Lembaga
Alkitab Indonesia ( LAI ) nyerat ing waosan kasebat ( Mateus 2 : 1-2 )
Terjemahan bahasa Indonesia sehari hari “orang majus dari timur “ Ing Alkitab
basa Jawi sinerat “para pandhita”. Sebatan para Pandita punika hambok bilih
golongan imam agami utawi tiyang ingkang winasis. Yektinipun sebatan majus
punika ingkang langkung trep, jer majus
punika saking tembung majusi , inggih satunggaling taler ing negeri Persia
ingkang kapatah dados imaming negeri Perrsia.
Pawartos
dhetengipun para majus / pandhita kala wau kapyarsi dhening Sang Prabu Herodes.
Manahipun Herodes ajrih lan kwatos menawi ratu ingkang nembe miyos punika
samangkeh badhe jongkeng kawibawanipun minangka ratu Yahudi. Penggalihipun
sajak boten legawa “ Tan wurunga dhampar
keprabonipun kaancam badhe karebat “. Raos ajrih lan kwatos punika
nuwuhaken sikap kepengin rerembagan kaliyan para ahli taurat kalebet para
Pandhita kala wau. Sasampunipun cetha
nampi katrangan menggah wontenipun bayi ingkang nembe miyos wonten ing tlatah
Betlekhem , lajeng Herodes paring dhawuh supados para pandhita enggal enggal
bidhal lan niti priksa bab bayi wau. Samangkenipun nalika sampun pinanggih
kaliyan bayi kasebat enggal sami caos pawarta dhateng piyambakipun. Sebab
piyambakipun inggih badhe sowan coasbekti dhateng Sang Bayi kasebat.
Sasampunipun
nampi dhawuh saking Herodes lajeng para pandhita bidal madosi bayi suci.
Lintang ingkang sumunar wonten sangginggilipun panggenan Sang Timur punika
ingkang anjalari bingahing manahipun para pandhita , awit sampun manggihaken
papan ing dipun sedya. Tanpa wigah wigih malih para pandhita lajeng asung semabah
bekti dhateng ngarsanipun bayi suci minangka ratu ingkang elok. Kejawi saking
punika ugi sami ngaturaken pisung ingkang arupi , mas , kemenyan lan mur.
Sasampinipun
sawetawis kaanggep cekap , lan sajakipun inggih nyare wonten papan punika ,
utawi papan penginepan sacelakipun , kabukten para pandhita kala wau nyumpena
utawi ngimpi. Lumantar impenipun para pandhita sami nampi wangsitipun Pangeran supados anggenipun wangsul dhateng tanah wetan
boten perlu sowan dhateng Herodes , mila wangsulipun inggih nglangkungi margi
sanes. Para pandhita langkung ajrih dhateng wangsiting Pangeran tinimbang
dhateng piwelingipun Herodes. ( ayat 12 ). Milih margi sanes , boten kok tanpa
resiko , saupamia kepanggih prajuritipun Herodes , tan wurunga mesthi nampi
pitadana. Ewasemanten para pandhita siap ngadepi resiko, lan sajakipun inggih
nampi tetingalan menawi gadhah niyat ingkang boten sae tumrap Sang Timur.
POKOK PIREMBAGAN
- Semanten temenipun , utawi semangatipun para pandhita ( badea tebih jarakipun antawisipun Persia dumugi Betlekhem ) ananging boten semplah awit badhe pinanggih ratu sejati. Punapa ingkang saget kita pethik saking lelampahanipun para majus / pandhita kala wau ? paringana katrangan sacekapipun !
- Para majus / Pandhita boten namung tumemen , ananging ugi ajrih dhateng wagsitipun Pangeran ( ayat 12 ) tinimbang piwelingipun Herodes sasampunipun kepanggih kaliyan bayi suci. Prekawis punika kabukten nalikanipun mboten purun sowan wonten ngarsanipun Herodes. Swawi sami niti priksa bab ajrih dhateng manungsa lelawanan ajrih dhateng Gusti Allah. Wonten ing babagan punapa lan kadospundi cak cakanipun ?
- Para majus / pandhita kala wau sasampunipun kepanggih kaliyan Sang Timur saestu ngraosaken katentreman. Punapa katentreman punika kedah dipun upados wonten satenghing gesang kita ? paringana katrangan sacekapipun.
Pdt. Yusuf Sugino, S.Th
No comments:
Post a Comment