Monday, February 19, 2018

NALIKA DHATENGIPUN PARA MAJUS

Mateus 2:1-12

Lembaga Alkitab Indonesia ( LAI ) nyerat ing waosan kasebat ( Mateus 2 : 1-2 ) Terjemahan bahasa Indonesia sehari hari “orang majus dari timur “ Ing Alkitab basa Jawi sinerat “para pandhita”. Sebatan para Pandita punika hambok bilih golongan imam agami utawi tiyang ingkang winasis. Yektinipun sebatan majus punika ingkang langkung trep,  jer majus punika saking tembung majusi , inggih satunggaling taler ing negeri Persia ingkang kapatah dados imaming negeri Perrsia.
Pawartos dhetengipun para majus / pandhita kala wau kapyarsi dhening Sang Prabu Herodes. Manahipun Herodes ajrih lan kwatos menawi ratu ingkang nembe miyos punika samangkeh badhe jongkeng kawibawanipun minangka ratu Yahudi. Penggalihipun sajak boten legawa “ Tan wurunga dhampar keprabonipun kaancam badhe karebat “. Raos ajrih lan kwatos punika nuwuhaken sikap kepengin rerembagan kaliyan para ahli taurat kalebet para Pandhita kala wau.  Sasampunipun cetha nampi katrangan menggah wontenipun bayi ingkang nembe miyos wonten ing tlatah Betlekhem , lajeng Herodes paring dhawuh supados para pandhita enggal enggal bidhal lan niti priksa bab bayi wau. Samangkenipun nalika sampun pinanggih kaliyan bayi kasebat enggal sami caos pawarta dhateng piyambakipun. Sebab piyambakipun inggih badhe sowan coasbekti dhateng Sang Bayi kasebat.
Sasampunipun nampi dhawuh saking Herodes lajeng para pandhita bidal madosi bayi suci. Lintang ingkang sumunar wonten sangginggilipun panggenan Sang Timur punika ingkang anjalari bingahing manahipun para pandhita , awit sampun manggihaken papan ing dipun sedya. Tanpa wigah wigih malih para pandhita lajeng asung semabah bekti dhateng ngarsanipun bayi suci minangka ratu ingkang elok. Kejawi saking punika ugi sami ngaturaken pisung ingkang arupi , mas , kemenyan lan mur.
Sasampinipun sawetawis kaanggep cekap , lan sajakipun inggih nyare wonten papan punika , utawi papan penginepan sacelakipun , kabukten para pandhita kala wau nyumpena utawi ngimpi. Lumantar impenipun para pandhita sami nampi wangsitipun Pangeran  supados anggenipun wangsul dhateng tanah wetan boten perlu sowan dhateng Herodes , mila wangsulipun inggih nglangkungi margi sanes. Para pandhita langkung ajrih dhateng wangsiting Pangeran tinimbang dhateng piwelingipun Herodes. ( ayat 12 ). Milih margi sanes , boten kok tanpa resiko , saupamia kepanggih prajuritipun Herodes , tan wurunga mesthi nampi pitadana. Ewasemanten para pandhita siap ngadepi resiko, lan sajakipun inggih nampi tetingalan menawi gadhah niyat ingkang boten sae tumrap Sang Timur.

POKOK PIREMBAGAN
  1. Semanten temenipun , utawi  semangatipun para pandhita ( badea tebih jarakipun antawisipun Persia dumugi Betlekhem ) ananging boten semplah awit badhe pinanggih ratu sejati. Punapa ingkang saget kita pethik saking lelampahanipun para majus / pandhita kala wau ?  paringana katrangan sacekapipun !
  2. Para majus / Pandhita boten namung tumemen , ananging ugi ajrih dhateng wagsitipun Pangeran ( ayat 12 ) tinimbang piwelingipun Herodes sasampunipun kepanggih kaliyan bayi suci. Prekawis punika kabukten nalikanipun mboten purun sowan wonten ngarsanipun Herodes.  Swawi sami niti priksa bab ajrih dhateng manungsa lelawanan ajrih dhateng Gusti Allah. Wonten ing babagan punapa lan kadospundi cak cakanipun ?
  3. Para majus / pandhita kala wau  sasampunipun kepanggih kaliyan Sang Timur saestu ngraosaken katentreman. Punapa katentreman punika kedah dipun upados wonten satenghing gesang kita ? paringana katrangan sacekapipun.




Pdt. Yusuf Sugino, S.Th

NALIKANIPUN PARA PANGEN DADOS SEKSI

Lukas 2 : 14-21

Ora ana kukus tanpa geni “ ( janji ana pawarta , mesthi ana nyatane. Kukus iku pindhaning pawarta , geni iku pindhaning samubarang  kadadeyan ). Tembung punika kaserat dhening Dra. Wiwin Widyawati R, MA ing buku ETIKA JAWA. Wekdal samangke kita badhe nggatosaken paseksi saking para pangen ingkang sampun mireng pawartos bab wiyosipun Gusti Yesus. Kukus ingkang kemebul dumugi ing ara-ara punika menapa leres wonten geni ingkang murub.
             Pawartos bab rawuhipun Gusti wonten ing jagad punika kapireng ugi dhening para pangen lumantar Malaikatipun Gusti nalikanpun para pangen nembe sami njagi mendhanipun ing ara-ara ( Lukas 2: 8 ). Nalika semanten para pangen sami mboten nggadahi pangandel , awit piyambakipun sami rumaos bilih jejering “ Pangon “ punika asring kirang pikantuk kawigatosan saking sedherek sedherek utawi masyarakat ing kiwa tengenipun. Nampi pawartos ingkang kirang dipun pitadosi punika , pramila lajeng wonten pasarujukan ing antawisaipun pangen setunggal lan setunggalipun. Golong gilig , nyawiji , kepengin mbuktekaken pawartos ingkang katampi punika punapa wonten kasunyatanipun menapa mboten.
Tuwuhing sikap lan krenteg ingkang ageng kangge madosi bayi Yesus , kasunyatanipun saget ngedalaken woh  kanthi manggihaken papan ingkang prasaja , reget lan mambet inggih punika kandang mendha, minangka papan wiyosan dalem Gusti. Sasampunipun sami mangertos perkawis punika lajeng sami dene ngaturaken sembah bekti dhateng Sang Ratu Sejati.
Para pangon tumuli padha bali kalawan memuji lan ngluhurake Allah , marga sabarang kang wis dirungu lan wis dideleng , cocog karo kang wis dipangandikake marang wong wong mau. ( Lukas 2 : 20 ).Kabingahan ingkang tanpa winates karaosaken dhening para pangen.  Saking prekawis punika jebul “ Kukus lan geni “ pawartos lan kedadosan estu saget wonten sambung rapetipun. Tiyang tiyang ingkang sami mireng cariosipun para pangen , mboten wonten ingkang mangu mangu lan sami dene kaeraman. Ewa semanten Maryam namung nyimpen sedaya kedadosan punika wonten telenging manahipun , mboten suka atur biwara dhateng tiyang sanes.  Perkawis sanes ingkang langkung wiyar tebanipun inggih punika pakaryanipun Gusti saestu maujud tumrap jagat lan manungsa ingkang sami kepareng nampi rawuhipun Gusti. Lumantar rawuhipun Gusti kita saget nyumerepi kados pundi Gusti makarya wonten ing jagad punika. Pakaryananipun Gusti dados kabingahan ingkang mirungga dhateng sedaya manungsa dosa ingkang kanthi adreng nampi rawuhipun Sang Pamarta.


POKOK PIREMBAGAN
  1. Tuladha punapa ingkang saget kita pethik saking lelampahanipun para pangen kala wau ?
  2. Perkawis punapa ingkang njalari tiyang kathah ingkang sami mireng cariosipun para pangen punika sami kaeraman, boten maiben ? Punapa ingkang saged dados syaratipun supados sesami kita punika gampil pitados dhateng punapa ingkang kita aturaken ?
  3.  “Ana kukus mesthi ana geni “ kados pundi menawi tembung punika dipun sambung rapetaken kaliyan pengalamaning gesang kita ?
  4. Punapa ingkang njalari Maryam boten kados para pangen ingkang semangat nyariosaken bab miyosipun Sang Mesih , piyambakipun malah nyathet sedaya kedadosan punika wonten ing manahipun. Piwucal sae punapa ingkang saged kita pethik saking sikepipun Maryam ?





Pdt. Yusuf  Sugino, S.Th 

Saturday, February 10, 2018

Bahan Pendadaran

NJAGI KASUCENING GESANG

Firman : Kitab Yosua 3:5

Apadene Sang Senapati Yusak ngandika marang para umat: “Padha sesucia, amarga sesuk Pangeran Yehuwah bakal nindakake kaelokan ana ing tengahmu.”
Para kinasih
Njagi kasucening gesang punika perkawis ingkang awrat. Wiwit manungsa dumawah ing dosa ngantos sepriki kathah tiyang ingkang mbudidaya supados gesangipun tansah suci ananging nyatanipun malah nindakaken lampah ingkang asring cengkah kaliyan kersanipun Gusti. Punapa malih sakpunika ingkang kathah perkawis-perkawis ingkang njalari tuwuhing lampah dosa. Tayangan ing media   dadosa TV, internet, barang-barang elektronik ingkang sangsaya canggih mboten kaginakaken kanthi sakmesthinipun, lsp. Semanten ugi ing babagan gesang saben dinten, menawi wonten tiyang ingkang mboten purun neka-neka lan gesangipun lempeng-lempeng mawon malah asring dipun poyoki lan ditebihi.
Jagad ingkang dados papan kula lan panjenengan gesang tansah nawekaken perkawis-perkawis ingkang gampil njalari tiyang kesupen ing bab kayekten, paugeraning gesang lan tataning gesang ingkang sangsaya mboten cetha njalari tiyang punika gampil nerak tataning gesang masyarakat, mburu rajabrana kanthi cara-cara mboten leres utawi kanthi tembung bahasa Indonesia “Menghalalkan segala cara”, lsp. Kamangka para kinasih pepadhang lan pepeteng punika mboten badhe saged nunggil sesarengan. Kadosdene nalika kula lan panjenengan nyuwun berkahipun Gusti ananging tanpa lampah ing kasucen mboten badhe leres.
Nalika Bangsa Israel kapimpin dening Senopati Yusak kita saged ningali pangandika ingkang mirunggan dhateng bangsa punika : “Apadene Sang Senapati Yusak ngandika marang para umat: “Padha sesucia, amarga sesuk Pangeran Yehuwah bakal nindakake kaelokan ana ing tengahmu.” (Yusak 3:5). Badhe ngersakaken panguwaosipun Gusti ingkang ngedap-edapi? Kuncinipun kedah kanthi njagi gesang ing kasucen. Menawi kita purun njagi gesang ing kasucen, benjing punapa panguwaosing Gusti ingkang ngedap-edapi kebabar? Pangandikanipun Gusti ing ayat ingkang sami ing inggil ngandikakaken “Benjing”. Tembung benjing ateges badhe enggal kaparingaken dening Gusti Allah ing gesang kita. Kula lan panjenengan badhe kaparingan wekdal ningali panguwaosipun Gusti ingkang ngedhap-edhapi ing gesang kita. Syaratipun namung setunggal kedah njagi kasucening gesang.
Senopati Yusak mboten ngandika: “mbudidayaa mbokmanawa kowe bisa suci”, ananging panjenenganipun kanthi estu dhawuh : Padha sesucia (Uripa ing kasucen!) Utawi kanthi tembung sanes “Mratobata”. Kanthi punika nedahaken bilih gesang ing kasucen mboten namung mandheg ing pepeling utawi pepenget ananging kedah katindakaken kanthi estu ing sauruting gesang. Kedah maujud ing salebeting gesang padintenan.
Rasul Petrus ugi nate ngengetaken dhateng pasamuwan wiwitan, lumantar seratipun ing I Petrus 1:14-16 pangandikanipun : “Uripmu dikaya bocah kang mbangun turut, aja nuruti hawa-napsu kang ngwasani kowé nalika kowé isih padha bodho. Nanging kowé padha dadia suci ing sajroning uripmu, kayadéné Panjenengané kang suci, kang wis nimbali kowé, sabab ana tulisan mangkéné: Sira padha dadia suci, jalaran Ingsun iki suci.”
Kadospundhi caranipun supados tansah kasagedaken gesang ing kasucen?
1)      Ing Kitab pangandharing Toret 28:9 “Pangeran Yehuwah bakal netepake kowe dadi umate kang suci, kaya kang wus kaprasetyakake kalawan supaos marang kowe, anggere kowe netepi pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta ngambah ing dalan pitedahe.” Tegesipun ing lampahing gesang sabenwekdal saksaged-saged kita tansah gesang miturut kersanipun Gusti lan netepi paugeranipun Gusti langkung-langkung saged nglairaken pangandikanipun Gusti ing tumindaking gesang.
2)      Serat rasul Paulus ing kitab Galatia 5:24 “Lan sapa kang dadi kagungané Kristus Yésus, iku wis nyalib daging dalah sakèhing hawa napsu lan pepénginané”. Liripun kita sampun katebus dening Gusti Allah awit pangurbananipun Sang kristus Yesus kita kedah gesang ngawonaken kadagingan ing sauruting lampah lan panggesangan.
Semanten ugi nalika kita badhe sesarengan nampi tandha katresnanipun Gusti Allah lumantar Sakramen Bujana, kula lan panjenenan kedah saged njagi kasucening gesang punika kanthi ngugemi pangandikanipun Gusti ing lampahing gesang lan wanton manggul salibing Sang Kristus ing senajan awrat nalika kita kedah manggul salibing Sang Kristus.

Amin

Bahan Pendadaran

PANGENING MENDANIPUN GUSTI
Waosan                : I Petrus 5:1-11
Nats                       : I Petrus 5:7

Antawisipun masalah lan raos kuwatos angel dipunsingkiri ing gesanging manungsa. Kamangka “Kekalihipun” raket sanget sambung rapetipun. Malah antawis setunggal lan setunggalipun daya dinaya lan mujudaken ukara “sebab akibat”
Sanadyan, tiyang ingkang nggadahi masalah saged ugi boten nuwuhaken raos kuwatos, nanging saksintena ingkang nggadahi raos kuwatos, mesthi nuwuhaken masalah ing gesangipun. Pramila pangen ingkang nggatosaken para mendanipun mboten lepat saking raos kuwatos jalaran tumindakipun menda-mendanipun ingkang nalisir saking paugeran.
Wonten ing I Petrus 5:7 tembung “Pasrahna…..” mboten naming awujud janji nanging malah dados dhawuh. Raos kuwatos mboten kita gegeki nanging kedah kita rucat lan kanthi pasrah sumarah dhumateng Gusti.
Menawi raos kuwatos tetep wonten ing gesang kita, ateges taksih nggegeki nalar lan budi kita piyambak dereng masrahaken gesang kita ing panuntuning Roh Suci. Kita kedah emut bilih Gusti Allah mboten nate nilar kita, saengga kita mboten mangkotaken manah bab dosa duraka kita, lan namung menggalih bab paukuman ingkang badhe katampi ing gesangipun. Kados-kados Gusti namung kendel lan mboten makarya.
Kamangka janjinipun Gusti punika ing bab sedaya perkawis badhe dhatengaken berkah lan kasaenan tumrap gesang kita. Sanadyan masalah kita awrat, sauger kita pitados dhumateng Gusti raos kuwatos mboten badhe ndayani ing gesang kita. Pangenipun Gusti punika sae lan nuwuhaken katentreman (Ibrani 13:6).
Pramila saben-saben kita nanggapi suruhanipun Gusti ing pamarek kita wonten Pambujanan suci, kita kaengetaken supados tansah masrahaken gesang kita ing panuntun lan Pakaryanipun Roh Suci awit panuntunipun wujud Pangengen Kadosdene menda ingkang kairid dhanteng pangonan ingkang rumputipun ijem lan kathah toyanipun menawi kraos benter dipunplegungaken ing sakngandhaping wit ingkang ngrembuyung kathah ronipun. Angin semidit boten kendel-kendel kebak ing kabingahan lan katentreman.

Kita mare king ngarsanipun Gusti kanthi kebak ing pangajeng-ajeng ingkang mboten ngloho. Roti lan anggur ingkang kita tampi lan kita tedha saha kita unjuk mujudaken peladosan anggen kita nanggapi suruhanipun Gusti bab pambujanan suci pinangka wujuding Pangengenipun Gusti dhumateng para warganing pasamuwan lumantar Pradataning Pasamuwan ing GKJ Sabda Winedhar. Mugi Gusti mberkahi. Amin

Wednesday, February 7, 2018

Amargi Iman

Ibrani 11:29-12:2


Ing tahun 1968 kawontenaken Olimpiade ing Mexico City.  Satunggaling cabang lomba ingkang kasebat Lari Marathon, wonten satunggaling Atlit ingkang saking Tanzania naminipun John Stephen Akhwari. Pelari punika ngantos sepriki dados inspirasi dening tiyang kathah. Punapa piyambakipun dados juara ing lomba Marathon punika?
Mboten babar pisan, piyambakipun mlebet ing Stadion lomba kemawon sampun rampung lombanipun.

Para juara sampun nampi kalung medali lan ingkang nonton wonten ingkang sampun sami wangsul. Ananging John Stephen tetep mlajeng tumuju ing garis finish, senajan kanthi suku kablebet lan kadangkala mlajengipun kanthi kedengklangan. 
Sukunipun tatu amargi nalika dumugi kilometer 19 saking 42 kilometer ingkang kedah dipunlampahi, piyambakipun dhawah. Sejatosipun panitia sampun menging supados mboten nglajengaken lomba, ananging kanthi tekad ingkang ageng piyambakipun tetep kepingin ngrampungaken lomba punika.
Nalika Akhwari dipuntakeni dening wartawan, kenging punapa tetep nglajengaken lomba kamangka sampun tatu sukunipun? Piyambakipun lajeng mangsuli : “Negaraku ora ngongkon aku kon mlayu 5000 mil thok, ananging aku kon ngrampungke lomba mlayu 5000 mil nganti rampung (finish). Akhwari mangertos tanggel jawabipun minangka atlit, piyambakipun ugi mangertos bilih tetandingan ingkang dipunlampahi punika mboten entheng lan mboten gampil, ananging kedah dipunlampahi ngantos rampung.  Senajan mboten dados juara lan nampi medali, ananging sampun ngrampungaken tanggel jawabipun ing salebeting dherek tetandingan.
Panyerat serat ibrani nggambaraken lelampahaning gesang tiyang pitados punika kadodene wonten ing tetandhingan olahraga. Gusti Allah ngutus kita supados purun nglampahi tetandhingan kadosdene atlit olahraga ngantos ngrampungaken tetandinganipun. Senajan kathah pacoben, rubeda, pepalang, ananging Gusti Allah ngersakaken supados kita tetep ngadhepi lan nindakaken tanggel jawabing iman ingkang sampun kaparingaken dhateng kita.
Mila supados para pitados anggenipun nglampahi tetandhingan iman ing jagad punika wonten tigang perkawis ingkang perlu dipungatosaken : ingkang sepisan,”…….mulane payo padha mbuwang sakebehing momotan sarta dosa kang tansah ngganggu-gawe kita….” Para pitados kadhawuhan supados purun sami nyingkiraken sedaya ingkang njalari raos kuwatos, sumelang, perkawis-perkawis ingkang njalari kendho ing gesang, semanten ugi kedah purun nyingkiraken panguwaosing dosa ingkang badhe nggeret kita ing karisakan. Kaping kalih, “kalawan mantep padha lumayu ing pabalapan kang kawajibake marang kita” tembung mantep nggadahi teges yakin lan tumemen. Kanthi mekaten anggenipun nglampahi pabalapan iman lan gesang kedah kinanthenan yakin, yakin bilih Gusti mbadhe mitulungi lan tumemen nglampahi sakderengipun wekdal tetandhinganipun rampung. Kaping tiganipun, kados ingkang kapangandikakaken ing ayat 2 sedaya ingkang katindakaken kinanthenan mandeng dhumateng Gusti Yesus, ngeneraken sedaya ingkang dipungalih, dipunangen-angen lan katindakaken ing kersanipun Gusti Allah.
Awit paseksining iman ingkang mekaten punika sampun katindakaken dening para tiyang-tyang pitados wiwit jaman Prajanjian lami ngantos dumugi prajanjian anyar (bab 11:29-40). Senajan kados ingkang kajlentrehaken ing ayat-ayat punika (29-40) nalika nindakaken timbalanipun Gusti, kathah rubeda lan pepalangipun ananging sedaya sami dipuntetepi kanthi kebak ing pangajeng-ajeng. Senajan ngantos wonten ingkang dipunsengiti, dipun ajengaken ing pangadilan, dipunaniaya, dipunkunjara ngantos kecalan nyawanipun, ananging sedaya dipuntetepi kanthi bingah. Para utusanipun Gusti sekawit sampun pirsa bilih nalika nglampahi timbalanipun Gusti ing jagad punika awrat ananging Gusti Allah sampun nyadhangaken kamulyan. “Jalaran Gusti Allah wus nyadhiyani kang luwih becik tumrap kita; tanpa kita wong-wong iku ora bisa tumeka ing kasampurnan (ay.40).” 
Pabalapan punika minangka ujianing iman ingkang kedah dipunlampahi ing sauruting gesang ing jagad punika. Saben tiyang pitados mboten saged nyingkiri kewajiban ing pabalapan. Pabalapan punika minangka wujuding tetandhingan iman ing jagad. Sedaya kedah dipunadhepi lan dipunlampahi kanthi kebak ing pangajeng-ajeng. Sauger nalika nglampahi pabalapan punika tansah mandeng Gusti Yesus Kristus mesthi badhe nampi berkah ing gesang lan badhe nampi makuthaning gesang langgeng.
 

Gesang ing patunggilanipun Gusti

Yokanan 14:23-29

Mujudaken gesang ing patunggilanipun Sang Kristus punika perkawis ingkang asring angel kita wujudaken. Saksisihipun amargi karingkihaning daging kita, ananging ugi awit pepalang, tantangan ingkang kita adhepi ing kiwa tengen kita ugi mboten entheng. Dadosa awit benten ing kapitadosan punapadene perkawis-perkawis sanesipun.
Wonten ing Yokanan bab 14 mirunggan ing ayat 23-29 punika minangka panutup piwulangipun Gusti Yesus dhumateng para muridipun nalika Panjenenganipun sesarengan kembul bujana ingkang pungkasan. Ing ayat punika wonten kalih perkawis ingkang perlu kita gatosaken.
NETEPI PITUTURKU”
Pangandikanipun Gusti Yesus ingkang kaserat ing ayat 23 punika minangka wangsulan saking Panjenenganipun nalika wonten satunggaling muridipun ingkang nami Yudas (sanes Yudas iskariot ingkang nembe kemawon nilar kempalan punika-ayat 22). “Gusti, sebabipun punapa dene Paduka badhe nglairaken sarira Paduka dhateng kawula sadaya, lan mboten dhateng jagad?”
Wangsulanipun Gusti Yesus ing ayat 23 punika ngemu kalih perkawis ingkang sepisan: Panjenenganipun badhe ngemutaken dhateng para murid bilih soksintena tiyang ingkang pitados lan nindakaken dhawuh pangandikanipun Gusti badhe tinampi dening Allah pribadi. Kaping kalihipun Panjenenganipun ngengetaken dhateng para murid bab nresnani Panjenenanipun. Mila menawi kasambetaken kaliyan ayat 24, Gusti Yesus ngaturaken kosokwangsulipun “sing sapa ora tresna marang Aku, iku ora netepi pituturKu; lan pituturKu kang kokrungu iku ora saka Aku, nanging saka Sang Rama kang ngutus Aku”. Liripun Gusti Yesus badhe nandhesaken nresnani Panjeneganipun ateges ugi nresnani Gusti Allah ingkang sampun ngutus Keng Putra.
Kalih perkawis punika menawi kajingleng langkung bebles, piwulang ingkang kaparingaken dhateng para murid punika piwulang ingkang ageng inggih piwulang bab gesang ing katresnan. Menawi para murid sagah ngraos-raosaken langkung lebet gesang ingkang kawengku ing katresnan, para murid badhe tansah tetunggilan kaliyan Panjenenganipun.
Pramila adhedhasar ingkang mekaten, para murid mboten perlu sumelang menawi Panjenenganipun nilar para murid. Malah kedahipun perkawis punika dados dasar anggenipun tansah kebak ing kabungahan kados ingkang kapangandikakaken ing ayat 28.

“RAWUHIPUN SANG JURU PANGLIPUR – PUNAPA TEGESIPUN ?
Perkawis tetunggilan kaliyan Panjenenganipun nalika Panjenenganipun taksih sesarengan wonten ing jagad punika temtu mboten perkawis ingkang angel tinampi. Awit sacara kadagingan Panjenenganipun taksih saged dipuntingali, karangkul lan aben ajeng sabendinten. Nanging kadospundhi menawi tetunggilan punika tanpa wonten wujudipun?
Gusti Yesus ngandika “Nanging Sang Juru Panglipur, iya iku Sang Roh Suci, kang bakal diutus dening Sang Rama atas jenengKu, iku kang bakal mulangake samubarang……………………….” (ayat 26).
Sang Panglipur badhe rawuh saksampunipun Gusti Yesus nilar Para Murid, lan lumantar Sang Panglipur punika ingkang nyagedaken para murid mangertos lan tansah enget pangandikanipun lan piwulangipun Gusti Yesus tansah gesang ing gesangipun para murid lan saben tiyang ingkang pitados dhateng Panjenenganipun.
Ing basa Yunani ingkang kasebat Juru Panglipur punika sinebat “Parakletos” . “Para” tegesipun celak; “kletos” tegesipun ingkang kasuwun pambiyantunipun nalika wekdal dungkap ngadhepi perkawis. Kanthi mekaten Sang “Parakletos”  tinimbalan ngamping-ngampingi, mitulungi lan dados “Pembela” ing ngajenging jagad. Juru Panglipur punika minangka kekiyatan ingkang rawuh ing tengah-tengahing para tiyang pitados ingkang nampi Gusti Yesus lan pakaryanipun ingkang milujengaken. Injil Yokanan mbereg lan ngengetaken supados para tiyang pitados tansah ngraosaken rawuhipun minangka kekiyatan nalika ngadhepi mawerni-werni perkawis lan panguwaosing pepeteng. Kanthi mekaten cetha bilih pakaryanipun Sang Juru Panglipur nyata ing gesang kita senajan kita dereng mangertos punapa ingkang kita suwun ing ngarsanipun.
Ingkang perlu kita gatosaken lumantar pangandikanipun Gusti Yesus punika kadospundhi kita piyambak tansah tinarbuka tumrap pakaryanipun saben wekdal. 

KPKA 5 Pamuji Konjuk Gusti

1
Pinuji puji Gusti kang nitahken jagad raya
Nggih siyang dalah ratri tansah luber sihrahmatnya,
Donya gingsir wah sirna sihnya langgeng slaminya
2
Pinuji puji Gusti nggih Allah kang Mahamirah,
pra umat kang ngabekti tinuwukken klayan berkah,
salir ingkang pinanggya dados margining begja.
3
Pinuji-puji Gusti Hyang Maluhur Mahasuci,
kang nucekken manungsa srana tinebus sing dosa,
wah tinuntun mring swargi mrih kraharjan sejati.

KPKA 4 Haleluya

1
Haleluya Pangeran aneng papan pamujan
pinujia asmanya dalah aneng akasa,
wit Gusti Allah Makwasa kamulyannya Ma Adi
ngungkuli kang gung edi munggwing swarga lan ing bumi.
2
Linuhurna Hyang Agung klayan sagunging kidung,
binarung salir gangsa wah kang ngungelken swara,
geguritan dalah beksa makluk kang darbe nyawa,
ngluhurna Hyang Makwasa sru ngidungna Haleluya

KPKA 3 Gusti Allah Andel-Andel Sejati

1
Nyawaku pujinen Allah Gusti mulyakna tansah
slawase sinungan umur luhurna srana masmur
krana tuking kraharjan yekti namung Pangeran.
2
Andel-andel kang sejati sajuga yeku Gusti,
salir jalma tanpa daya kwasane enggal sirna,
tyang kang ngayom mring Allah tansah rinoban berkah.
3
Allah kang nitahken jagad kasetyane tan kendhat,
mbela tyang kinaniaya nulungi tyang sangsara,
njejegken kaadilan ngluwari pra lelaran.
4
Pangeran Allah Maasih ngrojongi tyang kang ringkih,
mbombong tyang sisah manahnya nyarasken tyang kang wuta,
tyang mursid den kasihi wah ngrukti tyang ketrini.
5
Pangeran jumeneng raja pangrehe ing slaminya,
tan nguciwakken kang nenga gya nylametken urnatnya,
sagunging tyang pracaya ngidungna Haleluya.

KPKA 2 Allah Mbabarken Kwasanya

1
Allah mbabarken kwasanya pra kang nglawan kasirnakna lir lilin kenging brama,
nging gung tyang mursid raharja memuji lan sukarena ngarseng Allah Mamulya,
Pangeran jumeneng Rama tumrap salir tyang sangsara
ngluwari tyang siniya temahan ngraosken begja
dene tyang wangkot mbalela siniksa bebendunya.
2
Allah mbelani pra umat ngagem sarana mukjijad wah salir kang neng jagad,
Pangeran ngrentahken berkah kang ngrimat sagunging titah temah kraharjan anjrah,
wit kadarmaning Pangeran tyang tinindhes kaluwaran,
datan wonten panandhang ing rehing ratu kaswargan,
yeku kang wadya balanya tyang nyebar kabar adya
3
Allah ratu kaadilan wus ngasorken pra adigang temah kasurang-surang,
nging tyang ringkih ingauban pinaringan gung kabegjan karoban kaluberan,
Gusti miji pasucennya papan puruging manungsa, samya saos pisungsung
konjuk mring Allah Maagung dalah kang swau mbalela nggih samya asung puja.
4
Allah Juru Slamet yekti ngentas pra umat sing pati temah samya basuki,
para umat kang ngabekti dalah salumahing bumi samya nggunggung mring Gusti,
sestu Allah Maha luhur yogya pinuji lan masmur, nungkula neng ngarsanya
wit mung Gusti Kang Makwasa, yeku kang ngganjar kamulyan wah paring kakiyatan.

KPKA 1 Allah Maha Kwasa

1
Bumi dalah saisinya kang nitahken yeku Gusti
tinalesan srana samodra tumumpang ing kali kali
yekti Allah Maha kwasa yogya tansah pinuji puji.
2
Kang kepareng ngabyantara aneng pedaleman suci,
kang resik tangan wah manahnya, tan nate dosa ing lathi,
yeku tyang mursid sanyata setya tansah dumugeng janji.
3
Berkahing Pangeran tumrah mring tyang ajrih asih yekti,
gesang tentrem rahayu tansah wit kaadilaning Gusti,
tyang kang tansah ngudi Allah kangen Gusti rina lan wengi.
4
Gapuraning Padaleman kangkata mrih omber sestu,
krana Sang Ratuning kamulyan badhe langkung tindak mlebu,
yeku Gustining kaswargan Kang Mahakawasa Allahmu.

Kidung Pasamuwan Jawi no 8


Kidung Pasamuwan Jawi no 7


Sunday, February 4, 2018

Lumantar Iman kita Nampi Warisan

Purwaning Dumadi 15:1-6


Prasetyanipun Gusti Allah punika langgeng lan nyata ing sauruting umat pilihanipun kalebet kula lan panjenengan. Anamung perkawisipun, sikap lan panampi kita ingkang kirang pitados tumrap babaring prasetyanipun Gusti punika, ingkang asring njalari tuwuhing raos kuwatos lan ajrih.
Kuwatos lan ajrih dhateng bab-bab ingkang taksih dereng kelampahan lan dereng kebabar ing prasetyanipun Gusti ing gesang.
Malah kepara asring kita dados tiyang ingkang adigang, adigung lan adiguna (ngendelaken kekuwatane, kaluhurane lan kapinterane). Kamangka saben wekdal menawi kita raosaken, Gusti Allah mboten nate negakaken gesang kita. Panjenenganipun tansah nggatosaken umat kagunnganipun,senajan kita piyambak dereng kantenan saben wekdal dados umat ingkang sembada. 
Ing yuswa sepuhipun Rama Abram kalimputan raos ajrih lan kuwatos.  Kamangka menawi kita gatosaken, Rama Abram punika kagolong tiyang ingkang dipunberkahi Gusti ing bab rajabrana lan lampahing gesang. Gusti Allah piyambak ingkang muwuhi cacahing rajabrana ing satengahing brayatipun. Semanten ugi bab kasetyanipun ibu Sarai lan para abdnipun sampun kabukten. Menawi kita gatosaken ugi ing bab 14, rama Abram kaparingan kadigdayan dening Gusti Allah awit piyambakipun saged ngawonaken para Ratu ing tanah Wetan lan mitulungi Lut penakanipun. Saksampunipun lelampahan ingkang mekaten, mbokbilih wonten ing pangangen-angening Abram nalika nggatosaken bilih ngantos yuswa sepuhipun dereng dipunparingi putra ingkang kaprasetyakaken dening Gusti, piyambakipun lajeng ajrih lan kuwatos malih. Ajrih lan kuwatos, sinten mangkenipun ingkang badhe marisi rajabrananipun. “Kanggo apa rajabrana iki kabeh nek pungkasane ora ana sing takwirisi?”
Pramila ing ayat setunggal bab 15 punika, Gusti Allah paring pangandika : “Sira aja wedi Abram, Ingsun iki tetamengira, ganjaranira bakal luwih dening gedhe”. Senajan Yehuwah Allah sampun mratelakaken prasetyan ingkang mekaten, ananging amargi ingkang dipunantu-antu bab anak punika dereng kelampahan, mila ing ayat 2 Rama Abram ngunjukaken pangudaraos. “Dhuh Yehuwah Allah, kawula badhe Paduka paring punapa? Dene anggen kawula tilar donya punika badhe tanpa anak, temtunipun Eliezer tiyang Damsyik punika ingkang badhe nggadahi sabarang darbek kawula.”  Raos ajrih lan kuwatosipun Rama Abram inggih punika sinten ingkang badhe marisi rajabranipun menawi ngantos yuswa sepuhipun dereng nggadah lare kados ingkang kaprasetyakaken dening Gusti Allah.
Kadospundhi tiyang ingkang sampun yuswa sepuh lan awit sampun dangunipun anggenipun ngantu-antu prasetyanipun Gusti tetep jejeg ing pitados, menawi prasetyan punika dereng kelampahan? Angel pancen, mbokbbilih kula lan panjenengan mboten badhe saged nglampahi gesang ingkang mekaten. Namung bab iman punika pancen mboten badhe saged dipunothak-athik sacara nalar. Awit pracaya punika ateges masrahaken sawetahipun (pasrah bongksokan), punapa kemawon ingkang kelampahan ing gesang dhumateng Gusti. Punika ingkang kasebat IMAN (Ibrani 11: 1)
Nalika Abram taksih gondelan ing pikajengipun piyambak (ayat 3), Gusti Allah nandesaken prasetyanipun malih “Dudu iku kang bakal dadi ahli-warisira iya iku kang lair saka sira dhewe”  lan nedahaken dhateng Abraham : “Sira tumengaa marang ing langit lan lintange etungen, yen sira bisa ngetung cacahe”. “iya semono bakal cacahe turunira” Gusti Allah paring pralambang dhateng Rama Abram, bilih semanten agenging tedhak turunipun ing tembe. 
Awit prasetyanipun Gusti ingkang mekaten punika mila pungkasan ing ayat waosan kita, Rama Abram nedahaken kumandelipun dhumateng Yehuwah Allah. “Rama Abram kumandel marang Sang Yehuwah, mangka iya iku kang kaetang dening Yehuwah dadi kasampurnane”
Para kinasih ing patunggilanipun Gusti
Wontenipun anak ing satengahing brayat punika pancen satunggaling perkawis ingkang baken ing kabudayan pundhi kemawon. Lan wontenipun turun punika minangka satunggaling cara kangge marisaken barang darbekipun tiyang sepuh (mirunggan dhumateng Rama Abram). Namung pitakenanipun, punapa inggih namung mekaten  punika ginane wonten anak? punapa namung nampi warisan (rajabrana) ?
Miturut kersanipun Gusti mboten namung cekap menawi tiyang sepuh saged marisi rajabrana kadonyan (materi), ananging rajabrana kaswargan punika ingkang perlu dipungatosaken. Awit rajabrana kadonyan tundhonipun telas lan risak, lan njalari anak mboten gampil mandiri ananging rajabrana karohanen sifatipun langgeng.
Rama Abram mungkasi raos kuwatosipun, kanthi pitados sawetahipun dhumateng Gusti. Pambangun turut ingkang katedahaken dening panjenenganipun punika minangka warisan ingkang adi dhateng tedhak turunipun. Gusti Allah ngersakaken bilih kathah tiyang lajeng dados tiyang-tiyang pitados kadosdene Abram ingkang sampun pitados dhateng Gusti.

POKOK PIREMBAGAN :
1.       Perkawis punapa ingkang biasanipun njalari tuwuhing raos kuwatos ing gesang saben wekdal?
2.       Punapa biasanipun ingkang katindakaken nalika ngraosaken raos kuwatos, supados raos punika mboten njalari awrat? (Mboten kepareng atur wangsulan ingkang sesambetan kaliyan tumindak karohanen)

3.       Menawi nate ngalami perkawis ingkang kados dipunlampahi Rama Abram, kasuwun bagekaken paseksi ing panyuraosing Kitab Suci wekdal punika?  

Patraping Gesang ing Pungkasaning Jaman

2 Petrus 3:8-15a

Serat 2 Petrus punika ngengetaken dhateng kula lan panjenengan bab prasetyan rawuhipun Gusti ingkang asring kasebat parousia (saking basa Yunani ingkang ateges kehadiran). Benjing punapa parousia punika badhe kelampahan? Ing ayat 8 kasebataken sewu taon sami sedinten utawi sedinten sami sewe taoun ing paningalipun Gusti (bnd. Maz 90:4). Amargi rawuhipun (parousia) Gusti punika ingkang pirsa namung Gusti lan minangka wewenang (otoritas) kuwaosipun Gusti Allah. Rasul Petrus mendhet pangandikanipun Gusti Yesus bab dinten rawuhipun Gusti punika kadosdene maling (Matius 24:42-43). Tanda ingkang nggegirisi  “….dina iku langit bakal sirna kanthi swara gemuruh nggegirisi sarta dhedhasaring wujudinng donya bakal lebur kaobong sarta bumi lan kabeh kang ana ingkono bakal ilang sirna.” Pangandikanipun Gusti punika pancen dados kawigatosan tumraping pasamuwan wiwitan, ing pundi para pendherekipun sami ngantu-antu rawuhipun. Miturut para ahli tafsir sakderengipun Gusti rawuh ingkang kaping kalih pancen badhe kelampahan kawontenan-kawontenan ingkang nggegirisi punika. Pangandika punika pinitados awit pasamuwan wiwitan ngadhepi panganiaya ingkang awrat. Ananging mbokbilih amargi prasetyan bab rawuhipun Gusti punika dangu mboten kelampahan pramila lajeng wonten saperangan pasamuwan ingkang nggadahi panganggep bilih janji punika namung janji palsu, Gusti Allah kaanggep mblenjani.
Rasul Petrus nyebataken perkawis punika mboten ateges badhe ngajrih-ajrihi pasamuwanipun, ananging malah badhe ngengetaken bab gesang ingkang kedah tansah katindakaken sakderengipun dinten rawuhipun Gusti kelampahan. Lampahing gesang kadospundhi ingkang kinersakaken anggenipun pasamuwan ngantu-antu rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih punika?
1.       …..aja kelalen prakara siji iki….(ay.8)” Pasamuwan kabareg ngengeti bilih wekdal ingkang katemtokaken dening Gusti punika ingkang pirsa namung Gusti. Wekdal ingkang lumampah punika mboten kaukur saking etang-etanganing manungsa. Ingkang pinesthi wekdal rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih badhe kelampahan Gusti Allah mboten badhe mblenjani prasetyanipun. Ingkang perlu pun gatosaken kadospundhi anggenipun gesang minangka tiyang pitados ing jagad punika. Orang Kristen harus "menanti-nantikan" atau "mengamati" hari itu dengan penuh pengharapan.
2.       “……supaya uripmu suci sarta mursid….(ay.11)” Gesang suci lan mursid punika dados sarana kita njagi gesang ingkang murni ing ngarsanipun Gusti. Gesang suci lan mursid punika minangka sarana sesambetan kita kaliyan Gusti ingkang suci. kekristenan, kados ingkang kelampahan ing sejarahipun, asring katindakaken namung minangka agama lan tradisi karohanen ingkang tanpa woh. Asring ingkang katindakaken punika namung lelamisan (munafik) lan tanpa welas asih. Ingkang  sinebat gesang suci lan mursid punika kedah katedahaken miturut kersanipun Gusti trep kaliyan ingkang kadawuhaken dening Gusti. Kadosdene ingkang kaserat dening Rasul Petrus ugi ing seratipun : “…..Sira padha dadia suci, jalaran Ingsun iki suci.” (1 Petrus 1:16) Ingkang sinebat gesang suci lan mursid punika ugi mboten namung ingkang dipuntingali dening tiyang sanes, ananging kedah kawiwitan saking manah, pamikiran, pangangen-angen, pitembungan, sikap lajeng katedahaken ing lampahing gesang. Menawi punika kawiwitan saking manah ingkang kawengku ing Roh, mesthi ingkang kalairaken mesthi ugi sae lan maedahi tiyang sanes. Mboten badhe dhatengaken bilai lan kuciwa dhateng tiyang sanes.
3.       “……padha nganti-anti marang langit…..(ay.13)” Sami ngantu-antu langit anyar lan bumi kang anyar. Tegesipun nalika ngantu-antu ing salebeting mujudaken rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih kanthi cara :
a.       Tetep nindakakaken tugas timbanlanipun Gusti mujudaken kebabaring kratoning Allah lan martosaken Injil dhateng sedaya titah ingkang dereng tepang kaliyan Gusti (bnd Mat 24:14 bnd Yoh 9:4).
b.      Tetep dedonga lan atur paseksi bab pangajeng-ajeng rawuhipun Gusti inggih pangajeng-ajeng ingkang nyata wontenipun prastawa rawuhiun Gusti. (bnd Mat 6:10; Why 22:20).
4.       “…..padha mbudidayaa supaya tinemu tanpa cacad sarta tanpa blentong ana ing ngarsane kalawan tentrem rahayu.(ay.14)” Ing salebeting ngantu-antu rawuhipun Gusti Yesus mbetahaken kawigatosan ing iman lan ing tumindak, nyata ing karohanen lan kajasmanen. Sampun ngantos kanthi sengaja tumindak ingkang njalari kuceming asmanipun Gusti. 

Ngantu-antu dhateng rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih kedah nyrambahi ing gesang padintenan. Punapa mawon ingkang dados ayahan lan profesi ingkang dipunlampahi  ing jagad punika minangka sarana ngluhuraken Gusti Yesus. Tiyang Kristen ingkang estu nelakaken katresnanipun dhumateng Gusti kedah saged nedahaken pangantu-antunipun kanthi nyata. Senajan rawuhipun Gusti mboten kita mangertosi benjing punapa kelampahan. Ananging Rasul Petrus mulang dhateng pasamuwan supados tansah mbudidaya lan tetep gesang ing salebeting kayekten. Temah nalika dinten rawuhiun Gusti punika kelampahan, tiyang Kristen mboten kapanggihaken tumindak ingkanng cengkah kaliyan kersanipun Gusti.  Mugi kita sedaya tetep tegen lan sabar sarta jumaga kanthi nedahaken sikaping gesang ingkang trep kaliyan kersanipun Gusti selaminipun kita ngantu-ngantu rawuhipun ingkang kaping kalih.



 POKOK PIREMBAGAN :
  1. Kadospundhi kita mujudaken gesang suci lan mursid ing padintenan?
  2. Kadospundhi caranipun supados kita tansah kasagedaken ngupadi gesang ingkang timbang (imbang) antawisipun sacara tata karohanen kaliyan kajasmanen?
  3. Kadospundhi kita ngadhepi kawontenan ing pungkasaning jaman sakpunika kanthi kacatingal karohanen kados ingkang kinersakaken dening Gusti?