Pratélan
PELEREHAN/TETEPAN
PINISEPUH LAN DIAKEN
Pasamuwan ingkang dipun
kasihi déning Gusti Yesus Kristus,
Kados ingkang sampun
kawartosaken ing pawartosing Pasamuwan, wonten sedhèrèk (-sedhèrèk) Pinisepuh
(tuwin Diaken) ingkang sampun dumugi wekdalipun lereh saking kalenggahanipun
saha wonten sedherek (-sedherek) ingkang badhé katetepaken ing kalenggehanipun
Pinisepuh (tuwin Diaken). Ing pangibadah menika badhe kaladosaken pelerehan
tumrap sedherek (-sedherek) ingkang sampun telas wekdal peladosanipun lan awit
ngantos dumugi samenika mboten wonten panyaruwe ingkang sah, ingkang kaaturaken
dhateng pradataning pasamuwan, badhe kaladosaken tetepan Pinisepuh (lan Diaken)
enggal.
Pasamuwan menika
mujudaken patunggilanipun para tiyang pitados ingkang underanipun wonten ing
Sang Kristus. Minangka patunggilanipun para tiyang pitados, pasamuwan nggadhahi
kepemimpinan ingkang dumados saking kalih sisih, inggih menika:
- Sisih Kaallahan, awit Pasamuwan kapimpin déning Gusti Allah srana pakaryanipun Roh Suci,sarta Kitab Suci ingkang dados pirantosipun.
- Sisih Kamanungsan, awit Pasamuwan kapimpin déning manungsa, awit saking kersanipun Gusti Allah.
Awit saking menika, Gusti
Allah nimbali para pelados mirunggan, inggih menika Pinisepuh, Pendhita tuwin
Diaken.
Kuwajiban ingkang
sipatipun umum, pinisepuh tuwin diaken, sesarengan kaliyan Pendhita, tanggel
jawab dhateng sawernining peladosanipun Pasamuwan, dadosa bab Pangundhanging
Injil, pangrimating kapitadosanipun warga Pasamuwan, menapa déné bab
organisasining Pasamuwan.
Déné kuwajiban utamanipun
Pinisepuh nindakaken pepréntahaning Pasamuwan, sarta kuwajiban utaminipun Diaken
ngrimati gesanging jasmanipun warga Pasamuwan, menapadéné nindakaken paladosan
dhateng masyarakat umum.
Pendhita ngaturi
jumeneng Pinisepuh (lan Diaken) ingkang sampun dumugi wekdalipun lereh saking
kalenggahanipun
Sedhèrèk
(-sedhèrèk) Pinisepuh (lan Diaken) ingkang badhé lereh saking kalenggahanipun
kaaturan jumeneng ing sangajenging pasamuwan, inggih menika
sedhèrèk.......................
Miturut pranataning
pasamuwan, wekdal peladosan panjenengan minangka Pinisepuh (lan Diaken) sampun
purna. Pramila ing pangibadah menika kanthi resmi kula nélakaken, bilih
panjenengan (sedaya) sampun lèrèh saking kalenggahan Pinisepuh (lan Diaken).
Kanthi menika Pasamuwan ngaturaken
panuwun dhateng panjenengan (sedaya) ingkang sampun nindakaken peladosan
ngantos dumugi wekdal menika. Mekaten ugi Pradataning Pasamuwan ngaturaken
panuwun dhateng panjenengan (sedaya) ingkang sampun nyambut damel sesarengan
ing salebeting peladosan. Salajengipun, sinaosa sampun mboten ngasta
kalenggahan Pinisepuh (tuwin diaken) nanging panjenengan (sedaya) tansaha
grengseng nindakaken peladosan ing Pasamuwanipun Gusti, awit kita sumerep bilih
wonten ing patunggilanipun Gusti, kangèlan kita mesthi mboten muspra.
Pendhita ngaturi
Pinisepuh (tuwin Diaken) ingkang nembé lèrèh saking kalenggahanipun, lenggah
nunggil kaliyan pasamuwan.
Sedhèrèk (-sedhèrèk) ingkang badhé katetepaken ing kalenggahanipun
Pinisepuh (tuwin Diaken), kaaturan jumeneng, inggih menika
sedhèrèk.................
Supados Pasamuwan
nekseni, bilih panjenengan (sedaya) sagah nindakaken kuwajiban minangka
Pinisepuh (tuwin Diaken), panjenengan kasuwun mangsuli pitakénan-pitakénan
menika :
- Panjenengan menapa pitados, bilih Gusti Allah nimbali panjenengan lumantar Pasamuwanipun, wonten ing kalenggahan Pinisepuh (tuwin Diaken)?
- Panjenengan menapa ngakeni, bilih Gusti Allah Ratuning Pasamuwan ngersakaken tanggel jawab panjenengan wonten ing kalenggahan Pinisepuh (tuwin Diaken), supados gesang tuwin peladosan panjenengan njalari Pasamuwan wonten paédahipun wonten ing pakaryanipun Gusti Allah anggènipun paring kawilujengan?
- Panjenengan menapa sagah nindakaken kuwajiban minangka Pinisepuh (tuwin Diaken) kanthi tumemen, adhedhasar Kitab Suci, Pokok-Pokok Ajaran GKJ, sarta Tata Gereja dan Tata Laksana GKJ?
- Panjenengan menapa sagah nyambut damel sesarengan kaliyan para ingkang sami ngasta kalenggahaning Pasamuwan sanesipun?
- Panjenengan menapa sagah nyambut damel sesarengan kaliyan Pasamuwan-pasamuwan sanès, inggih menika sariranipun Sang Kristus, menapadéné nyambut damel sesarengan urmat-ingurmatan kaliyan para ingkang nganut keyakinan/agami sanès, murih ndhatengaken katentreman sarta karaharjaning gesang?
- Panjenengan menapa sagah nampèni sawernining pangengèn adhedhasar Kitab Suci?
Kadospundi wangsulan
panjenengan Sedhèrèk.....................
(kawangsulan: “Inggih
kanthi gumolonging manah”)
Pinisepuh (tuwin
Diaken) ngucapaken janji lan napak asmani PPA-GKJ*
Pendhita
nglantaraken berkah
“Gusti Allah Ingkang Maha-asih,
mberkahi panjenengan ing salebeting nindakaken peladosan ingkang mulya menika.
Gusti Allah ingkang sampun miwiti pedamelan ingkang saé menika badhé
nglajengaken ngantos dumugi wekasanipun. Tansah sami bingaha, lan ndedongaa,
sarta ngunjukna panuwun ing sadhéngah kawontenan.”
Pendhita
nglantaraken pandonga sukur tumrap ingkang lèrèh saking kalenggahan Pinisepuh
(tuwin Diaken) sarta tumrap ingkang miwiti kalenggahanipun.
Pendhita ngaturi
Pinisepuh (lan Diaken) ingkang nembé katetepaken kalenggehanipun ngajengaken
Pasamuwan, salajengipun Pendhita masrahaken peladosanipun.
Sedhèrèk (-sedhèrèk)
ingkang nembé katetepaken ing kalenggahanipun Pinisepuh (tuwin Diaken), ing
ngajeng Panjenengan (sedaya) menika Pasamuwanipun Gusti Allah ingkang kedah
panjenengan pimpin. Ing salebetipun nindakaken kuwajibaning Pemimpin Pasamuwan,
tansah kanthi ngengètana pangandikanipun Gusti Allah, ingkang mekaten:
“Pepanthan mendané Gusti Allah kang
ana ing kowé iku engonen, aja marga kapeksa, nanging klawan legawaning ati,
laras karo karsaning Allah, sarta aja marga saka kepéngin olèh kauntungan,
nanging klawan rasa leladi. Kowé aja tumindak kaya-kaya ngwasani Pasamuwan
reksanmu, nanging dadia tuladha tumrap pepanthan iku.”**
Pendhita
masrahaken Pinisepuh (tuwin Diaken ) ingkang nembé katetepanken kalenggahanipun
dhateng Pasamuwan.
Pasamuwan ing kinasihan,
Pinisepuh (tuwin Diaken)
ingkang nembé katetepaken ing kalenggahanipun menika katampia dados pemimpin
Panjenengan sarta nindakaken peladosaning Pasamuwan. Awit saking menika
katresnana, kabiyantua ing pandonga, daya lan dana, supados saged nindakaken
kuwajiban kanthi saé sarta tanggel jawab, supados
asmanipun Gusti Allah kaluhuraken sarta Pasamuwanipun kabangun.
Pendhita
masrahaken serat tetepaning Pinisepuh (tuwin Diaken)***.
Pendhita ngaturi
Pinisepuh (tuwin Diaken) enggal lenggah ing papan ingkang sampun kacawisaken.,
* Penandatanganan
PPA-GKJ saged katindakaken ing sanjawining pangibadah (wonten ing parepatan
pradhata).
** 1 Petrus 5:2-3
*** Saged katindakaken ing sanjawining
pangibadah.
No comments:
Post a Comment