Wednesday, February 5, 2020

TATA CARA PECAWISAN SAKRAMEN BUJONO


Waosan : Lukas 22:14-20

Pasamuwan ingkang kinasih
Ing Jepang, wonten satunggaling tradisi upacara minum teh sesarengan. Tradisi punika nggadahi maknaning gesang ingkang lebet lan minangka piwulang tata krami ingkang sae. Upacara minum teh punika traadisi ingkang sampun kelampahan turun tumurun wiwit jaman Edo. Upacara minum teh (sado, chado, lan margi teh) minangka ritual tradisional ing Jepang nalika nampi tamu. Umumipun, upacara minum teh punika ngginakaken teh bubuk matcha ingkang kadamel saking teh ingkang sampun kagiling alus. Sakderengipun upacara punika kawiwitan, tamu saged nengga ing ruang tamu ngantos ingkang gadhah griya ngrampungaken pecawisanipun. Saksampunipun punika para tamu kasuwun mlampah ing roji minangka lambang ngresiki diri saking regetan. Tamunipun kasuwun mijiki tangan lan tutugipun. Salajengipun, ingkang gadhah griya nampi tamunipun ing ruang utami ingkang kedah mlebet saking konten utami ingkang ukuranipun andhap, milanipun nalika ajeng mlebet, tamu punika kedah mbungkuk.
Saksampunipun tamunipun lenggah, ingkang gadhah griya nglajengaken prosesi ngresiki lan nyawisaken piranti wiwit mendhet mangkok, sendok teh lan piranti sanesipun. Biasanipun piranti ingkang kaagem antawisipun Okama (piranti manasaken toya), Mizu sashi (wadah toya resik kangge damel ocha), Koboshi (papanipun wadah kangge nyuci bekas piranti teh), , Onatsume (gelas kangge ocha), Ocha syaku (ocha kangge sado), Cha sen (piranti kangge ngaduk teh), Hisyaku (centong toya), Senshu (kipas), Kaishi (wadah okashi/panganan ingkang sesarengan katedha nalika ngunjuk teh), Kashi kiri (pisau motong kue), Ojiku (kaligrafi), Ikebana (rangkaian bunga).
Saben prosesi upacara ngunjuk teh punika ngemu teges ingkang lebet. Prosesi ingkang gadhah griya ngurmati tamu punika tegesipun paring urmat ingurmatan dhateng sanesipun. Lumantar upacara punika saben tiyang jepang maringi teges bilih upacara minum teh punika suci (sakral). Lan paring gambaran bilih ingkang baken punika mboten nalikanipun teh diminum ananging kadospundhi proses ndamelipun. Salebeting nyawisaken, damel teh lajeng nyegahaken kanthi raos ingkang urmat lan tata krami punika ngengetaken diri dhateng jagat, ngengetaken dhateng lampahing gesang, lan kemutan saking pundhi kita wiwitanipun lan badhe dhateng pundhi kita mangkenipun.
Semanten ugi dungkap Gusti Yesus sinalib, “bareng wis tumka ing wayahe, Gusti Yesus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para rasule”(ayat 14). Panjenenganipun netepaken upacara ingkang sakral tumrap para muridipun lan tumrap grejanipun. Saksampunipun sedaya katata piranti lan uba rampenipun miturut tradisi paskah Yahudi, Panjenenganipun paring pangandika, piwulang lan netepaken upacaranipun tiyang Yahudi sambet Paskah punika kanthi makna ingkang enggal.
Kawiwitan saking pangandika “aku ora bakal mangan iku maneh……” lajeng panjenenganipun lajeng mundhut tuwung, saos sokur nuli ngandika: “Iki tampanana lan edumen kang warata”. Semanten ugi Gusti Yesus ngandika malih: “wiwit saiki iki Aku ora bakal ngombe pametuning wit anggur…..” lajeng saksampunipun punika lajeng maringaken dhateng para sekabat lan netepaken roti lan anggur kangge pangenget-enget bab pangurbananipun Gusti Yesus ing kajeng salib. Awit pangenget-enget mila upacara ngunjuk anggur lan ndhahar roti tanpa ragi punika kedah tansah katindakaken dening para murid dalah kita sedaya.
Gusti Yesus kembul sesarengan ing pambujanan, netepaken maknaning Paskah ingkang anyar punika satunggaling rerangkening Paskah ingkang suci tumrap kita. Awit suci punika mila kasebat sakramen. Istilah ingkang kapendhet saking basa latin sacramentum ingkang ateges “satunggaling tumindak ingkang suci”.
Mila nalika wekdal punika kita sami katimbalan nindakaken upacara sakramen bujono lan kita sedaya badhe nampi. Sumangga kita sami nyawisaken kanthi cara-cara ingkang njalari kebabaring kasucening diri punapadene kasucening upacara ingkang badhe katindakaken ing salebeting pangibadah. Gusti mberkahi kita sedaya. Amin.

No comments:

Post a Comment