang saben wekdal?
2.       Punapa biasanipun ingkang katindakaken nalika ngraosaken raos kuwatos, supados raos punika mboten njalari awrat? (Mboten kepareng atur wangsulan ingkang sesambetan kaliyan tumindak karohanen)

3.       Menawi nate ngalami perkawis ingkang kados dipunlampahi Rama Abram, kasuwun bagekaken paseksi ing panyuraosing Kitab Suci wekdal punika?  

No comments:

Post a Comment