NJAGI KASUCENING GESANG
Firman : Kitab Yosua 3:5
Firman : Kitab Yosua 3:5
Apadene Sang Senapati Yusak
ngandika marang para umat: “Padha sesucia, amarga sesuk Pangeran Yehuwah bakal
nindakake kaelokan ana ing tengahmu.”
Para kinasih
Njagi kasucening gesang punika
perkawis ingkang awrat. Wiwit manungsa dumawah ing dosa ngantos sepriki kathah
tiyang ingkang mbudidaya supados gesangipun tansah suci ananging nyatanipun
malah nindakaken lampah ingkang asring cengkah kaliyan kersanipun Gusti. Punapa
malih sakpunika ingkang kathah perkawis-perkawis ingkang njalari tuwuhing
lampah dosa. Tayangan ing media dadosa
TV, internet, barang-barang elektronik ingkang sangsaya canggih mboten
kaginakaken kanthi sakmesthinipun, lsp. Semanten ugi ing babagan gesang saben dinten,
menawi wonten tiyang ingkang mboten purun neka-neka lan gesangipun
lempeng-lempeng mawon malah asring dipun poyoki lan ditebihi.
Jagad ingkang dados papan kula
lan panjenengan gesang tansah nawekaken perkawis-perkawis ingkang gampil
njalari tiyang kesupen ing bab kayekten, paugeraning gesang lan tataning gesang
ingkang sangsaya mboten cetha njalari tiyang punika gampil nerak tataning
gesang masyarakat, mburu rajabrana kanthi cara-cara mboten leres utawi kanthi
tembung bahasa Indonesia “Menghalalkan segala cara”, lsp. Kamangka para kinasih
pepadhang lan pepeteng punika mboten badhe saged nunggil sesarengan. Kadosdene
nalika kula lan panjenengan nyuwun berkahipun Gusti ananging tanpa lampah ing
kasucen mboten badhe leres.
Nalika Bangsa Israel kapimpin
dening Senopati Yusak kita saged ningali pangandika ingkang mirunggan dhateng
bangsa punika : “Apadene Sang Senapati Yusak ngandika marang para umat: “Padha
sesucia, amarga sesuk Pangeran Yehuwah bakal nindakake kaelokan ana ing
tengahmu.” (Yusak 3:5). Badhe ngersakaken panguwaosipun Gusti ingkang
ngedap-edapi? Kuncinipun kedah kanthi njagi gesang ing kasucen. Menawi kita
purun njagi gesang ing kasucen, benjing punapa panguwaosing Gusti ingkang
ngedap-edapi kebabar? Pangandikanipun Gusti ing ayat ingkang sami ing inggil
ngandikakaken “Benjing”. Tembung benjing ateges badhe enggal kaparingaken
dening Gusti Allah ing gesang kita. Kula lan panjenengan badhe kaparingan
wekdal ningali panguwaosipun Gusti ingkang ngedhap-edhapi ing gesang kita.
Syaratipun namung setunggal kedah njagi kasucening gesang.
Senopati Yusak mboten ngandika: “mbudidayaa
mbokmanawa kowe bisa suci”, ananging panjenenganipun kanthi estu dhawuh : Padha
sesucia (Uripa ing kasucen!) Utawi kanthi tembung sanes “Mratobata”. Kanthi
punika nedahaken bilih gesang ing kasucen mboten namung mandheg ing pepeling
utawi pepenget ananging kedah katindakaken kanthi estu ing sauruting gesang.
Kedah maujud ing salebeting gesang padintenan.
Rasul Petrus ugi nate ngengetaken
dhateng pasamuwan wiwitan, lumantar seratipun ing I Petrus 1:14-16 pangandikanipun
: “Uripmu dikaya bocah kang mbangun
turut, aja nuruti hawa-napsu kang ngwasani kowé nalika kowé isih padha bodho.
Nanging kowé padha dadia suci ing sajroning uripmu, kayadéné Panjenengané kang
suci, kang wis nimbali kowé, sabab ana tulisan mangkéné: Sira padha dadia suci,
jalaran Ingsun iki suci.”
Kadospundhi caranipun supados tansah kasagedaken gesang ing
kasucen?
1)
Ing Kitab pangandharing Toret 28:9 “Pangeran Yehuwah bakal netepake kowe dadi
umate kang suci, kaya kang wus kaprasetyakake kalawan supaos marang kowe,
anggere kowe netepi pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta ngambah ing
dalan pitedahe.” Tegesipun ing lampahing gesang sabenwekdal saksaged-saged
kita tansah gesang miturut kersanipun Gusti lan netepi paugeranipun Gusti
langkung-langkung saged nglairaken pangandikanipun Gusti ing tumindaking
gesang.
2)
Serat rasul Paulus ing kitab Galatia 5:24 “Lan sapa kang dadi kagungané Kristus Yésus,
iku wis nyalib daging dalah sakèhing hawa napsu lan pepénginané”. Liripun
kita sampun katebus dening Gusti Allah awit pangurbananipun Sang kristus Yesus
kita kedah gesang ngawonaken kadagingan ing sauruting lampah lan panggesangan.
Semanten ugi nalika kita badhe
sesarengan nampi tandha katresnanipun Gusti Allah lumantar Sakramen Bujana,
kula lan panjenenan kedah saged njagi kasucening gesang punika kanthi ngugemi
pangandikanipun Gusti ing lampahing gesang lan wanton manggul salibing Sang
Kristus ing senajan awrat nalika kita kedah manggul salibing Sang Kristus.
Amin
No comments:
Post a Comment