PANGENING MENDANIPUN GUSTI
Waosan : I Petrus 5:1-11
Waosan : I Petrus 5:1-11
Nats : I
Petrus 5:7
Antawisipun masalah lan raos
kuwatos angel dipunsingkiri ing gesanging manungsa. Kamangka “Kekalihipun”
raket sanget sambung rapetipun. Malah antawis setunggal lan setunggalipun daya
dinaya lan mujudaken ukara “sebab akibat”
Sanadyan, tiyang ingkang nggadahi
masalah saged ugi boten nuwuhaken raos kuwatos, nanging saksintena ingkang
nggadahi raos kuwatos, mesthi nuwuhaken masalah ing gesangipun. Pramila pangen
ingkang nggatosaken para mendanipun mboten lepat saking raos kuwatos jalaran
tumindakipun menda-mendanipun ingkang nalisir saking paugeran.
Wonten ing I Petrus 5:7 tembung
“Pasrahna…..” mboten naming awujud janji nanging malah dados dhawuh. Raos
kuwatos mboten kita gegeki nanging kedah kita rucat lan kanthi pasrah sumarah
dhumateng Gusti.
Menawi raos kuwatos tetep wonten
ing gesang kita, ateges taksih nggegeki nalar lan budi kita piyambak dereng
masrahaken gesang kita ing panuntuning Roh Suci. Kita kedah emut bilih Gusti
Allah mboten nate nilar kita, saengga kita mboten mangkotaken manah bab dosa
duraka kita, lan namung menggalih bab paukuman ingkang badhe katampi ing
gesangipun. Kados-kados Gusti namung kendel lan mboten makarya.
Kamangka janjinipun Gusti punika
ing bab sedaya perkawis badhe dhatengaken berkah lan kasaenan tumrap gesang
kita. Sanadyan masalah kita awrat, sauger kita pitados dhumateng Gusti raos
kuwatos mboten badhe ndayani ing gesang kita. Pangenipun Gusti punika sae lan nuwuhaken
katentreman (Ibrani 13:6).
Pramila saben-saben kita nanggapi
suruhanipun Gusti ing pamarek kita wonten Pambujanan suci, kita kaengetaken
supados tansah masrahaken gesang kita ing panuntun lan Pakaryanipun Roh Suci
awit panuntunipun wujud Pangengen Kadosdene menda ingkang kairid dhanteng
pangonan ingkang rumputipun ijem lan kathah toyanipun menawi kraos benter
dipunplegungaken ing sakngandhaping wit ingkang ngrembuyung kathah ronipun. Angin
semidit boten kendel-kendel kebak ing kabingahan lan katentreman.
Kita mare king ngarsanipun Gusti
kanthi kebak ing pangajeng-ajeng ingkang mboten ngloho. Roti lan anggur ingkang
kita tampi lan kita tedha saha kita unjuk mujudaken peladosan anggen kita
nanggapi suruhanipun Gusti bab pambujanan suci pinangka wujuding Pangengenipun
Gusti dhumateng para warganing pasamuwan lumantar Pradataning Pasamuwan ing GKJ
Sabda Winedhar. Mugi Gusti mberkahi. Amin
No comments:
Post a Comment