Pratelan
Tetepan badan Pembantu
Pradataning Pasamuwan
Pasamuwan ingkang kinasih
Kados ingkang sampun kawartosaken ing pawartosing pasamuwan, ing dinten
punika badhe kaladosaken tetepan Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan
Gusti Allah sampun kmakarya kangge milujengaken manungsa lan menika
sampun kelampahan wonten ing pribadi tuwin pakaryanipun Gusti Yesus Kristus
kanthi madegipun pasamuwan. Dumugi sakmenika, pakaryanipun Gusti taksih lan
tansah katindakaken. Pasamuwan katimbalan dados srana ing pakaryanipun Gusti
punika lumantar pangreh saha panggulawenthahipun pradataning pasamuwan. Ing
salebetipun nindakaken ayahan punika, pradataning pasamuwan saged ngangkat
Badan Pembantu.
Dene kewajibanipun Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan inggih punika:
- Nindakaken tugas
ingkang sampun katetepaken dening Pradataning Pasamuwan
- Ngaturaken pelapuran
tumrap kewajiban ingknag dados tanggel jawabipun dhateng Pradataning
Pasamuwan ing wekdal-wekdal ingkang sampun katemtokaken, menapadene ing
pungkasaning tugasipun.
- Damel, nyimpen lan
ngrimati arsip-arsip tuwin dokumen, lan sapanunggalanipun ingkang sambet
kaliyan tugasipun, saha masrahaken sedayanipun dhateng Pradataning
Pasamuwan ing pungkasaning tugasipun.
Pasamuwan ingkang kinasih
Badan pembantu Pradataning Pasamuwan menika sanes kalenggahan mirunggan
ing Pasamuwan, sarta wekdal peladosanipun winates. Wekdal punika, peladosanipun
Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan periode……..sampun purna.
Samangke para sadherek ingkang sampun purna peladosanipun minangka
Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan, kaaturan sami jumeneng, inggih
punika…………..
Para sedherek,
Wekdal peladosan panjenengan sampun purna, kanthi menika secara resmi
kula nelakakan, bilih panjenengan lereh saking kalenggahan minangka Badan
Pembantu Pradataning Pasamuwan. Pradataning Pasamuwan ngaturaken panuwun
dhateng panjenengan ingkang sampun nyambutdamel sesarengan ing salebeting
peladosan. Salajengipun, senajan panjenengan sampun lereh, panjenengan kasuwun
tansaha kagungan greget nindakaken peladosan, awit kita sumurup, bilih wonten
ing patunggilanipun Gusti, kangelan kita mesthi mboten muspra.
(Badan Pembantu pradataning
pasamuwan ingkang sampun
mugkasi wekdal peladosanipun
kaaturan lenggah.)
Ing wekdal menika badhe katindakaken tetepan Badan Pembantu Pradataning
Pasamuwan. Dene ingkang badhe katetepaken inggih punika………… (kasebutaken asma
badan Pembantu Pradataning pasamuwan sarta para ingkang lenggah ing Badan
Pembantu Pradataning Pasamuwan wau).
Para sedherek ingkang badhe katetepaken kula aturi Jumeneng (kaaturan
Jumeneng sesarengan)
Para sedherek…… (ingkang badhe katetepaken dados Badan Pembantu
Pradataning Pasamuwan) ingkang dipun kasihi dening Gusti Yesus.
Supados tetelaa bilih panjenengan sami sagah nindakaken tugas Badan
Pembantu Pradataning Pasamuwan kanthi bingah sarta tanggel jawab, panjenengan
mangsulana pitakenan-pitakenan punika:
- Minangka tiyang ingkang
sampun kawilujengaken, panjenengan menapa nampi lan sagah dipun agem
dening Gusti Allah dados pirantos wonten ing pakaraning Allah?
- Panjenengan menapa
pitados bilih Gusti Allah nimbali panjenengan lumantar Pradataning
Pasamuwan dados Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan?
- Panjenengan menapa
sagah nindakaken ayahan peladosan kanthi bingah lan tanggel jawab?
- Panjenengan menapa
sagah nampeni sawernining pangengen adhedhasar Kitab Suci?
Kadospundhi wangsulan Panjenengan?
(Pitakenan dhateng saben Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan
dipunwangsuli sesarengan)
(Kawangsulan: inggih kanthi
gumolonging manah)
(Pandhita nglantaraken
Tetepan)
“Awit saking sih-rahmatipun Sang Rama, Sang Putra tuwin Sang Roh Suci,
pradataning pasamuwan…………..netepaken Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan”
(Pandhita nglantaraken
berkah)
“GUSTI ALLAH INGKANG MAHATRESNA MBERKAHI PANJENENGAN ING SALEBETING
NGAYAHI TUGAS INGKANG MULYA PUNIKA. LAN SADHENGAH APA KANG KOKTINDAKAKE KALAWAN
TEMBUNG UTAWA KALAWAN PANGGAWE, IKU KABEH LAKONANA ATAS ASMANE GUSTI YESUS
KAMBIA SOAS SOKUR MARANG GUSTI ALLAH, RAMA KITA LUMANTAR PANJENENGANE. AMIN.”
(Pandhita nglantaraken
pandonga)
Pandhita masrahaken Badan
Pembantu Pradataning Pasamuwan ingkang nembe katetepaken dhateng Pasamuwan)
Pasamuwan ingkang kinasih
Badan Pembantu Pradataning Pasamuwan ingkang nembe katetepaken menika
mugi panjenengan tampi. Biyantonana ing pandonga, daya lan dana, supados saged
nindakaken tugasipun nyondongi kersanipun Gusti Allah.
No comments:
Post a Comment