“
Ora
ana kukus tanpa geni “ ( janji ana pawarta , mesthi ana nyatane. Kukus
iku pindhaning pawarta , geni iku pindhaning samubarang kadadeyan ). Tembung punika kaserat dhening
Dra. Wiwin Widyawati R, MA ing buku ETIKA JAWA. Wekdal samangke kita badhe
nggatosaken paseksi saking para pangen ingkang sampun mireng pawartos bab
wiyosipun Gusti Yesus. Kukus ingkang kemebul dumugi ing ara-ara punika menapa
leres wonten geni ingkang murub.
Pawartos bab rawuhipun Gusti wonten ing jagad
punika kapireng ugi dhening para pangen lumantar Malaikatipun Gusti nalikanpun
para pangen nembe sami njagi mendhanipun ing ara-ara ( Lukas 2: 8 ). Nalika
semanten para pangen sami mboten nggadahi pangandel , awit piyambakipun sami
rumaos bilih jejering “ Pangon “ punika asring kirang pikantuk kawigatosan
saking sedherek sedherek utawi masyarakat ing kiwa tengenipun. Nampi pawartos
ingkang kirang dipun pitadosi punika , pramila lajeng wonten pasarujukan ing antawisaipun
pangen setunggal lan setunggalipun. Golong gilig , nyawiji , kepengin
mbuktekaken pawartos ingkang katampi punika punapa wonten kasunyatanipun menapa
mboten.
Tuwuhing
sikap lan krenteg ingkang ageng kangge madosi bayi Yesus , kasunyatanipun saget
ngedalaken woh kanthi manggihaken papan
ingkang prasaja , reget lan mambet inggih punika kandang mendha, minangka papan
wiyosan dalem Gusti. Sasampunipun sami mangertos perkawis punika lajeng sami
dene ngaturaken sembah bekti dhateng Sang Ratu Sejati.
Para
pangon tumuli padha bali kalawan memuji lan ngluhurake Allah , marga sabarang
kang wis dirungu lan wis dideleng , cocog karo kang wis dipangandikake marang
wong wong mau. ( Lukas 2 : 20 ).Kabingahan ingkang
tanpa winates karaosaken dhening para pangen. Saking prekawis punika jebul “
Kukus lan geni “ pawartos lan kedadosan estu saget wonten sambung
rapetipun. Tiyang tiyang ingkang sami mireng cariosipun para pangen , mboten
wonten ingkang mangu mangu lan sami dene kaeraman. Ewa semanten Maryam namung
nyimpen sedaya kedadosan punika wonten telenging manahipun , mboten suka atur
biwara dhateng tiyang sanes. Perkawis
sanes ingkang langkung wiyar tebanipun inggih punika pakaryanipun Gusti saestu
maujud tumrap jagat lan manungsa ingkang sami kepareng nampi rawuhipun Gusti.
Lumantar rawuhipun Gusti kita saget nyumerepi kados pundi Gusti makarya wonten
ing jagad punika. Pakaryananipun Gusti dados kabingahan ingkang mirungga
dhateng sedaya manungsa dosa ingkang kanthi adreng nampi rawuhipun Sang
Pamarta.
POKOK PIREMBAGAN
- Tuladha punapa ingkang saget kita pethik saking lelampahanipun para pangen kala wau ?
- Perkawis punapa ingkang njalari tiyang kathah ingkang sami mireng cariosipun para pangen punika sami kaeraman, boten maiben ? Punapa ingkang saged dados syaratipun supados sesami kita punika gampil pitados dhateng punapa ingkang kita aturaken ?
- “Ana kukus mesthi ana geni “ kados pundi menawi tembung punika dipun sambung rapetaken kaliyan pengalamaning gesang kita ?
- Punapa ingkang njalari Maryam boten kados para pangen ingkang semangat nyariosaken bab miyosipun Sang Mesih , piyambakipun malah nyathet sedaya kedadosan punika wonten ing manahipun. Piwucal sae punapa ingkang saged kita pethik saking sikepipun Maryam ?
No comments:
Post a Comment