Wednesday, February 5, 2020

TATA CARA PECAWISAN SAKRAMEN BUJONO


Waosan : Lukas 22:14-20

Pasamuwan ingkang kinasih
Ing Jepang, wonten satunggaling tradisi upacara minum teh sesarengan. Tradisi punika nggadahi maknaning gesang ingkang lebet lan minangka piwulang tata krami ingkang sae. Upacara minum teh punika traadisi ingkang sampun kelampahan turun tumurun wiwit jaman Edo. Upacara minum teh (sado, chado, lan margi teh) minangka ritual tradisional ing Jepang nalika nampi tamu. Umumipun, upacara minum teh punika ngginakaken teh bubuk matcha ingkang kadamel saking teh ingkang sampun kagiling alus. Sakderengipun upacara punika kawiwitan, tamu saged nengga ing ruang tamu ngantos ingkang gadhah griya ngrampungaken pecawisanipun. Saksampunipun punika para tamu kasuwun mlampah ing roji minangka lambang ngresiki diri saking regetan. Tamunipun kasuwun mijiki tangan lan tutugipun. Salajengipun, ingkang gadhah griya nampi tamunipun ing ruang utami ingkang kedah mlebet saking konten utami ingkang ukuranipun andhap, milanipun nalika ajeng mlebet, tamu punika kedah mbungkuk.
Saksampunipun tamunipun lenggah, ingkang gadhah griya nglajengaken prosesi ngresiki lan nyawisaken piranti wiwit mendhet mangkok, sendok teh lan piranti sanesipun. Biasanipun piranti ingkang kaagem antawisipun Okama (piranti manasaken toya), Mizu sashi (wadah toya resik kangge damel ocha), Koboshi (papanipun wadah kangge nyuci bekas piranti teh), , Onatsume (gelas kangge ocha), Ocha syaku (ocha kangge sado), Cha sen (piranti kangge ngaduk teh), Hisyaku (centong toya), Senshu (kipas), Kaishi (wadah okashi/panganan ingkang sesarengan katedha nalika ngunjuk teh), Kashi kiri (pisau motong kue), Ojiku (kaligrafi), Ikebana (rangkaian bunga).
Saben prosesi upacara ngunjuk teh punika ngemu teges ingkang lebet. Prosesi ingkang gadhah griya ngurmati tamu punika tegesipun paring urmat ingurmatan dhateng sanesipun. Lumantar upacara punika saben tiyang jepang maringi teges bilih upacara minum teh punika suci (sakral). Lan paring gambaran bilih ingkang baken punika mboten nalikanipun teh diminum ananging kadospundhi proses ndamelipun. Salebeting nyawisaken, damel teh lajeng nyegahaken kanthi raos ingkang urmat lan tata krami punika ngengetaken diri dhateng jagat, ngengetaken dhateng lampahing gesang, lan kemutan saking pundhi kita wiwitanipun lan badhe dhateng pundhi kita mangkenipun.
Semanten ugi dungkap Gusti Yesus sinalib, “bareng wis tumka ing wayahe, Gusti Yesus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para rasule”(ayat 14). Panjenenganipun netepaken upacara ingkang sakral tumrap para muridipun lan tumrap grejanipun. Saksampunipun sedaya katata piranti lan uba rampenipun miturut tradisi paskah Yahudi, Panjenenganipun paring pangandika, piwulang lan netepaken upacaranipun tiyang Yahudi sambet Paskah punika kanthi makna ingkang enggal.
Kawiwitan saking pangandika “aku ora bakal mangan iku maneh……” lajeng panjenenganipun lajeng mundhut tuwung, saos sokur nuli ngandika: “Iki tampanana lan edumen kang warata”. Semanten ugi Gusti Yesus ngandika malih: “wiwit saiki iki Aku ora bakal ngombe pametuning wit anggur…..” lajeng saksampunipun punika lajeng maringaken dhateng para sekabat lan netepaken roti lan anggur kangge pangenget-enget bab pangurbananipun Gusti Yesus ing kajeng salib. Awit pangenget-enget mila upacara ngunjuk anggur lan ndhahar roti tanpa ragi punika kedah tansah katindakaken dening para murid dalah kita sedaya.
Gusti Yesus kembul sesarengan ing pambujanan, netepaken maknaning Paskah ingkang anyar punika satunggaling rerangkening Paskah ingkang suci tumrap kita. Awit suci punika mila kasebat sakramen. Istilah ingkang kapendhet saking basa latin sacramentum ingkang ateges “satunggaling tumindak ingkang suci”.
Mila nalika wekdal punika kita sami katimbalan nindakaken upacara sakramen bujono lan kita sedaya badhe nampi. Sumangga kita sami nyawisaken kanthi cara-cara ingkang njalari kebabaring kasucening diri punapadene kasucening upacara ingkang badhe katindakaken ing salebeting pangibadah. Gusti mberkahi kita sedaya. Amin.

Saturday, February 1, 2020

Pratelan Tetepan badan Pembantu Pradataning Pasamuwan


Pratelan
Tetepan badan Pembantu
Pradataning Pasamuwan

Pasamuwan ingkang kinasih
Kados ingkang sampun kawartosaken ing pawartosing pasamuwan, ing dinten punika badhe kaladosaken tetepan Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan
Gusti Allah sampun kmakarya kangge milujengaken manungsa lan menika sampun kelampahan wonten ing pribadi tuwin pakaryanipun Gusti Yesus Kristus kanthi madegipun pasamuwan. Dumugi sakmenika, pakaryanipun Gusti taksih lan tansah katindakaken. Pasamuwan katimbalan dados srana ing pakaryanipun Gusti punika lumantar pangreh saha panggulawenthahipun pradataning pasamuwan. Ing salebetipun nindakaken ayahan punika, pradataning pasamuwan saged ngangkat Badan Pembantu.

Dene kewajibanipun Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan inggih punika:
  1. Nindakaken tugas ingkang sampun katetepaken dening Pradataning Pasamuwan
  2. Ngaturaken pelapuran tumrap kewajiban ingknag dados tanggel jawabipun dhateng Pradataning Pasamuwan ing wekdal-wekdal ingkang sampun katemtokaken, menapadene ing pungkasaning tugasipun.
  3. Damel, nyimpen lan ngrimati arsip-arsip tuwin dokumen, lan sapanunggalanipun ingkang sambet kaliyan tugasipun, saha masrahaken sedayanipun dhateng Pradataning Pasamuwan ing pungkasaning tugasipun.

Pasamuwan ingkang kinasih
Badan pembantu Pradataning Pasamuwan menika sanes kalenggahan mirunggan ing Pasamuwan, sarta wekdal peladosanipun winates. Wekdal punika, peladosanipun Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan periode……..sampun purna.
Samangke para sadherek ingkang sampun purna peladosanipun minangka Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan, kaaturan sami jumeneng, inggih punika…………..

Para sedherek,
Wekdal peladosan panjenengan sampun purna, kanthi menika secara resmi kula nelakakan, bilih panjenengan lereh saking kalenggahan minangka Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan. Pradataning Pasamuwan ngaturaken panuwun dhateng panjenengan ingkang sampun nyambutdamel sesarengan ing salebeting peladosan. Salajengipun, senajan panjenengan sampun lereh, panjenengan kasuwun tansaha kagungan greget nindakaken peladosan, awit kita sumurup, bilih wonten ing patunggilanipun Gusti, kangelan kita mesthi mboten muspra.

(Badan Pembantu pradataning pasamuwan ingkang sampun
mugkasi wekdal peladosanipun kaaturan lenggah.)

Ing wekdal menika badhe katindakaken tetepan Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan. Dene ingkang badhe katetepaken inggih punika………… (kasebutaken asma badan Pembantu Pradataning pasamuwan sarta para ingkang lenggah ing Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan wau).

Para sedherek ingkang badhe katetepaken kula aturi Jumeneng (kaaturan Jumeneng sesarengan)

Para sedherek…… (ingkang badhe katetepaken dados Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan) ingkang dipun kasihi dening Gusti Yesus.
Supados tetelaa bilih panjenengan sami sagah nindakaken tugas Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan kanthi bingah sarta tanggel jawab, panjenengan mangsulana pitakenan-pitakenan punika:
  1. Minangka tiyang ingkang sampun kawilujengaken, panjenengan menapa nampi lan sagah dipun agem dening Gusti Allah dados pirantos wonten ing pakaraning Allah?
  2. Panjenengan menapa pitados bilih Gusti Allah nimbali panjenengan lumantar Pradataning Pasamuwan dados Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan?
  3. Panjenengan menapa sagah nindakaken ayahan peladosan kanthi bingah lan tanggel jawab?
  4. Panjenengan menapa sagah nampeni sawernining pangengen adhedhasar Kitab Suci?
Kadospundhi wangsulan Panjenengan?
(Pitakenan dhateng saben Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan dipunwangsuli sesarengan)

(Kawangsulan: inggih kanthi gumolonging manah)

(Pandhita nglantaraken Tetepan)
“Awit saking sih-rahmatipun Sang Rama, Sang Putra tuwin Sang Roh Suci, pradataning pasamuwan…………..netepaken Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan”

(Pandhita nglantaraken berkah)
“GUSTI ALLAH INGKANG MAHATRESNA MBERKAHI PANJENENGAN ING SALEBETING NGAYAHI TUGAS INGKANG MULYA PUNIKA. LAN SADHENGAH APA KANG KOKTINDAKAKE KALAWAN TEMBUNG UTAWA KALAWAN PANGGAWE, IKU KABEH LAKONANA ATAS ASMANE GUSTI YESUS KAMBIA SOAS SOKUR MARANG GUSTI ALLAH, RAMA KITA LUMANTAR PANJENENGANE. AMIN.”

(Pandhita nglantaraken pandonga)
Pandhita masrahaken Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan ingkang nembe katetepaken dhateng Pasamuwan)

Pasamuwan ingkang kinasih
Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan ingkang nembe katetepaken menika mugi panjenengan tampi. Biyantonana ing pandonga, daya lan dana, supados saged nindakaken tugasipun nyondongi kersanipun Gusti Allah.

PELEREHAN/TETEPAN PINISEPUH LAN DIAKEN


Pratélan
PELEREHAN/TETEPAN PINISEPUH LAN DIAKEN

Pasamuwan ingkang dipun kasihi déning Gusti Yesus Kristus,
Kados ingkang sampun kawartosaken ing pawartosing Pasamuwan, wonten sedhèrèk (-sedhèrèk) Pinisepuh (tuwin Diaken) ingkang sampun dumugi wekdalipun lereh saking kalenggahanipun saha wonten sedherek (-sedherek) ingkang badhé katetepaken ing kalenggehanipun Pinisepuh (tuwin Diaken). Ing pangibadah menika badhe kaladosaken pelerehan tumrap sedherek (-sedherek) ingkang sampun telas wekdal peladosanipun lan awit ngantos dumugi samenika mboten wonten panyaruwe ingkang sah, ingkang kaaturaken dhateng pradataning pasamuwan, badhe kaladosaken tetepan Pinisepuh (lan Diaken) enggal.

Pasamuwan menika mujudaken patunggilanipun para tiyang pitados ingkang underanipun wonten ing Sang Kristus. Minangka patunggilanipun para tiyang pitados, pasamuwan nggadhahi kepemimpinan ingkang dumados saking kalih sisih, inggih menika:
  • Sisih Kaallahan, awit Pasamuwan kapimpin déning Gusti Allah srana pakaryanipun Roh Suci,sarta Kitab Suci ingkang dados pirantosipun.
  • Sisih Kamanungsan, awit Pasamuwan kapimpin déning manungsa, awit saking kersanipun Gusti Allah.


Awit saking menika, Gusti Allah nimbali para pelados mirunggan, inggih menika Pinisepuh, Pendhita tuwin Diaken.
Kuwajiban ingkang sipatipun umum, pinisepuh tuwin diaken, sesarengan kaliyan Pendhita, tanggel jawab dhateng sawernining peladosanipun Pasamuwan, dadosa bab Pangundhanging Injil, pangrimating kapitadosanipun warga Pasamuwan, menapa déné bab organisasining Pasamuwan.
Déné kuwajiban utamanipun Pinisepuh nindakaken pepréntahaning Pasamuwan, sarta kuwajiban utaminipun Diaken ngrimati gesanging jasmanipun warga Pasamuwan, menapadéné nindakaken paladosan dhateng masyarakat umum.

Pendhita ngaturi jumeneng Pinisepuh (lan Diaken) ingkang sampun dumugi wekdalipun lereh saking kalenggahanipun

Sedhèrèk (-sedhèrèk) Pinisepuh (lan Diaken) ingkang badhé lereh saking kalenggahanipun kaaturan jumeneng ing sangajenging pasamuwan, inggih menika sedhèrèk.......................
Miturut pranataning pasamuwan, wekdal peladosan panjenengan minangka Pinisepuh (lan Diaken) sampun purna. Pramila ing pangibadah menika kanthi resmi kula nélakaken, bilih panjenengan (sedaya) sampun lèrèh saking kalenggahan Pinisepuh (lan Diaken). Kanthi menika Pasamuwan  ngaturaken panuwun dhateng panjenengan (sedaya) ingkang sampun nindakaken peladosan ngantos dumugi wekdal menika. Mekaten ugi Pradataning Pasamuwan ngaturaken panuwun dhateng panjenengan (sedaya) ingkang sampun nyambut damel sesarengan ing salebeting peladosan. Salajengipun, sinaosa sampun mboten ngasta kalenggahan Pinisepuh (tuwin diaken) nanging panjenengan (sedaya) tansaha grengseng nindakaken peladosan ing Pasamuwanipun Gusti, awit kita sumerep bilih wonten ing patunggilanipun Gusti, kangèlan kita mesthi mboten muspra.

Pendhita ngaturi Pinisepuh (tuwin Diaken) ingkang nembé lèrèh saking kalenggahanipun, lenggah nunggil kaliyan pasamuwan.
Sedhèrèk (-sedhèrèk) ingkang badhé katetepaken ing kalenggahanipun Pinisepuh (tuwin Diaken), kaaturan jumeneng, inggih menika sedhèrèk.................
Supados Pasamuwan nekseni, bilih panjenengan (sedaya) sagah nindakaken kuwajiban minangka Pinisepuh (tuwin Diaken), panjenengan kasuwun mangsuli pitakénan-pitakénan menika :
  1. Panjenengan menapa pitados, bilih Gusti Allah nimbali panjenengan lumantar Pasamuwanipun, wonten ing kalenggahan Pinisepuh (tuwin Diaken)?
  2. Panjenengan menapa ngakeni, bilih Gusti Allah Ratuning Pasamuwan ngersakaken tanggel jawab panjenengan wonten ing kalenggahan Pinisepuh (tuwin Diaken), supados gesang tuwin peladosan panjenengan njalari Pasamuwan wonten paédahipun wonten ing pakaryanipun Gusti Allah anggènipun paring kawilujengan?
  3. Panjenengan menapa sagah nindakaken kuwajiban minangka Pinisepuh (tuwin Diaken) kanthi tumemen, adhedhasar Kitab Suci, Pokok-Pokok Ajaran GKJ, sarta Tata Gereja dan Tata Laksana  GKJ?
  4. Panjenengan menapa sagah nyambut damel sesarengan kaliyan para ingkang sami ngasta kalenggahaning Pasamuwan sanesipun?
  5. Panjenengan menapa sagah nyambut damel sesarengan kaliyan Pasamuwan-pasamuwan sanès, inggih menika sariranipun Sang Kristus, menapadéné nyambut damel sesarengan urmat-ingurmatan kaliyan para ingkang nganut keyakinan/agami sanès, murih ndhatengaken katentreman sarta karaharjaning gesang?
  6. Panjenengan menapa sagah nampèni sawernining pangengèn adhedhasar Kitab Suci?


Kadospundi wangsulan panjenengan Sedhèrèk.....................
(kawangsulan: “Inggih kanthi gumolonging manah”)

Pinisepuh (tuwin Diaken) ngucapaken janji lan napak asmani PPA-GKJ*

Pendhita nglantaraken berkah

“Gusti Allah Ingkang Maha-asih, mberkahi panjenengan ing salebeting nindakaken peladosan ingkang mulya menika. Gusti Allah ingkang sampun miwiti pedamelan ingkang saé menika badhé nglajengaken ngantos dumugi wekasanipun. Tansah sami bingaha, lan ndedongaa, sarta ngunjukna panuwun ing sadhéngah kawontenan.”

Pendhita nglantaraken pandonga sukur tumrap ingkang lèrèh saking kalenggahan Pinisepuh (tuwin Diaken) sarta tumrap ingkang miwiti kalenggahanipun.
Pendhita ngaturi Pinisepuh (lan Diaken) ingkang nembé katetepaken kalenggehanipun ngajengaken Pasamuwan, salajengipun Pendhita masrahaken peladosanipun.

Sedhèrèk (-sedhèrèk) ingkang nembé katetepaken ing kalenggahanipun Pinisepuh (tuwin Diaken), ing ngajeng Panjenengan (sedaya) menika Pasamuwanipun Gusti Allah ingkang kedah panjenengan pimpin. Ing salebetipun nindakaken kuwajibaning Pemimpin Pasamuwan, tansah kanthi ngengètana pangandikanipun Gusti Allah, ingkang mekaten:
“Pepanthan mendané Gusti Allah kang ana ing kowé iku engonen, aja marga kapeksa, nanging klawan legawaning ati, laras karo karsaning Allah, sarta aja marga saka kepéngin olèh kauntungan, nanging klawan rasa leladi. Kowé aja tumindak kaya-kaya ngwasani Pasamuwan reksanmu, nanging dadia tuladha tumrap pepanthan iku.”**

Pendhita masrahaken Pinisepuh (tuwin Diaken ) ingkang nembé katetepanken kalenggahanipun dhateng Pasamuwan.

Pasamuwan ing kinasihan,
Pinisepuh (tuwin Diaken) ingkang nembé katetepaken ing kalenggahanipun menika katampia dados pemimpin Panjenengan sarta nindakaken peladosaning Pasamuwan. Awit saking menika katresnana, kabiyantua ing pandonga, daya lan dana, supados saged nindakaken kuwajiban kanthi saé sarta tanggel jawab, supados asmanipun Gusti Allah kaluhuraken sarta Pasamuwanipun kabangun.

Pendhita masrahaken serat tetepaning Pinisepuh (tuwin Diaken)***.

Pendhita ngaturi Pinisepuh (tuwin Diaken) enggal lenggah ing papan ingkang sampun kacawisaken.,

*     Penandatanganan PPA-GKJ saged katindakaken ing sanjawining pangibadah (wonten ing parepatan pradhata).
**   1 Petrus 5:2-3
*** Saged katindakaken ing sanjawining pangibadah.